bee

Senin, 30 Juni 2014

Sarung

Sarung

Saka kulon katon sawijining pawongan sing satemene uga dakenteni tekane wong dhek sore wis dakwelingake simboke.
“Kene, Dar!”,alokku mbagekake karo bali mapan lungguh maneh.
“Enggih, Pak Guru. Matur Nuwun!”
Kadar, nom-noman sing lagi teka kuwi nuli mapan lungguh ing kursi. Awake sing gethot dhempal mung dibuntel kaos singlet methethet, memerake lengene sing kebak otot lan direnggani tato. Sisih kiwa mawa gambar endhas macan dene sing tengen digambari naga. Ora mung kuwi sing nyebabake blegere katon serem. Rambut sing dawane ngranggeh pundhak esuk kuwi mung diore, ora ditaleni karet gelang kaya biyasane.
“Terose Emak, Pak Guru nimbali kula?”,pitakone tanpa basa-basi.
“He’eh. Anu, Dar, awkmu apa gelem upama takwenehi hadhiyah sarung? Isih  anyar gres, kok, durung mambu menungsa!”
“Ha inggih mesthi purun, ta, Pak. Wong diparingi”, wangsulane bocah tukang mendhem kuwi kanthi praupan tanpa ekspresi. Anyep.
“Aku melu bungah, lho, weruh awakmu wiwit gelem saba mesjid”
“Njenengan kok ngertos, sing sanjang sinten?”
“Ra eneng sing ngandhani, wong nalika traweh mau bengi aku manggon persis neng mburimu”
“Napa mergi kula ngangge clana niku, lajeng njenengan sukani sarung? Pak Guru mesthi nginten nek kula boten gadhah sarung. Napa ngonten?”
“Lha awakmu duwe apa ora?”, aku males takon.
“Gadhah, nanging nggih niku, namung setunggil. Gantung kepuh. Ndilalah wingi siyang niku diompoli ponaan kula. Dados wau dalu kepeksa clanan”
Kadar mungkasi olehe guneman. Aku mikir sedhela, nuli “
“Kejaba sarungmu mung siji, kiraku awakmu uga ora duwe kethu, wong saben kepethuk nalika kendhuren sirahmu ajeg gundhulan. Mengko bae bubar asar mreneya maneh taktambahi kopyah”
“Nanging rambut kula kados ngeten niki, napa kenging dikupluki?”
“Kuwi perkara gampang. Luwih dhisik rambutmu talenana karet gelang diekor kudha terus ditekuk munggah. Sawise kuwi lagi dinggoni kpyah”
“O...kados Sule sing teng OVJ nika?”,panyaute karo ngguyu.
“He’eh, ya kaya ngana kae. Mathuk ta?”
“Ha enggih empun, nek ngonten. Sakniki kula tak manthuk riyin. Ajeng ngrencangi Bapak, ngarit!”, ucape karo nampani sarung saka tanganku.
Nom-noman sing ana ing desa kondhang ndhugale kuwi mungkur tanpa ngaturake panuwun babar pisan. Kosok balen karo Kang Paidi mau kang bola-bali atur panuwun lan pamitan. Ora dadi apa, wong pancen bocah kempra kaya ngono, ora ngerti suba sita. Sing gawe gumunkum saiki kok wis gelem ngrewangi ngarit barang. Mangka saweruhku dheweke kuwi mung tukang kluyuran karo kanca-kanca sabarakane. Embuh wis kaping pira olehe gawe kisruh lingkungan. Saka ma lima, kiraku kok kabeh wis dilakoni.
Nalika aku bali mlebu ngomah, sisihanku njedhul saka lawang butulan.
“Kae mau kok kaya swarane Kadar?”
“Iya. Wong olehku meling wingi supaya mrene esuk, dadi mesthi kepethuke”
“Sarunge wis sida diparingke?”
“Uwis. Malah mengko sore takkongkon mrene maneh arep taktambahi kupluk”
“Kang Paidi barang....?”
“Ora, wong kethune Kang Paidi isih apik. Kadar rak pancen ra duwe!”
Wayah sorene aku lagi nyirami kembang ngiras “ngabuburit” jare sedulur Sundha, Kadar sida teka nuhoni janjine dhek esuk. Kaya sing kadadeyan esuk mau, dheweke uga banjur ngunclug mulih sawise nampani kpyah, tanpa ngucap matur nuwun babar pisan.
“Mangke dalu nek teng mesjid kula damele!”, ya mung ukara kuwi sing kawetu saka lambene sing uireng kakehan ngemut rokok.
Wektu sholat Isyak isih rada suwe nalika aku munggah tlundhag masjid. Maune aku ngira yen tekaku mesthi dhisik dhewe jalaran jamaah liyane mesthi lagi ketungkul olehe nutugake buka sing durung rampung jalaran kesusu melu sholat Magrib neng masjid.
Nanging pangiraku jebul mlesed. Saka kadohan katon ana wong lanang lungguh sila ijen tanpa rowang persis ana ing ngarep mihrab.
“Assalamu’alaikum!”
Pawongan mau noleh karo mangsuli salamku. Kaget, gawok, gumun, campur karo rasa bungah bareng weruh sapa dheweke. Kadar ! Nom-noman sing ing desa kondhang olehe bedigasan lan tukang ngisruh kuwi polatane katon seje ora kaya biyasane. Bengi kuwi kok olehe ketara resik sumringah, malah saka panyawangku katon sumunar gilar-gilar senajan kulite sing soklat nyedhaki ireng ora kena didhelikake. Epek-epekku sing kumlawe ngajak salaman enggal disaut lan masya Allaaahhh...,nganggo diambung nganti suwe.
Panjebar Semangat No 37 11 September 2011





Kadhung Diantebi
            Mitra-mitrane sasekolahan nyebut kliwat olehe ngeloke. Malah ana sing ngarani uripe sajroning dongeng. Utopis, nanging embuh piye, dheweke manteb karo sikepe sing saiki.
            “Yen ngono carane menggalih, mangsa arepa owah,” ngono aloke Suwanta mitrane jejer meja. “Kudune rada fleksibel.”
“Lha aku kon piye?”
“Kanca-kanca saangkatan panjenengan, wis padha diangkat dadi Kepala Sekolah. Malah wis pira bae sing kasil nglungguhi kursi Pengawas Sekolah.”
“Nasibe uwong rak beda-beda.”
“Bener, Pak Tegar. Nanging nasib bisa owah karana manungsa gelem usaha.”
“Njur aku kon usaha piye? Nganyul-anyul nyang ndhuwuran ben diangkat dadi Kepala?”
“Ya ora ngono,” punggele Suwata anyel. “Paling ora, yen ana kalodhangan, dimanfaatke. Mesthine iya tetep ngliwati prosedhur apa mesthine.”
“Panjenengan yakin jaman saiki isih ana prosedhur apa mesthine?”
Suwanto njengkerutake bathuk, trima ora nerusake caturan. Lha wong mung rembugan “sinambi liwat” kok digawe serius banget-banget. Mula pepuntoning rembug hiya mung tekan semono. Ora nate ana “kelanjutan” apa ta apa. Malah kala-kala dlewer dadi guyonan lan clelekan.
“Galo pirsanana Pak Tegar. Olehe nyambut gawe saya sregep bae,” aloke sawijine kanca.
“Jelas ta. Lha wong arep dadi Kepala Sekolah, kok.”
Tegar dhewe, sing dening kanca-kanca kenthele asring diparabi Pak Pandhita mung bisa nyekekek. Babar pisan tanpa sanggan.
Pancen ora kok jeneng umuk apa maneh nduwa pakem kodrat. Yen dheweke gelem ubyang-ubyung kaya kanca-kancane, melu ndhusal-ndhusul ngajokake lamaran ngiseni formasi lowongan jabatan Kepala Sekolah, gedhe pangarep-arepe bisa katut. Awit meh kabeh wong ngerti, yen sepak terjange wis tekan tingkat nasional. Lha banjur sing digoleki Kepala Sekolah sing kaya ngapa yen paraga sing wis jelas trade marke disingkirake ?
Nanging dudu Tegar yen ora duwe slaga aneh-aneh. Nalika kepalane lan wong-wong sakiwa tengen sing ngeman marang nasibe padha mrayogakake supaya dheweke melu gawe usulan, ature Tegar entheng wae.
“Insya Allah taun ngajeng.”
“Taun ngajeng sing endi? Kayane biyen, limang taun kepungkur, Pak Tegar nate semakta taun ngajeng. Saiki, wis makaping-kaping ana kesempatan, kok mung taun ngajeng-ngajeng bae.”
Maneh-maneh Tegar mung glegesan. Lan mengko, yen kabeh wong wis mojokake, dheweke banjur sumaur kanthi kepenak.
“Mpun saniki ngeten mawon. Sinten sing badhe maringi jabatan dhateng kula, Kepala Sekolah, Penilik, Pengawas, mriki kula tampi. Ning menawi ken pados-pados jabatan, menapa malih kedah rebatan sesami kanca, kula dereng saged nglampahi.”
“Lho ora ngono carane menggalih, Pak Tegar. Seleksi kanggo milih lan nemtokake Kepala Sekolah utawa jabatan liyane iku mujudake kompetisi sehat. Kanthi seleksi mau, bisa dikawruhi sapa sing pantes nglungguhi jabatan.”
Kanggo milih pemimpin-pemimpin sing bermutu selaras karo ajuning jaman, sistem seleksi pancen apik. Nyatane, paraga-paraga sing nduweni prestasi becik ora mung para senior bae. Dalah yumiore uga ora kurang. Ora sathithik kalangan enom sing nduweni kapabilitas kanggo mimpin sawijine lembaga utawa unit kerja.
Nanging tumprape Tegar beda maneh, jabatan iku sawijine sanggan sing abot, yen kurang pangati-atine bisa ngeblegi awake dhewe. Lan kaya dene pedhang pusaka, yen olehe namakake ora ngati-ati, bisa mbilaeni wong sing ora samesthine dadi kurban. Apa maneh yen olehe nggunakake linandhesan nepsu angkara, o, sida kukud jagad iki.
Tegar nate maca buku, durikala jaman sugenge para Sahabat, paraga-paraga sing kapilih dadi pemimpin padha nggendring kapiandreng. Awit mungguhe para siasat perang Khandhak, nangis-nangis emoh nglungguhi jabatan Gubernur. Ewadene pungkasane nyekel panguwasa minangka Gubernur, Salman Alfarizi emoh diblanja dening negara. Omah dinese mung awujud kothakan kaya kandhang jangkrik, sing lawange yen kanggo mlebu metu kudu ndhungkluk awit sundhul sirah. Nalika sedane, Salman Alfarizi ora ninggal waris bandha donya, kejaba piring sing kanggo ajang lan sawetara cangkir sing saben dinane kanggo ngombe. Iku wae, nalika ngarepake ajal, Salman Alfarizi nangis, kuwatir bandha tinggalan iku bakal ngrendheti lan ngeboti olehe sowan marang Gusti Allah.
Lha saiki, saben ana lowongan jabatan siji bae, sing arep ngleboni kumbrubut. Kabeh ngrasa luwih pinter, luwih hebat, luwih sampurna. Kurang-kuranga, jabatan didadekake barang dagangan. Sapa wani mbayar larang, iya iku sing nduweni. Apa wong-wong sing melu ngleboni sayembara pilih akhlake luwih mulya tinimbang akhlake Para Sahabate Kanjeng Nabi.
Lucune, bareng oleh-olehe maca buku iku dicritakake marang kanca-kancane, dheweke malah digeguyu entek-entekan,
“Iku rak jaman biyen, Pak Tegar. Jamane Para Sahabat. Saiki jamane wis beda. Beda-da!”
Jaman beda. Kahanan owah. Nanging apa ukume Gusti Allah uga owah?”
“Walaaah, rasah dhuwur-dhuwru. Sing realistis bae.”
“Bener, sing realistis bae.”
“Realistis wae lah!”Batine Tegar brontak. Apa iku realistis? Jabatan dienggo rebutan, jabatan dienggo dagangan, realistis? Tegar gebes-gebes. Atine wis kadhung ngantebi keyakinan, yen mbeburu kalungguhan iku sawijine pantangan.
Pungkasane, dina-dina iku lumaku kaya adate. Tegar tetep sregep nyambut gawe minangka kuwajibane nafkahi anak bojo lan netepi minangka abdine negara. Ora ana owah-owahan ing uripe Tegar. Nagnti lumuten, nasibe ajeg bae. Ewa semana sregepe ora nate kendho.
(Pustaka Candra Vol.24 No. 12 Maret 2006


Kadhung Diantebi

Kadhung Diantebi

            Mitra-mitrane sasekolahan nyebut kliwat olehe ngeloke. Malah ana sing ngarani uripe sajroning dongeng. Utopis, nanging embuh piye, dheweke manteb karo sikepe sing saiki.
            “Yen ngono carane menggalih, mangsa arepa owah,” ngono aloke Suwanta mitrane jejer meja. “Kudune rada fleksibel.”
“Lha aku kon piye?”
“Kanca-kanca saangkatan panjenengan, wis padha diangkat dadi Kepala Sekolah. Malah wis pira bae sing kasil nglungguhi kursi Pengawas Sekolah.”
“Nasibe uwong rak beda-beda.”
“Bener, Pak Tegar. Nanging nasib bisa owah karana manungsa gelem usaha.”
“Njur aku kon usaha piye? Nganyul-anyul nyang ndhuwuran ben diangkat dadi Kepala?”
“Ya ora ngono,” punggele Suwata anyel. “Paling ora, yen ana kalodhangan, dimanfaatke. Mesthine iya tetep ngliwati prosedhur apa mesthine.”
“Panjenengan yakin jaman saiki isih ana prosedhur apa mesthine?”
Suwanto njengkerutake bathuk, trima ora nerusake caturan. Lha wong mung rembugan “sinambi liwat” kok digawe serius banget-banget. Mula pepuntoning rembug hiya mung tekan semono. Ora nate ana “kelanjutan” apa ta apa. Malah kala-kala dlewer dadi guyonan lan clelekan.
“Galo pirsanana Pak Tegar. Olehe nyambut gawe saya sregep bae,” aloke sawijine kanca.
“Jelas ta. Lha wong arep dadi Kepala Sekolah, kok.”
Tegar dhewe, sing dening kanca-kanca kenthele asring diparabi Pak Pandhita mung bisa nyekekek. Babar pisan tanpa sanggan.
Pancen ora kok jeneng umuk apa maneh nduwa pakem kodrat. Yen dheweke gelem ubyang-ubyung kaya kanca-kancane, melu ndhusal-ndhusul ngajokake lamaran ngiseni formasi lowongan jabatan Kepala Sekolah, gedhe pangarep-arepe bisa katut. Awit meh kabeh wong ngerti, yen sepak terjange wis tekan tingkat nasional. Lha banjur sing digoleki Kepala Sekolah sing kaya ngapa yen paraga sing wis jelas trade marke disingkirake ?
Nanging dudu Tegar yen ora duwe slaga aneh-aneh. Nalika kepalane lan wong-wong sakiwa tengen sing ngeman marang nasibe padha mrayogakake supaya dheweke melu gawe usulan, ature Tegar entheng wae.
“Insya Allah taun ngajeng.”
“Taun ngajeng sing endi? Kayane biyen, limang taun kepungkur, Pak Tegar nate semakta taun ngajeng. Saiki, wis makaping-kaping ana kesempatan, kok mung taun ngajeng-ngajeng bae.”
Maneh-maneh Tegar mung glegesan. Lan mengko, yen kabeh wong wis mojokake, dheweke banjur sumaur kanthi kepenak.
“Mpun saniki ngeten mawon. Sinten sing badhe maringi jabatan dhateng kula, Kepala Sekolah, Penilik, Pengawas, mriki kula tampi. Ning menawi ken pados-pados jabatan, menapa malih kedah rebatan sesami kanca, kula dereng saged nglampahi.”
“Lho ora ngono carane menggalih, Pak Tegar. Seleksi kanggo milih lan nemtokake Kepala Sekolah utawa jabatan liyane iku mujudake kompetisi sehat. Kanthi seleksi mau, bisa dikawruhi sapa sing pantes nglungguhi jabatan.”
Kanggo milih pemimpin-pemimpin sing bermutu selaras karo ajuning jaman, sistem seleksi pancen apik. Nyatane, paraga-paraga sing nduweni prestasi becik ora mung para senior bae. Dalah yumiore uga ora kurang. Ora sathithik kalangan enom sing nduweni kapabilitas kanggo mimpin sawijine lembaga utawa unit kerja.
Nanging tumprape Tegar beda maneh, jabatan iku sawijine sanggan sing abot, yen kurang pangati-atine bisa ngeblegi awake dhewe. Lan kaya dene pedhang pusaka, yen olehe namakake ora ngati-ati, bisa mbilaeni wong sing ora samesthine dadi kurban. Apa maneh yen olehe nggunakake linandhesan nepsu angkara, o, sida kukud jagad iki.
Tegar nate maca buku, durikala jaman sugenge para Sahabat, paraga-paraga sing kapilih dadi pemimpin padha nggendring kapiandreng. Awit mungguhe para siasat perang Khandhak, nangis-nangis emoh nglungguhi jabatan Gubernur. Ewadene pungkasane nyekel panguwasa minangka Gubernur, Salman Alfarizi emoh diblanja dening negara. Omah dinese mung awujud kothakan kaya kandhang jangkrik, sing lawange yen kanggo mlebu metu kudu ndhungkluk awit sundhul sirah. Nalika sedane, Salman Alfarizi ora ninggal waris bandha donya, kejaba piring sing kanggo ajang lan sawetara cangkir sing saben dinane kanggo ngombe. Iku wae, nalika ngarepake ajal, Salman Alfarizi nangis, kuwatir bandha tinggalan iku bakal ngrendheti lan ngeboti olehe sowan marang Gusti Allah.
Lha saiki, saben ana lowongan jabatan siji bae, sing arep ngleboni kumbrubut. Kabeh ngrasa luwih pinter, luwih hebat, luwih sampurna. Kurang-kuranga, jabatan didadekake barang dagangan. Sapa wani mbayar larang, iya iku sing nduweni. Apa wong-wong sing melu ngleboni sayembara pilih akhlake luwih mulya tinimbang akhlake Para Sahabate Kanjeng Nabi.
Lucune, bareng oleh-olehe maca buku iku dicritakake marang kanca-kancane, dheweke malah digeguyu entek-entekan,
“Iku rak jaman biyen, Pak Tegar. Jamane Para Sahabat. Saiki jamane wis beda. Beda-da!”
Jaman beda. Kahanan owah. Nanging apa ukume Gusti Allah uga owah?”
“Walaaah, rasah dhuwur-dhuwru. Sing realistis bae.”
“Bener, sing realistis bae.”
“Realistis wae lah!”Batine Tegar brontak. Apa iku realistis? Jabatan dienggo rebutan, jabatan dienggo dagangan, realistis? Tegar gebes-gebes. Atine wis kadhung ngantebi keyakinan, yen mbeburu kalungguhan iku sawijine pantangan.
Pungkasane, dina-dina iku lumaku kaya adate. Tegar tetep sregep nyambut gawe minangka kuwajibane nafkahi anak bojo lan netepi minangka abdine negara. Ora ana owah-owahan ing uripe Tegar. Nagnti lumuten, nasibe ajeg bae. Ewa semana sregepe ora nate kendho.

(Pustaka Candra Vol.24 No. 12 Maret 2006)




Jumat, 20 Juni 2014

Mbangun Istana ing Awang-Awang

Mbangun Istana ing Awang-Awang

Abunawas durung mulih. Jare bojone dheweke lagi nindakake laku suci bebarengan klawan sawijining pendhita lan wong ahli Yoga. Mangka dinane Raja Harun Al Rasyid pengin banget ketemu klawan Abunawas. Ora liya magepokan klawan rencanane sang Baginda mbangun istana ing awang-awang. Mbangun istana ing awang-awang? Ora ngegumunake, merga sawenehing raja-raja negara kiwa tengen Istana Baghdad wis pada mbangun Rbangunan-bangunan kang ngedab-edabi uga.
Ora wurung, Raja Harun Al Rasyid banjur utusan nggoleki Abunawas nganti ketemu. Sang Raja seneng banget penggalihe nalika Abunawas wis kasil disowanake ing ngarsane. Nganti-nganti Abunawas diajak gojeg lan ngobrol ngalor ngidul. Lan sawise cukup anggone bawarasa, Raja Harun Al Rasyid banjur nelakake rencanane.
“Abunawas, aku pengin banget duwe istana ing awang-awang amrih aku luwih kondhang saka raja-raja kang ana. Apa kowe bisa mbantu Abu?”
“Istana ing awang-awang?” Abunawas mung mikir karo kukur-kukur sirahe sing ora gathel.
“Abu....” pandangune Raja dibaleni maneh ngagetake panglamune Abunawas.
“E...anu...mboten wonten ingkang mboten saged dipun leksanakaken ing donya menika Gusti” wangsulane Abunawa nyoba nyenengake Ratu Gustine.
“Yen ngono tak pasrahake kabeh tugas iki marang kowe” prentahe Raja Harun Al Rasyid marem.
Abunawas kaget! Dheweke getun geneya ngomong sakencandhake mung dhimen nyenengake Raja Harun Al Rasyid mau. Nanging senajan getun, tembung kang wis dipirengake Raja Harun Al Rasyid ora bisa ditarik maneh. Yen diselaki ateges ukuman pati bakal ditampa Abunawa. Abunawas saiki kepeksa kudu bisa mawujudake pepenginane Raja Harun Al Rasyid.
Abunawas dadi bingung...bingung...lan bingung...!Lambene ditapuki dhewe merga wis lancang nyaguhi pamundhute Raja Harun Al Rasyid. Aja maneh kok mbangun istana ing langit, mbangun gubuge dhewe wae nglengkara kok. Apa maneh Raja Harun Al Rasyid mung paring wektu suwene seminggu. Rasane ora ana tanggungan urip kang luwih abot kanggone Abunawas kejaba ngemban dhawuhe Raja Harun Al Rasyid. Mung Gusti Allah wae kang bisa nyembadani kekarepane Raja Harun Al Rasyid, mangkono grenenge Abunawas...
Dina-dina lumaku kaya biasane. Ora ana kang ditindakake Abunawas kejaba mikirake amrih Raja Harun Al Rasyid dadi yakin yen kang dibangun iku temen-temen istana ing langit. Sakabehing pikirane ditokake lan digathuk-gathukake. Kepara Abunawas uga nyoba ngeling-eling wektu nalika cilikane ndhisik. Nganti wusanane dheweke lagi kelingan jamane dolanan layangan mbiyen. Lan ya bab iki kang ndadekake Abunawas girang. Abunawas ora mbuwang-mbuwang wektu maneh. Abunawas bebarengan klawan sawenehing kancane banjur nggawe layangan raseksa. Layangan kuwi banjur digambari lawang sarta cendhela lan rerenggan liyane. Nalika sakabehe wis rampung, Abunawas banjur ngumbulake layanga raseksa kasebut saka sawijining panggonan kang dirahasiakake.
Ora lidok, bareng layangan raseksa kang awujud istana kuwi mumbul ing awang-awang, penduduk sanegara padha umyeg. Kabeh padha ngungun ana istana kok ing awang-awng. Semono uga Raja Harun Al Rasyid girang ora karuan. Apa bener Abunawas kasil mbangun istana ing langit? Kanthi ora sranta panjenengane diampingi sawenehing nayaka praja lan prajurit padha gegancangan nemoni Abunawas.
“Gusti ingkang minulya, istana Paduka sampun rampung” pambagyane Abunawas nalika dirawuhi Raja Harun Al Rasyid.
“Kowe pancen hebat tenan Abunawas” pangalembanane Raja Harun Al Rasyid ora entek-entek.
“Matur suwun Gusti...matur suwun...” wangsulane Abunawas andhap asor.
“Banjur piye carane aku mrana Abu?” pandangune sang Raja.
“Kanthi migunakake tambang Gusti” ujare Abunawas.
“Yen ngono siapna tambange saiki. Aku pengin enggal ndeleng istanaku saka cedhakan” prentahe Raja Harun Al Rasyid ora sabar maneh.
“Wadhuh pangapunten Gusti, kawula kala wingi kesupen masang tambang menika. Saengga kanca kula kantun wonten ngrika lan mboten saged mandhap malih” ature Abunawas.
“Lho, kowe dhewe? Nganggo apa anggonmu mudhun menyang bumi?” pandangune Raja Harun Al Rasyid isih bingung.
“Kanthi migunakaken swiwi Gusti!” jawabe Abunawas sakepenake.
“O..ngono? Yen ngono aku gawekna swiwi kareben bisa mabur mrana” prentahe Raja Harun Al Rasyid.
“Pangapunten Gusti ingkang minulya, swiwi menika namung saged kaciptakaken ing pangimpen kemawon” ature Abunawas njlentrehake.
“Karepmu ki piye? Aku mbok anggep wong edan kaya kowe sing senengane ngimpi ngono pa piye?” bentake Raja Harun Al Rasyid sinambi mencereng.
“Nuwun inggih Gusti. Kirang langkung kados mekaten” jawabe Abunawas kendel banget.
“Hah, apa karepmu?” pandangune Raja Harun Al Rasyid santak.
“Gusti Harun Al Rasyid pirsa ta menawi mbangun istana ing awang-awang menika pakaryan ing mustahil. Nanging panjenengan tetep paring printah kawula amrih nindakake, lan kawula tetep nyagahi dhawuh Panjenengan dalem ingkang mboten tinemu nalar menika” ature Abunawas nyoba ngyakinake Raja Harun Al Rasyid.
Tanpa pamit Raja Harun Al Rasyid mak klepat nedya bali menyang istanane. Abunawas mung ngejejer wae sinambi nyawang layangan gaweyane kang ngawang ing awang-awang.
“Satemene sapa ing antarane kita sing edan?” pandangune Raja Harun Al Rasyid wiwit jengkel.
“Kawula kinten kita kekalih ingkang sami-sami mboten saras Gusti” jawabe Abunawas tanpa kuwatir.

Pisan iki Raja Harun Al Rasyid bener-bener kewirangan.

Pakdhe Jono

Pakdhe Jono

            Wong tuwa setengah umur sing duwe jeneng Pakdhe Jono kuwi ing sekolahan akrab banget karo sapa wae. Wong-wong sing kapinujon mlaku lan simpangan karo dheweke mesthi mantuk, mesem, sajak rumaket banget. Pancen ora ana wong sing duwe rasa wedi marang dheweke. Pakdhe Jono iku dudu guru, dudu kepala sekolah, uga dudu pejabat, wong mung dhapur sawijining tukang kebon.
            Yen katandhing wong-wong liyane ing sekolahan kono, pagaweyane Pakdhe Jono iku klebu kang paling asor dhewe. Kena diumpamakna dheweke kuwi dadi sikil sing saben dina diplayokake kanggo kongkonan mrana-mrene. Sawayah-wayah yen ana barang kumliwer ing sekolahan dadi tanggung jawabe, kudu diresiki. Senajan mangkono Pakdhe ora duwe rasa ngresula. Sakabehing pakaryan mau ditampa minangka sawijining sesanggeman sing kudu diayahi.
            Pakdhe Jono uga ora rumangsa gela atine, senadyan wis mataun-taun anggone nyambut gawe ing papan kono, nanging saben ana angkatan pegawe nganti saprene durung nate katutu. Kangone Pakdhe jroning urip iki satemene dudu drajat pangkat utawa bandha donya kang diupadi. Nanging katentremaning batin. Jalaran ya amung jroning swasana tentrem ngono kuwi, rasa bisa sumeleh saengga bisa ngabekti marang Gusti Kang Merba Jagad.
            Saben dina Pakdhe Jono mesthi tangi esuk banjur reresik sekolahan. Sadurunge bocah-bocah sekolah lan para guru teka, plataran sekolahan lan ruang guru wis katon resik tumata. Kabeh mau ditindakake kanthi sembada tanpa ana rasa kapeksa. Pakdhe uga ora nate mbantah yen diprentah dening para guru utawa kepala sekolah.
            “Pakdhe Jono, njaluk tulung tukokna rokok neng tokone Bu Parti, kandha yen sing kongkon aku, dhuwite keri,”prentahe Pak Slamet, guru kesenian ing sekolahan kono.
            “Enggih, Pak,” sambunge Pakdhe Jono sing wektu iku lagi resik-resik laboratorium.
            Dikandhani yen dhuwite keri, Pakdhe Jono banjur ngunclug menyang tokone Bu Parti. Pancen Pakdhe Jono wis apal, yen Pak Slamet kuwi nekek banget menyang rokok. Dheweke ora bisa mulang yen ora karo udut. Mula yen tanggal tuwa ngono kuwi mesthi bon rokok menyang tokone Bu Parti. Nganti sing duwe toko wekasane apal. Mula Pakdhe Jono sing wektu iku dikongkon dening Pak Slamet uga digawani rokok. Adate sauger tanggal nom kabeh bon-bonane mesthi dilunasi.
            Sawise menehake rokok marang Pak Slamet, Pakdhe Jono mbacutake pakaryane dina iku, resik-resik laboratorium. Pakaryan dadi tukang kebon ngono kuwi satemene kalebu sawijining pakaryan kang abot tumrap wing saumur-umurane. Saben dina kudu tandang gawe sing ora entheng. Nanging Pakdhe wis kulina urip sengsara, uga wis ora kaget. Mangan kurang nyandhang cingkrang wis dadi sega jangan lan pakulinan ing saben dinane.
            Pancen wiwit cilik Pakdhe Jono wis komplit anggone ngrasakake kasangsarane urip kang matumpa-tumpa. Nalika isih enom lan durung nyambut gawe ana sekolahan kono, dheweke tau melu main ludrug, pindhah saka tobong siji menyang tobong liyane. Nalika semana ludrug pancen diangep sawijining tontonan mirunggan, awit kejaba kanggo panglipuring ati, uga kena kanggo nggugah semangat. Mula ora aneh nalika jaman penjajahan ludrug kena kanggo wadhah perjuwangane para mudha sing kepengin labuh negara. Malah kanthi kidungane Cak Durasim “Pangupon omahe dara, melu Nipon tambah sara” ludrug entuk papan ing atine rakyat kala semana.
            Nanging bareng klwana owah gingsiring kahanan, saya suwe ludrug saya kesisih saka pasrawungan. Ora beda adoh karo grup ludrug liyane, ludruge Pakdhe Jono uga bubar. Senadyan mangkono getih senine Pakdhe Jono ora garing. Dheweke banjur ngumbara ngulon parane menyang tlatah Yogyakarta. Kanggo nyalurake krenteging jiwane minangka seniman, Pakdhe Jono nggabung karo sawijining grup kethoprak. Ing kono dheweke ketemu karo sawijining bocah wadon aran Trisni kang saiki dadi sisihane.
            Rumangsa wis duwe tanggung jawab nguripi kulawarga, Pakdhe Jono banjur mboyong Trisni bojone menyang Tulungagung, kutha kelairane. Kebeneran dheweke duwe tangga sing dadi kepala sekolah. Pakdhe Jono terus dikon dadi tukang kebon ing sekolahan kono nganti saprene. Senajan asile ora mingsra, nanging kanggone Pakdhe Jono ana sing kanggo mblanja Trisni ing saben dinane. Trisni dhewe tujune uga kalebu nriman. Sewulan diblanja saanane ngono wae uga ora tau ngresula. Kanggo ngrewangi bojone supaya cukup, Trisni ora sungkan-sungkan nggawa pametune tegal menyang pasar saperlu diijolake kabutuhaning urip ing saben dinane.
            Sing njalari Pakdhe krasan ing sekolahan kono ora ana liya perkara gamelan. Ing sekolahan kono ana gamelan rong rancak, pelog lan slendro. Saben wektu gamelan iku dienggo latihan dening para guru lan murid sing rumangsa tresna marang kesenian tinggalane leluhure mau. Saben krungu swara gamelan ngumandhang, atine Pakdhe krasa tentrem. Getih senine kaya ginugah mili, nggeterake jantunge. Pakdhe Jono uga banjur melu-melu nabuh gamelan. Yen wis ngono kuwi wewayangan nalika dheweke isih melu main ludrug lan kethoprak bali nggodha ati. Ing sekolahan kono Pakdhe Jono kaya entuk papan kanggo ngembangake krenteging jiwane minangka seniman.
            Nanging emane ing alam donya iki ora ana samubarang kang langgeng. Nalika sekolahan iku direhab, gamelan banjur dikukuti, dilebokake gudhang. Wekasane ruangan sakawit kanggo nggelar gamelan, katut kanggo ruangan sekolahan. Sawise sekolahan rampung direhab, kanggone Pakdhe Jono saben dina mung lumaku kanthi rasa sepa, awit ing kono terus wis ora keprungu maneh swara gamelan.
            Yen pinuju ngaso, Pakdhe Jono nyoba nyedhaki bocah-bocah sekolah sing lagi njajan ing kantine Bu Marto. Pakdhe Jono ngelus dhadha saben-saben takon menyang bocah-bocah SMP kuwi, pranyata siji bae wis ora ana sing seneng marang seni tradhisional Jawa. Kesenian tinggalane leluhure kuwi jebul wis dianggep barang kuna, sing mung kari pantes dideleh ing museum.
            “Damel napa Dhe ngapalaken jeneng wayang, sing penting pinter basa Inggris, ngerti komputer, gampang golek gaweyan. Ora ngerti jeneng wayang ora patheken.” Ngono wangsulane bocah-bocah kuwi saben Pakdhe Jono takon.
            “Pancen yen kanggo golek gawean sarate akeh-akehe kudu ngono, pinter komputer, wasis basa Inggris. Nanging yen kanggo hiburan apa kowe uga ora seneng ngrungokake gendhing-gendhing Jawa?”Pakdhe Jono isih terus mlesih.
            “Ah, gendhing-gendhing Jawa kuwi kuna, Pakdhe. Yen butuh hibutan ya rock, nyanyi karo lunjak-lunjak katon sigrak. Utawa ndhangdut, sing goyangane bisa ngobahake jagad. Gendhing Jawa marahi ngantuk.”
            Pakdhe Jono terus trima ngalih, banjur kluntrung-kluntrung nyedhaki sanggar tari sebelah sekolahan. Ing kono, wayah ngono kuwi adate Bu Erni ngajar tari. Pakdhe Jono pengin nonton tari-tarian Jawa sing wis ditepungi. Ning ana kono ya terus ngelus dhadha maneh. Jebul Bu Erni saiki sing diwulangake ya dudu tari tradisi, nanging tari kreasi. Kuwi njalari atine Pakdhe Jono saya keranta-ranta.
“Lare-lare, kok, boten dipunwucal tari tradisi ta, Bu?” pitakone Pakdhe Jono diwanek-wanekake nalika Bu Erni rampung mulang.
“Kesuwen, Pakdhe. Saiki wis angel ngrembaka. Beda karo tari kreasi, kejaba luwih gampang uga akeh sing seneng,” sambunge Bu Erni entheng.
Pakdhe Jono saya keranta-ranta. Kepengin banget rasane dheweke mrangguli dumadine owah-owahan ing sekolahan kono. Saben dina krungu swara gamelan sing ditabuh para guru lan bocah-bocah.ing sanggar tari ana maneka warna beksa tari tradisi kaya biyen kae. Nanging apa kekuwatane Pakdhe Jono kanggo mujudake kabeh mau, jalaran dheweke iku mung sawijining tukang kebon. Saupama dheweke iku guru, mesthi bakal mulang murid-muride ngenani seni tradisi sing wis kondhang adiluhung kae. Nanging sepisan maneh dheweke kuwi mung tukang kebon.
Ing sawijining dina, sekolahan kono katekan guru anyar. Guru mudha sing mulang basa Jawa. Pakdhe nyicil ayem. Duwe pangarep-arep guru anyar kuwi bakal bisa gawe gebragan anyar. Paling ora, jumbuh karo sing diwulangake yaiku bahasa Jawa, guru anyar sing duwe jeneng Pak Asmoro kuwi rak bakal mulang gendhing-gendhing Jawa marang murid-muride. Kanthi mangkono ora suwe maneh mesthine gamelan sing sasuwene iki diglethake ana gudhang uga bakal kagelar maneh, lan saben dina kanggo latihan, terus saben dina ing kono keprungu kumandhange swara gamelan kaya biyen.
Pakdhe Jono krasan ana sekolahan. Saben wektune senggang, terus jagongan karo Pak Asmoro, tukar kawruh ngenani seni tradisi. “Miturut panjenengan, menapa crita wayang menika taksih perlu dipunwucalaken dhateng murid SMP, Pak Guru?”
“Wah, nggih taksih, Pakdhe. Awit ngemu piwulang sae. Saking crita wayang saged angsal gambaran awon-sae kangge mbentuk budi pekerti,” wangsulane Pak Asmoro.
Saka anggone omong-omongan iku, Pakdhe bisa nggagapi guru anyar kuwi ketoke uga gedhe kawigatene marang seni tradisi. Kapan embuh wayahe, dheweke mesthi bakal gawe gebrakan kanggo ngangkat nasibe seni tradisi lan ing sekolahan kono bakal keprungu maneh ngumandhange swara gamelan.
Pak Asmoro sing mulang basa Jawa kuwi pancen iya pengin gawe owah-owahan. Kekarepane mau dikandhakake marang pihak sekolahan. Pranyata disetujoni dening kepala sekolah lan guru-guru senior. Nanging emane, gebragane guru anyar kuwi ora bali nggelar gamelan, malah gamelan rong rancak sing ana gudhang iku didol banjur diijolake drumband.
Pakdhe Jono bali ngelus dhadha. Embuh, wis kanggo sing kaping pira.


(Panjebar Semangat No. 31, 1 April 2007)

HP

HP

            Kelas Napoleon geger. Sasuwene iki kelas VII Napoleon kawentar bocahe pinter-pinter lan ora tau nganeh-anehi. Kabeh guru seneng lan menehi pangalembana dening murid kelas Napoleon, amarga bocahe bener-bener disiplin lan ngugemi tata tertib kang ngatur kelas.
            Nanging awan iki murid-murid nangis, amarga awit saka jame Pak Hamdani ora ngolehi bocah siji wae metu saka kelas, kejaba bocah sing kebelet pipis nganti HP-ne Edo sing ilang ketemu.
            “Pak sampun wancinipun!” Dewi murid sing kawentar paling kendel protes.
            “Bapak ngerti! Nanging yen HP durung dibalekne kabeh ora oleh bali.”
            “Nanging rak nggih rugi, Pak kanggene sing boten nyolong!” Tiwik uga protes. Dheweke banjur ngetokake Hp-ne dhewe sing modhel anyar nganggo kamera sing regane telung yuta. Ora maido! Tiwik pancen anake wong sugih. Bapake wae Ketua DPRD dadi babagan bandha keluwih-luwih.
            “Pak Ham, dinten wancinipun les dalem nyuwun dispensasi,” Winarko bocah sing pinter dhewe sakelas kuwi uga ngadeg.
            “Kula wancinipun latihan musik, Pak,”unine Risky karo ngacungake tangan.
            Pak Hamdani wali kelas Napoleon unjal ambegan dawa. Banjur rundhingan karo Bu Erna sing wektu kedadean ilange HP-ne Edo iki pas jam pelajaran sejarah sing gurune Bu Erna.
            “Kados pundi, Bu. Kula kok jibeg. Yen lare-lare diwangsulaken ateges perkawis punika mboten tuntas dinten menika lan barang bukti saged boten kepanggih. Nanging, menawi lare-lare dipuncandhet sedaya ateges wonten ingkang rugi,” Pak Hamdani nyawang Bu Erna sing rupane pucet.
            “Lha, tas sedaya sampun digledhah. Kelas sampun dicek nanging HP boten wonten,” Bu Erna banjur nyekeli bathuk. Dumadakan Bu Ani rawuh. Guru sing paling sepuh ana SMP iku marani Pak Hamdani lan Bu Erna.
            “Lho kok durung kondur. Ana apa?” alise Bu Ani gathuk.
            “Anu, Bu. Punika lho, HP ical. Sampun dipunpadosi boten panggih,”semaure Bu Erna.
            “Ooo...sampun dipadosi wonten jawi?”
            “Dereng, Bu.”
            “Wis, bocahe daktunggune. Coba Bu Erna kaliyan Pak Ham operasi wonten sakitere sekolah. Kula yakin HP taksih wonten sekolahan.”
            Bu Ani banjur mlebu kelas Napoleon. Bu Ani iki pancen guru sing nyungkani banget. Ditresnani dening murid-muride, amarga piyantune sabar, murah esem nanging uga disiplin. Carane nangani muride mung nganggo katresnan.
            “Edo, coba mrene, Nak!”
            Edo enggal ngadeg banjur nyedhaki Bu Ani sing nyawang dheweke antep.
            “Mbok seleh endi HP mau? Jam pira ngertine yen ilang?”
            “Wonten tas, Bu. Ngertosipun bakda ngaso kaping kalih.”
            “Apa pancen pakulinanmu ndeleh HP saenggon-enggon? Sapa sing ngerti kebiasaanmu iki?”
            “Panci HP boten kula kanthongi, Bu. Namung wonten tas. Kanca-kanca raket kula ngertos sedaya.”
            “Sapa kanca raketmu?”
            “Ridwan, Budi, Eko, lan Sapta, Bu.”
            “Wis lungguha.” Bu Ani banjur nyawang bocah papat kang kasebut mau. Ora let suwe Bu Erna lan Pak Hamdani mlebu kelas.
            “Boten wonten, Bu.”
            “Ora apa-apa. Saiki coba Pak Ham kaliyan Bu Erna madosi wonten jok sepedha montor. Bocah-bocah, coba sing nggawa sepedha montor kuncine diaturake Pak Ham, njur ndherek Pak Ham mbukak jok.”
            Ngendikane Bu Ani karo mesem. Pak Ham lan Bu Erna ora ngira yen Bu Ani kagungan pamanggih kaya ngono. Nanging guru loro iku kanthi cekatan njur tumandang. Bocah-bocah sing nggawa sepedha montor dirazia. Sing ora kebukten oleh bali menyang kelas. Kari siji sing durung dibukak, montore Eko. Kamangka bocah iku kanca kenthele Edo.
            “Pak, sampun boten mungkin Eko ingkang mendhet.” Edo ngendheg Pak Ham nalika jok arep dibukak.
            “Edo, aku percaya yen Eko bocah apik. Nanging iki ben adil. Rak ya ngono ta, Ek?” Pak Ham nyawang Eko antep.
            “Nggih, Pak.” Jok dibukak. Kanthi cekatan Pak Ham banjur nganthongi HP sing gumelethak ana jerone jok montore Eko. Eko dhewe pucet. Edo sing ora ngira yen HP-ne ana kono nyawang Eko ora ngerti karepe Eko.
            “Wis, ayo padha mlebu kelas maneh, Edo. Dakjaluk babagan iki ora perlu dikojahake kanca-kanca. Njur awakmu Eko, sesuk dakenteni ana ruang guru.” Edo mung manthuk. Eko sing rada pucet. Awan iku babagan HP bisa bubar sawise ditangani Bu Ani, guru Basa Jawa.
            Sesuke, Eko methuki Pak Ham, wali kelas Napoleon. Dheweke sadhar yen salah. mula ukuman apa wae mengko arep ditampa. Sing penting Bapak lan Ibune ora weruh tumindak sing ala. Ah...kabeh iki gara-gara Riri bocah kelas III Einstein. Eko pancen tresna marang Riri. Nanging apa piwalese Riri?
            “Tresna? Eko...Eko! Mbok nyawang awakmu iki! Nggak level, gitu lho! Coba ngene, HP awakmu ora duwe! Njur kepriye awake dhewe arep komunikasi?”mengkono unine Riri.
            Eko lara ati. Banjur bengine nyuwun HP ibune. Nanging, ibune malah duka. “Isih SMP bae kok cekelan HP. Kuwi ngono manthuke dicekel wong-wong sing nduweni bisnis. Mengko bae yen wis SMA dakpundhutake!” mengkono sumaure Ibu. Mula atine Eko pupus. Dheweke ora bakal bisa pacaran karo Riri sing ayu kuwi.
            “Mlebu, Ek. Aja mung ana ngarep lawang,”swarane Pak Ham ngagetake Eko sing lagi glamunake Riri. Dheweke banjur mesem. ”Ayo kene, lungguh kene,”Pak Ham ngrangkul pundhake Eko.
            “Nyuwun pangapunten, Pak Ham,” Eko ora wani nyawang gurune iku.
            “Ya. Nanging awakmu ngene iki rak rugi dhewe lho, Ek. Mbangun kepercayaan iku angel. Kok eman banget awakmu ngrusak kapercayane Edo marang awakmu,” Pak Ham unjal ambegan dawa.
            “HP iku ora kanggo mejeng. Nanging nyekel HP iku pancen nduweni kaperluan. Awakmu rak ngerti ta, yen Edo nyekel HP amarga omahe adoh saka sekolahan?” Pak Ham nyawang Eko maneh.
            “Dakjaluk babagan iki aja dibaleni maneh. Eman-eman, wong awakmu pinter, nggantheng lan anake wong sugih. Pak Ham percaya Ibumu mesthi nduweni alasan geneya awakmu ora dipundhutake HP?”
            Eko mung meneng ora bisa semaur. Oalah, Riri...Riri. Pengin oleh katresnanmu bae dakrewangi nyolong HP. Eko mung bisa getun. Pancen getun tibane buri. Nanging Eko janji ora bakal mbaleni tumindake.


(Panjebar Semangat No.45, 11 Nopember 2006)

Pitike Tangga

Pitike Tangga

            Jaman semana, nalika dheweke durung kawin, mung ana wong siji sing tansah cerewet nuturi esuk-sore supaya aja kesusu omah-omah.jare umure isih keciliken, isih durung siyap ngadhepi rumah tangga. Hmm. . . mbegedhes! Olehe wani-wani keminter! Pangkate ketua PKK wae kok kemaki. Wani mualng barang. Gayane ngandhan-ngandhani bab keluarga bahagia sejahtera. Malah ora mung kuwi. Wong wedok setu-legi kae, alias setengah tuwa lemu ginuk-ginuk, wis kumawani nguliyahi wong tuwane.
            “Kang Subur ki karepe piye, bocah cilik kok dikon omah-omah. Jajal, Hariyanto kuwi lagi umur pira? Terus bakal mantumu kae, Asmonah, lagi umur pira? Genah ketara temen nek sih padha seneng dolanan betengan ngono kok dipeksa dikon rabi. Apa arep dikon anak-anak unyil?” ngono olehe mirang-mirangake biyen.
            Wooh, ketua PKK kok ngawur. Sapa sing meksa omah-omah? Genah bapakne mung setuju-setuju wae krungu penjaluke arep ngepek bojo. Dheweke sing kepingin rabi. Kepingin cepet-cepet. Kareben ora tansah dikrutug poyokan dening Kamadi, kanca dolanane sing wis duwe bojo. Kamadi anake wong sugih bandhane akeh. Lan senengane pancen moyoki: “Har! Kaya aku ki lho jantan. Duwe bojo, duwe anak, uripe kepenak. Ora kaya kowe. Saben dina mung betengan terus. Apa kowe arep betengan nganti uwanen?”
            Mikir ngono mau, Hariyanto banjur thukul rasa serike marang Bu Retno. Ketua PKK kok le crigis. Ana cah arep kawin kok diributi. Apa sing entuk kawin ki mung ketua PKK thok? Najan dheweke mung anake Subur lan simboke dudu ketua PKK, yen wis nekad arep kawin, Bu Retno arep ngapa? Nglarang?
            Bu Retno mung bisa ndeleng dhaupe temanten. Nyatane pancen ora kuwasa ngapa-ngapa. Hariyanto rumangsa mongkog bisa ngalahake wong kuwi. Lan saben-saben Bu Retno nyawang dheweke sing lungguh anteng ing singgasana-ne, dheweke mesem sombong. Batine muni, iki lho Hariyanto anake Subur. Iki lho bisa nganten. Bisa omah-omah. Eh, lha Bu Retno kok melu mesem. Kok ketara ora duwe isin! Nanging wis ben. Wong ora duwe isin ora usah diurusi.
            Bubar gawe mantu lan para sanak-kadang wis padha pamitan kabeh, kulawargane Pak Subur bali kaya wingi-wingi. Hariyanto uga bali maneh kaya sadurunge. Bedane saiki yen weruh cah rame-rame padha betengan apa sodoran wis ora wani cedhak-cedhak maneh. Rumangsa wis ora pantes. Najan njero ati kepengine nganti ngiler, ewasemono meksa dibetah-betahake. Ing batin mbenerake omongane Bu Retno yen satemene dheweke isih seneng dolanan. Nanging . . . . .
            “Kang! Daksawang kawit mau kok njetung ning kursi. Mbok melu mikir mengko sore lawuhan apa? Lan maneh Yu Tinduk ki wis ping pat olehe nagih utang mrene. Apa gelem dibayar arab? Huuuh, wong lanang ra tanggung jawab. Endi janjimu dhek nganten anyar biyen?” sing wadon nyaru karo mbesengut. Sing dibesenguti angles, sambat jeroning batin. Ah, iba rekasane wong omah-omah yen durung siap. Najan kumpul wong tuwa dadi saomah ning wis ora diurusi. Yen ora cetha lagi lara, wong tuwa emoh cawe-cawe. Sapa sing gelem mbayarake utange menyang wong-wong lan mikirake pangane sedina ping telu? Ora ana! Wis ora ana. Ah, rekasa!rekasa!
            Kok-ko petok! . . . . .Kok-kok petok!
            Swara babon keprungu cetha saka mburi omah. Bareng diinguk tibake lagi diuber-uber jago. Kanggo nylametake awak si babon munggah mendhuwur, mlangkring sampiran sing ana pemehane. Si jago langsung KO. Nanging Hariyanto sakala muntab weruh kumbahane sing isih teles dicap sikil pitik. Tanpa kakehan komentar dheweke banjur nyaut krikil nuli disawatake. Kena endhase. Tiba guabrus, kejel-kejel . . . .bingunge Hariyanto ora bisa digambarake. Babon enggal dicedhak, dijupukake banyu, digebyur. Pitike ndengengek lemes, ora sida mati. Hariyanto nglebokake menyang jero kurungan nganti yakin pitike bali waras.
            Babon kuwi pitike Bu Retno, katon sehat merga tansah diupakara. Bu Retno pancen ketua PKK sing prigel, sabar, lan Hariyanto kepati-pati marang wong kae. Duwe babon nganti likuran nanging ora tau nyembeleh siji-sijia. Upama ana siji sing ilang njur ora bali, mesthi ora bakal diurus. Apa maneh Bu Retno arang-arang ing ngomah, tansah kumpulan mrana-mrene. Mikir ngono Hariyanto banjur wurug anggone arep ngeculake pitik tawanane. Becike pancen ora usah dibalekake. Dikurungi papat utawa limang dinanan mesthi wis pomah, ngono pikire. Yen awane digusah menyang omahe Bu Retno mesthi ora ana sing ngira yen pitike ana sing pindhah alamat. Sorene pitik mau bakal mulih menyang bendara anyare Hariyanto. Hehehehe. . . . .!
            Nalik sing wedok dikandhani pokale, wiwitane misuh-misuh ora sudi. Nanging suwe-suwe kepliut rayuan maute, banjur kandha: sakarepmu kono!
            Lagi telung dina ing kurungan, dumadakan babon kuwi ucul. Ing batin Hariyanto misuh. Ngertia rak wis daksate wingenane. Wong ki nek ora pawakan maling . . . .(awake dipisuhi karepe dhewe). Nanging sorenen pitike sing ucul bali maneh. Hariyanto mesem. Ya ngono kuwi sing diarep-arep.
            Wis ana seminggunan pitike Bu Retno indekost ing omahe. Lan sasuwene iku Hariyanto ora tau ngrasa jenjem. Tansah kuwatir aja-aja anggone duwe sedya ala dikonangi tangga-tanggane. Luwih-luwih yen nganti olehe arep adol babon kuwi didhisiki Bu Retno. Apa ora kojur? Becike dheweke pancen enggal golek dina pasaran sing apik kango ngedol pitik babone Bu Retno.
            Sing wadon diaba supaya nakokake menyang tangga kiwa tengen yen ana sing kelangan pitik. Wiwit Suliyati, Sunipah, Semirah lan Mbah Marijah. Mesthi wae kabeh padha ora kandha kelangan pitik. Marang Mbah Marijah, Asmonah ngongkon supaya ethok-ethok kelangan pitik. Tujuwane ora liya supaya tangga-tangga padha ngandel yen dikandhani pitike Mbah Marijah wis didiol Asmonah. Wis jelas Mbah Marijah bakal entuk persen minangka komisi anggone melu apus-apus. Sing dijak sekongkolah nyandiwara jebul gelem, alamat dramane bakal kasil maremake.
            Ing dina pasaran Asmonah sida nyangking babon menyang liya desa. Dongane muga-muga payu larang lan . . . .ora konangan!
            Sawise ditawakake lan diregani cocok karo kekarepane, barange enggal dipasrahake. Lumayan bisa kanggo nyaur utang. Bubar kuwi Asmonah gage-gage bali.
            Tan kocapa, dina esuke bareng Bu Retno ngerti pitike ilang siji sakala mbingungi, mider menyang tangga-tangga nakokake pitike suliyati lan Semirah padha kandha ora ketitipan utawa kepanggonan pitik babon. Bareng tekan nggone Asmonah, bocah kuwi uga padha ora ngerti. Mula banjur digoleki menyang omahe Mbah Marijah. Merga rumangsa wis mangan komisi mula ngglender wae omongane.
            “Kula mboten kepanggenan ayam kok, Bu. Malah ayam kula niku wingi disade estrine Hariyanto. Pancen sampun pinten-pinten dinten mboten kula urus, ngertos-ngertos sampun disade tiyang . . . . .”
            “Pitike rupine pripun, Mbah?” iseng-iseng Bu Retno takon.
            “Duka nggih, eh . . .anu kadose abrit. Inggih abrit.”
            “Lho, kok aneh. Pitikmu kabeh pira kok lali rupane. Mbok sampeyan jujur mawon ngoten lho, Mbah. Wis tuwa kok, wis arep mati mbok aja nambahi dosa. Sampeyan ngapusi! Nek sampeyan mboten ngaku, kula saged wara-wara: Mbah Marijah nek mati aja dilawat. Barang atine elek wae kok. Tukang apus-apus. Pripun, Mbah? Napa sampeyan saged nyemplung kuburan piyambak?” Bu Retno meden-medeni.
            “Kul. . . .kula pancen lepat. Kula garoh,” tembunge simbah tuwa kuwi karo tumungkul. Bu Retno banjur nggunakake kesempatan kuwi kanggo golek sisik melik sing sumimpen ing sajeroning keterangane Mbah Marijah. Sawise dirasa cukup, Bu Retno banjur pamitan bali. Sing dipamiti ngetutake tekan dalan krokol ora mandheg-mandheg nggone njaluk pangapura. Bu Retno tansah kandha: ora papa!
            Sorene, wayah bubar asar, Bu Retno ketekan tamu sing ulate ora nyenengake. Wong loro lanang wadon sing asline isih enom, nanging ndeleng dhapurane isih luwih nyenengake nyawang simbah umur sangang pulih sing lagi ngguyu. Wis, prengutane jan ora ana tunggale. Tanpa kula nuwun banjur lungguh kursi tamu. Arite sing bubar ungkalan diseleh kasar ing meja kayu. Bu Retno ngerti apa kang bakal kedadeyan, mung ethok-ethok mbodhoni. Gayane tetep santai.
            “Kok njanur gunung, ora kaya biasane?” ngono olehe mbagekake.
            “Wis, ra sah basa-basi. Tu nde posin wae,” wangsulane Hariyanto sengol nanggepi omongane sing duwe omah. “Nek sampeyan wani, ayo ning mbale desa. Wooh, ketua PKK kok cangkeme ujas-ujus. Ndakwa nyolong pitik sakgeleme dhewe. Sampeyan ngaku ora nek wis nyear berita aku dodol pitik babon abang. Hayo ngaku ora?”
            “Kok sik, cah bagus,” tembunge nyarehake krungu awake dibagusake Hariyanto kendho otote. Batine, aku pancen bagus, ora usah dibagus-bagusake. “Piye mau? Nek aku wani, aku kon menyang mbale desa? Ngapa? Haah, mbale desa ki nggon apa? Nggone wong wani? Njur nek ora wani aku kudu nyang ngendi?” Bu Retno nyoba nglucu. Hariyanto nggedhogake arite. Dhokk! Bu Retno kaget.
            “Iki dudu dhagelan. Sapa sing kandha aku dodol pitik abang?”
            “Hla embuh. Sangertiku sing dodol pitik Asmonah. Dudu kowe. Sing kandha ngono Mbah Marijah. Protesmu kudune ora mrene, ning mrana nyang omahe Mbah Jah merga sing ngomong ngono dudu aku.”
            “Ora bisa. Sampeyan kandha wong-wong nek sing didol bojoku jare pitikmu. Kowe ngaku ora? Huh, ketua PKK kok angele rak jamak omongane. Saiki buktine apa pitikmu didol bojoku?”
            “Buktine gampang!” wangsulane Bu Retno mesem. “Buktine sampeyan mamprang-mamprang mrene. Nek sing didol bojomu mau pitike Mbah Jah wektu iki kowe mesthi padu karo Mbah Jah. Lha merga saiki kowe ngajak padu karo aku, berarti sing didol bojomu kae: pitikku!”
            “Ora bisa! Aku njaluk bukti sing meyakinkan. Endi pitike?”
            “Hlo, pitik wis didol bojomu kok takokke aku ki nalarmu ning ngendi?” Bu Retno mesem maneh weruh Hariyanto ketara bingung. Bu Retno arep dikalahake, nanging sing kawetu mung swara glagepan. Hariyanto kalah “dengan memuaskan” banjur semparet lunga ninggalake Bu Retno sing malangkadhak kebak kemenangan. Asmonah sing kawit mau mung plonga-plongo mbuntut bojone isih pendelak-pendelik nganti tekan enggok-enggokan, lan nganti padha ora weruh yen arit mingis-mingis mau isih mekangkang ing panggonane.
            Salunggane tamu-tamune Bu Retno lenger-lenger karo mikir, iki mesthi mung pokal gawene Hariyanto dhewe. Hariyanto duwe karep ngedol pitik sing dudu duweke. Supaya wadine ora kaweruhan, mula banjur sekongkolan karo Mbah Marijah ethok-ethoke Mbah Marijah sing kelangan pitik. Merga Mbah Marijah ora bakat mula yameksa kejodheran. Akibate sing mbingungi malah Hariyanto merga rumangsa kadakwa. Saking bingunge banjur ngungkal arit kanggo unjuk rasa menyang omahe Bu Retno. Dhasar ora siap. Karepe misuhi sing duwe omah, e. . . .malah gelagepan! Lha salahe sapa wong Bu Retno ora ngarani yen Hariyanto malinge kok rumangsa didakwa. Dadine ya malah njur ngono kuwi. Kisinan!


(Panjebar Semangat No. 41, 8 Oktober 1994)