Kadhung Diantebi
Mitra-mitrane
sasekolahan nyebut kliwat olehe ngeloke. Malah ana sing ngarani uripe sajroning
dongeng. Utopis, nanging embuh piye, dheweke manteb karo sikepe sing saiki.
“Yen ngono carane menggalih, mangsa
arepa owah,” ngono aloke Suwanta mitrane jejer meja. “Kudune rada fleksibel.”
“Lha aku
kon piye?”
“Kanca-kanca
saangkatan panjenengan, wis padha diangkat dadi Kepala Sekolah. Malah wis pira
bae sing kasil nglungguhi kursi Pengawas Sekolah.”
“Nasibe
uwong rak beda-beda.”
“Bener,
Pak Tegar. Nanging nasib bisa owah karana manungsa gelem usaha.”
“Njur
aku kon usaha piye? Nganyul-anyul nyang ndhuwuran ben diangkat dadi Kepala?”
“Ya ora
ngono,” punggele Suwata anyel. “Paling ora, yen ana kalodhangan, dimanfaatke.
Mesthine iya tetep ngliwati prosedhur apa mesthine.”
“Panjenengan
yakin jaman saiki isih ana prosedhur apa mesthine?”
Suwanto
njengkerutake bathuk, trima ora nerusake caturan. Lha wong mung rembugan “sinambi
liwat” kok digawe serius banget-banget. Mula pepuntoning rembug hiya mung tekan
semono. Ora nate ana “kelanjutan” apa ta apa. Malah kala-kala dlewer dadi
guyonan lan clelekan.
“Galo
pirsanana Pak Tegar. Olehe nyambut gawe saya sregep bae,” aloke sawijine kanca.
“Jelas
ta. Lha wong arep dadi Kepala Sekolah, kok.”
Tegar
dhewe, sing dening kanca-kanca kenthele asring diparabi Pak Pandhita mung bisa
nyekekek. Babar pisan tanpa sanggan.
Pancen
ora kok jeneng umuk apa maneh nduwa pakem kodrat. Yen dheweke gelem
ubyang-ubyung kaya kanca-kancane, melu ndhusal-ndhusul ngajokake lamaran
ngiseni formasi lowongan jabatan Kepala Sekolah, gedhe pangarep-arepe bisa
katut. Awit meh kabeh wong ngerti, yen sepak terjange wis tekan tingkat
nasional. Lha banjur sing digoleki Kepala Sekolah sing kaya ngapa yen paraga
sing wis jelas trade marke
disingkirake ?
Nanging
dudu Tegar yen ora duwe slaga aneh-aneh. Nalika kepalane lan wong-wong sakiwa
tengen sing ngeman marang nasibe padha mrayogakake supaya dheweke melu gawe
usulan, ature Tegar entheng wae.
“Insya
Allah taun ngajeng.”
“Taun
ngajeng sing endi? Kayane biyen, limang taun kepungkur, Pak Tegar nate semakta
taun ngajeng. Saiki, wis makaping-kaping ana kesempatan, kok mung taun
ngajeng-ngajeng bae.”
Maneh-maneh
Tegar mung glegesan. Lan mengko, yen kabeh wong wis mojokake, dheweke banjur
sumaur kanthi kepenak.
“Mpun
saniki ngeten mawon. Sinten sing badhe maringi jabatan dhateng kula, Kepala
Sekolah, Penilik, Pengawas, mriki kula tampi. Ning menawi ken pados-pados
jabatan, menapa malih kedah rebatan sesami kanca, kula dereng saged nglampahi.”
“Lho ora
ngono carane menggalih, Pak Tegar. Seleksi kanggo milih lan nemtokake Kepala
Sekolah utawa jabatan liyane iku mujudake kompetisi sehat. Kanthi seleksi mau,
bisa dikawruhi sapa sing pantes nglungguhi jabatan.”
Kanggo
milih pemimpin-pemimpin sing bermutu selaras karo ajuning jaman, sistem seleksi
pancen apik. Nyatane, paraga-paraga sing nduweni prestasi becik ora mung para
senior bae. Dalah yumiore uga ora kurang. Ora sathithik kalangan enom sing
nduweni kapabilitas kanggo mimpin
sawijine lembaga utawa unit kerja.
Nanging
tumprape Tegar beda maneh, jabatan iku sawijine sanggan sing abot, yen kurang
pangati-atine bisa ngeblegi awake dhewe. Lan kaya dene pedhang pusaka, yen
olehe namakake ora ngati-ati, bisa mbilaeni wong sing ora samesthine dadi
kurban. Apa maneh yen olehe nggunakake linandhesan nepsu angkara, o, sida kukud
jagad iki.
Tegar
nate maca buku, durikala jaman sugenge para Sahabat, paraga-paraga sing kapilih
dadi pemimpin padha nggendring kapiandreng. Awit mungguhe para siasat perang
Khandhak, nangis-nangis emoh nglungguhi jabatan Gubernur. Ewadene pungkasane
nyekel panguwasa minangka Gubernur, Salman Alfarizi emoh diblanja dening
negara. Omah dinese mung awujud kothakan kaya kandhang jangkrik, sing lawange
yen kanggo mlebu metu kudu ndhungkluk awit sundhul sirah. Nalika sedane, Salman
Alfarizi ora ninggal waris bandha donya, kejaba piring sing kanggo ajang lan
sawetara cangkir sing saben dinane kanggo ngombe. Iku wae, nalika ngarepake
ajal, Salman Alfarizi nangis, kuwatir bandha tinggalan iku bakal ngrendheti lan
ngeboti olehe sowan marang Gusti Allah.
Lha
saiki, saben ana lowongan jabatan siji bae, sing arep ngleboni kumbrubut. Kabeh
ngrasa luwih pinter, luwih hebat, luwih sampurna. Kurang-kuranga, jabatan
didadekake barang dagangan. Sapa wani mbayar larang, iya iku sing nduweni. Apa
wong-wong sing melu ngleboni sayembara pilih akhlake luwih mulya tinimbang akhlake
Para Sahabate Kanjeng Nabi.
Lucune,
bareng oleh-olehe maca buku iku dicritakake marang kanca-kancane, dheweke malah
digeguyu entek-entekan,
“Iku rak
jaman biyen, Pak Tegar. Jamane Para Sahabat. Saiki jamane wis beda. Beda-da!”
Jaman
beda. Kahanan owah. Nanging apa ukume Gusti Allah uga owah?”
“Walaaah,
rasah dhuwur-dhuwru. Sing realistis bae.”
“Bener,
sing realistis bae.”
“Realistis
wae lah!”Batine Tegar brontak. Apa iku realistis? Jabatan dienggo rebutan,
jabatan dienggo dagangan, realistis? Tegar gebes-gebes. Atine wis kadhung
ngantebi keyakinan, yen mbeburu kalungguhan iku sawijine pantangan.
Pungkasane,
dina-dina iku lumaku kaya adate. Tegar tetep sregep nyambut gawe minangka
kuwajibane nafkahi anak bojo lan netepi minangka abdine negara. Ora ana
owah-owahan ing uripe Tegar. Nagnti lumuten, nasibe ajeg bae. Ewa semana
sregepe ora nate kendho.
(Pustaka Candra Vol.24
No. 12 Maret 2006)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar