bee

Senin, 30 Juni 2014

Sarung

Sarung

Saka kulon katon sawijining pawongan sing satemene uga dakenteni tekane wong dhek sore wis dakwelingake simboke.
“Kene, Dar!”,alokku mbagekake karo bali mapan lungguh maneh.
“Enggih, Pak Guru. Matur Nuwun!”
Kadar, nom-noman sing lagi teka kuwi nuli mapan lungguh ing kursi. Awake sing gethot dhempal mung dibuntel kaos singlet methethet, memerake lengene sing kebak otot lan direnggani tato. Sisih kiwa mawa gambar endhas macan dene sing tengen digambari naga. Ora mung kuwi sing nyebabake blegere katon serem. Rambut sing dawane ngranggeh pundhak esuk kuwi mung diore, ora ditaleni karet gelang kaya biyasane.
“Terose Emak, Pak Guru nimbali kula?”,pitakone tanpa basa-basi.
“He’eh. Anu, Dar, awkmu apa gelem upama takwenehi hadhiyah sarung? Isih  anyar gres, kok, durung mambu menungsa!”
“Ha inggih mesthi purun, ta, Pak. Wong diparingi”, wangsulane bocah tukang mendhem kuwi kanthi praupan tanpa ekspresi. Anyep.
“Aku melu bungah, lho, weruh awakmu wiwit gelem saba mesjid”
“Njenengan kok ngertos, sing sanjang sinten?”
“Ra eneng sing ngandhani, wong nalika traweh mau bengi aku manggon persis neng mburimu”
“Napa mergi kula ngangge clana niku, lajeng njenengan sukani sarung? Pak Guru mesthi nginten nek kula boten gadhah sarung. Napa ngonten?”
“Lha awakmu duwe apa ora?”, aku males takon.
“Gadhah, nanging nggih niku, namung setunggil. Gantung kepuh. Ndilalah wingi siyang niku diompoli ponaan kula. Dados wau dalu kepeksa clanan”
Kadar mungkasi olehe guneman. Aku mikir sedhela, nuli “
“Kejaba sarungmu mung siji, kiraku awakmu uga ora duwe kethu, wong saben kepethuk nalika kendhuren sirahmu ajeg gundhulan. Mengko bae bubar asar mreneya maneh taktambahi kopyah”
“Nanging rambut kula kados ngeten niki, napa kenging dikupluki?”
“Kuwi perkara gampang. Luwih dhisik rambutmu talenana karet gelang diekor kudha terus ditekuk munggah. Sawise kuwi lagi dinggoni kpyah”
“O...kados Sule sing teng OVJ nika?”,panyaute karo ngguyu.
“He’eh, ya kaya ngana kae. Mathuk ta?”
“Ha enggih empun, nek ngonten. Sakniki kula tak manthuk riyin. Ajeng ngrencangi Bapak, ngarit!”, ucape karo nampani sarung saka tanganku.
Nom-noman sing ana ing desa kondhang ndhugale kuwi mungkur tanpa ngaturake panuwun babar pisan. Kosok balen karo Kang Paidi mau kang bola-bali atur panuwun lan pamitan. Ora dadi apa, wong pancen bocah kempra kaya ngono, ora ngerti suba sita. Sing gawe gumunkum saiki kok wis gelem ngrewangi ngarit barang. Mangka saweruhku dheweke kuwi mung tukang kluyuran karo kanca-kanca sabarakane. Embuh wis kaping pira olehe gawe kisruh lingkungan. Saka ma lima, kiraku kok kabeh wis dilakoni.
Nalika aku bali mlebu ngomah, sisihanku njedhul saka lawang butulan.
“Kae mau kok kaya swarane Kadar?”
“Iya. Wong olehku meling wingi supaya mrene esuk, dadi mesthi kepethuke”
“Sarunge wis sida diparingke?”
“Uwis. Malah mengko sore takkongkon mrene maneh arep taktambahi kupluk”
“Kang Paidi barang....?”
“Ora, wong kethune Kang Paidi isih apik. Kadar rak pancen ra duwe!”
Wayah sorene aku lagi nyirami kembang ngiras “ngabuburit” jare sedulur Sundha, Kadar sida teka nuhoni janjine dhek esuk. Kaya sing kadadeyan esuk mau, dheweke uga banjur ngunclug mulih sawise nampani kpyah, tanpa ngucap matur nuwun babar pisan.
“Mangke dalu nek teng mesjid kula damele!”, ya mung ukara kuwi sing kawetu saka lambene sing uireng kakehan ngemut rokok.
Wektu sholat Isyak isih rada suwe nalika aku munggah tlundhag masjid. Maune aku ngira yen tekaku mesthi dhisik dhewe jalaran jamaah liyane mesthi lagi ketungkul olehe nutugake buka sing durung rampung jalaran kesusu melu sholat Magrib neng masjid.
Nanging pangiraku jebul mlesed. Saka kadohan katon ana wong lanang lungguh sila ijen tanpa rowang persis ana ing ngarep mihrab.
“Assalamu’alaikum!”
Pawongan mau noleh karo mangsuli salamku. Kaget, gawok, gumun, campur karo rasa bungah bareng weruh sapa dheweke. Kadar ! Nom-noman sing ing desa kondhang olehe bedigasan lan tukang ngisruh kuwi polatane katon seje ora kaya biyasane. Bengi kuwi kok olehe ketara resik sumringah, malah saka panyawangku katon sumunar gilar-gilar senajan kulite sing soklat nyedhaki ireng ora kena didhelikake. Epek-epekku sing kumlawe ngajak salaman enggal disaut lan masya Allaaahhh...,nganggo diambung nganti suwe.
Panjebar Semangat No 37 11 September 2011





Kadhung Diantebi
            Mitra-mitrane sasekolahan nyebut kliwat olehe ngeloke. Malah ana sing ngarani uripe sajroning dongeng. Utopis, nanging embuh piye, dheweke manteb karo sikepe sing saiki.
            “Yen ngono carane menggalih, mangsa arepa owah,” ngono aloke Suwanta mitrane jejer meja. “Kudune rada fleksibel.”
“Lha aku kon piye?”
“Kanca-kanca saangkatan panjenengan, wis padha diangkat dadi Kepala Sekolah. Malah wis pira bae sing kasil nglungguhi kursi Pengawas Sekolah.”
“Nasibe uwong rak beda-beda.”
“Bener, Pak Tegar. Nanging nasib bisa owah karana manungsa gelem usaha.”
“Njur aku kon usaha piye? Nganyul-anyul nyang ndhuwuran ben diangkat dadi Kepala?”
“Ya ora ngono,” punggele Suwata anyel. “Paling ora, yen ana kalodhangan, dimanfaatke. Mesthine iya tetep ngliwati prosedhur apa mesthine.”
“Panjenengan yakin jaman saiki isih ana prosedhur apa mesthine?”
Suwanto njengkerutake bathuk, trima ora nerusake caturan. Lha wong mung rembugan “sinambi liwat” kok digawe serius banget-banget. Mula pepuntoning rembug hiya mung tekan semono. Ora nate ana “kelanjutan” apa ta apa. Malah kala-kala dlewer dadi guyonan lan clelekan.
“Galo pirsanana Pak Tegar. Olehe nyambut gawe saya sregep bae,” aloke sawijine kanca.
“Jelas ta. Lha wong arep dadi Kepala Sekolah, kok.”
Tegar dhewe, sing dening kanca-kanca kenthele asring diparabi Pak Pandhita mung bisa nyekekek. Babar pisan tanpa sanggan.
Pancen ora kok jeneng umuk apa maneh nduwa pakem kodrat. Yen dheweke gelem ubyang-ubyung kaya kanca-kancane, melu ndhusal-ndhusul ngajokake lamaran ngiseni formasi lowongan jabatan Kepala Sekolah, gedhe pangarep-arepe bisa katut. Awit meh kabeh wong ngerti, yen sepak terjange wis tekan tingkat nasional. Lha banjur sing digoleki Kepala Sekolah sing kaya ngapa yen paraga sing wis jelas trade marke disingkirake ?
Nanging dudu Tegar yen ora duwe slaga aneh-aneh. Nalika kepalane lan wong-wong sakiwa tengen sing ngeman marang nasibe padha mrayogakake supaya dheweke melu gawe usulan, ature Tegar entheng wae.
“Insya Allah taun ngajeng.”
“Taun ngajeng sing endi? Kayane biyen, limang taun kepungkur, Pak Tegar nate semakta taun ngajeng. Saiki, wis makaping-kaping ana kesempatan, kok mung taun ngajeng-ngajeng bae.”
Maneh-maneh Tegar mung glegesan. Lan mengko, yen kabeh wong wis mojokake, dheweke banjur sumaur kanthi kepenak.
“Mpun saniki ngeten mawon. Sinten sing badhe maringi jabatan dhateng kula, Kepala Sekolah, Penilik, Pengawas, mriki kula tampi. Ning menawi ken pados-pados jabatan, menapa malih kedah rebatan sesami kanca, kula dereng saged nglampahi.”
“Lho ora ngono carane menggalih, Pak Tegar. Seleksi kanggo milih lan nemtokake Kepala Sekolah utawa jabatan liyane iku mujudake kompetisi sehat. Kanthi seleksi mau, bisa dikawruhi sapa sing pantes nglungguhi jabatan.”
Kanggo milih pemimpin-pemimpin sing bermutu selaras karo ajuning jaman, sistem seleksi pancen apik. Nyatane, paraga-paraga sing nduweni prestasi becik ora mung para senior bae. Dalah yumiore uga ora kurang. Ora sathithik kalangan enom sing nduweni kapabilitas kanggo mimpin sawijine lembaga utawa unit kerja.
Nanging tumprape Tegar beda maneh, jabatan iku sawijine sanggan sing abot, yen kurang pangati-atine bisa ngeblegi awake dhewe. Lan kaya dene pedhang pusaka, yen olehe namakake ora ngati-ati, bisa mbilaeni wong sing ora samesthine dadi kurban. Apa maneh yen olehe nggunakake linandhesan nepsu angkara, o, sida kukud jagad iki.
Tegar nate maca buku, durikala jaman sugenge para Sahabat, paraga-paraga sing kapilih dadi pemimpin padha nggendring kapiandreng. Awit mungguhe para siasat perang Khandhak, nangis-nangis emoh nglungguhi jabatan Gubernur. Ewadene pungkasane nyekel panguwasa minangka Gubernur, Salman Alfarizi emoh diblanja dening negara. Omah dinese mung awujud kothakan kaya kandhang jangkrik, sing lawange yen kanggo mlebu metu kudu ndhungkluk awit sundhul sirah. Nalika sedane, Salman Alfarizi ora ninggal waris bandha donya, kejaba piring sing kanggo ajang lan sawetara cangkir sing saben dinane kanggo ngombe. Iku wae, nalika ngarepake ajal, Salman Alfarizi nangis, kuwatir bandha tinggalan iku bakal ngrendheti lan ngeboti olehe sowan marang Gusti Allah.
Lha saiki, saben ana lowongan jabatan siji bae, sing arep ngleboni kumbrubut. Kabeh ngrasa luwih pinter, luwih hebat, luwih sampurna. Kurang-kuranga, jabatan didadekake barang dagangan. Sapa wani mbayar larang, iya iku sing nduweni. Apa wong-wong sing melu ngleboni sayembara pilih akhlake luwih mulya tinimbang akhlake Para Sahabate Kanjeng Nabi.
Lucune, bareng oleh-olehe maca buku iku dicritakake marang kanca-kancane, dheweke malah digeguyu entek-entekan,
“Iku rak jaman biyen, Pak Tegar. Jamane Para Sahabat. Saiki jamane wis beda. Beda-da!”
Jaman beda. Kahanan owah. Nanging apa ukume Gusti Allah uga owah?”
“Walaaah, rasah dhuwur-dhuwru. Sing realistis bae.”
“Bener, sing realistis bae.”
“Realistis wae lah!”Batine Tegar brontak. Apa iku realistis? Jabatan dienggo rebutan, jabatan dienggo dagangan, realistis? Tegar gebes-gebes. Atine wis kadhung ngantebi keyakinan, yen mbeburu kalungguhan iku sawijine pantangan.
Pungkasane, dina-dina iku lumaku kaya adate. Tegar tetep sregep nyambut gawe minangka kuwajibane nafkahi anak bojo lan netepi minangka abdine negara. Ora ana owah-owahan ing uripe Tegar. Nagnti lumuten, nasibe ajeg bae. Ewa semana sregepe ora nate kendho.
(Pustaka Candra Vol.24 No. 12 Maret 2006


Tidak ada komentar:

Posting Komentar