Kadhung Diantebi
Mitra-mitrane sasekolahan nyebut kliwat olehe ngeloke. Malah ana sing ngarani uripe sajroning dongeng. Utopis, nanging embuh piye, dheweke manteb karo sikepe sing saiki.
“Yen ngono carane menggalih, mangsa arepa owah,” ngono aloke Suwanta mitrane jejer meja. “Kudune rada fleksibel.”
“Lha aku kon piye?”
“Kanca-kanca saangkatan panjenengan, wis padha diangkat dadi Kepala Sekolah. Malah wis pira bae sing kasil nglungguhi kursi Pengawas Sekolah.”
“Nasibe uwong rak beda-beda.”
“Bener, Pak Tegar. Nanging nasib bisa owah karana manungsa gelem usaha.”
“Njur aku kon usaha piye? Nganyul-anyul nyang ndhuwuran ben diangkat dadi Kepala?”
“Ya ora ngono,” punggele Suwata anyel. “Paling ora, yen ana kalodhangan, dimanfaatke. Mesthine iya tetep ngliwati prosedhur apa mesthine.”
“Panjenengan yakin jaman saiki isih ana prosedhur apa mesthine?”
Suwanto njengkerutake bathuk, trima ora nerusake caturan. Lha wong mung rembugan “sinambi liwat” kok digawe serius banget-banget. Mula pepuntoning rembug hiya mung tekan semono. Ora nate ana “kelanjutan” apa ta apa. Malah kala-kala dlewer dadi guyonan lan clelekan.
“Galo pirsanana Pak Tegar. Olehe nyambut gawe saya sregep bae,” aloke sawijine kanca.
“Jelas ta. Lha wong arep dadi Kepala Sekolah, kok.”
Tegar dhewe, sing dening kanca-kanca kenthele asring diparabi Pak Pandhita mung bisa nyekekek. Babar pisan tanpa sanggan.
Pancen ora kok jeneng umuk apa maneh nduwa pakem kodrat. Yen dheweke gelem ubyang-ubyung kaya kanca-kancane, melu ndhusal-ndhusul ngajokake lamaran ngiseni formasi lowongan jabatan Kepala Sekolah, gedhe pangarep-arepe bisa katut. Awit meh kabeh wong ngerti, yen sepak terjange wis tekan tingkat nasional. Lha banjur sing digoleki Kepala Sekolah sing kaya ngapa yen paraga sing wis jelas trade marke disingkirake ?
Nanging dudu Tegar yen ora duwe slaga aneh-aneh. Nalika kepalane lan wong-wong sakiwa tengen sing ngeman marang nasibe padha mrayogakake supaya dheweke melu gawe usulan, ature Tegar entheng wae.
“Insya Allah taun ngajeng.”
“Taun ngajeng sing endi? Kayane biyen, limang taun kepungkur, Pak Tegar nate semakta taun ngajeng. Saiki, wis makaping-kaping ana kesempatan, kok mung taun ngajeng-ngajeng bae.”
Maneh-maneh Tegar mung glegesan. Lan mengko, yen kabeh wong wis mojokake, dheweke banjur sumaur kanthi kepenak.
“Mpun saniki ngeten mawon. Sinten sing badhe maringi jabatan dhateng kula, Kepala Sekolah, Penilik, Pengawas, mriki kula tampi. Ning menawi ken pados-pados jabatan, menapa malih kedah rebatan sesami kanca, kula dereng saged nglampahi.”
“Lho ora ngono carane menggalih, Pak Tegar. Seleksi kanggo milih lan nemtokake Kepala Sekolah utawa jabatan liyane iku mujudake kompetisi sehat. Kanthi seleksi mau, bisa dikawruhi sapa sing pantes nglungguhi jabatan.”
Kanggo milih pemimpin-pemimpin sing bermutu selaras karo ajuning jaman, sistem seleksi pancen apik. Nyatane, paraga-paraga sing nduweni prestasi becik ora mung para senior bae. Dalah yumiore uga ora kurang. Ora sathithik kalangan enom sing nduweni kapabilitas kanggo mimpin sawijine lembaga utawa unit kerja.
Nanging tumprape Tegar beda maneh, jabatan iku sawijine sanggan sing abot, yen kurang pangati-atine bisa ngeblegi awake dhewe. Lan kaya dene pedhang pusaka, yen olehe namakake ora ngati-ati, bisa mbilaeni wong sing ora samesthine dadi kurban. Apa maneh yen olehe nggunakake linandhesan nepsu angkara, o, sida kukud jagad iki.
Tegar nate maca buku, durikala jaman sugenge para Sahabat, paraga-paraga sing kapilih dadi pemimpin padha nggendring kapiandreng. Awit mungguhe para siasat perang Khandhak, nangis-nangis emoh nglungguhi jabatan Gubernur. Ewadene pungkasane nyekel panguwasa minangka Gubernur, Salman Alfarizi emoh diblanja dening negara. Omah dinese mung awujud kothakan kaya kandhang jangkrik, sing lawange yen kanggo mlebu metu kudu ndhungkluk awit sundhul sirah. Nalika sedane, Salman Alfarizi ora ninggal waris bandha donya, kejaba piring sing kanggo ajang lan sawetara cangkir sing saben dinane kanggo ngombe. Iku wae, nalika ngarepake ajal, Salman Alfarizi nangis, kuwatir bandha tinggalan iku bakal ngrendheti lan ngeboti olehe sowan marang Gusti Allah.
Lha saiki, saben ana lowongan jabatan siji bae, sing arep ngleboni kumbrubut. Kabeh ngrasa luwih pinter, luwih hebat, luwih sampurna. Kurang-kuranga, jabatan didadekake barang dagangan. Sapa wani mbayar larang, iya iku sing nduweni. Apa wong-wong sing melu ngleboni sayembara pilih akhlake luwih mulya tinimbang akhlake Para Sahabate Kanjeng Nabi.
Lucune, bareng oleh-olehe maca buku iku dicritakake marang kanca-kancane, dheweke malah digeguyu entek-entekan,
“Iku rak jaman biyen, Pak Tegar. Jamane Para Sahabat. Saiki jamane wis beda. Beda-da!”
Jaman beda. Kahanan owah. Nanging apa ukume Gusti Allah uga owah?”
“Walaaah, rasah dhuwur-dhuwru. Sing realistis bae.”
“Bener, sing realistis bae.”
“Realistis wae lah!”Batine Tegar brontak. Apa iku realistis? Jabatan dienggo rebutan, jabatan dienggo dagangan, realistis? Tegar gebes-gebes. Atine wis kadhung ngantebi keyakinan, yen mbeburu kalungguhan iku sawijine pantangan.
Pungkasane, dina-dina iku lumaku kaya adate. Tegar tetep sregep nyambut gawe minangka kuwajibane nafkahi anak bojo lan netepi minangka abdine negara. Ora ana owah-owahan ing uripe Tegar. Nagnti lumuten, nasibe ajeg bae. Ewa semana sregepe ora nate kendho.
(Pustaka Candra Vol.24 No. 12 Maret 2006)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar