Sarung
Saka
kulon katon sawijining pawongan sing satemene uga dakenteni tekane wong dhek
sore wis dakwelingake simboke.
“Kene,
Dar!”,alokku mbagekake karo bali mapan lungguh maneh.
“Enggih,
Pak Guru. Matur Nuwun!”
Kadar,
nom-noman sing lagi teka kuwi nuli mapan lungguh ing kursi. Awake sing gethot
dhempal mung dibuntel kaos singlet methethet, memerake lengene sing kebak otot
lan direnggani tato. Sisih kiwa mawa gambar endhas macan dene sing tengen
digambari naga. Ora mung kuwi sing nyebabake blegere katon serem. Rambut sing
dawane ngranggeh pundhak esuk kuwi mung diore, ora ditaleni karet gelang kaya biyasane.
“Terose
Emak, Pak Guru nimbali kula?”,pitakone tanpa basa-basi.
“He’eh.
Anu, Dar, awkmu apa gelem upama takwenehi hadhiyah sarung? Isih anyar gres, kok, durung mambu menungsa!”
“Ha
inggih mesthi purun, ta, Pak. Wong diparingi”, wangsulane bocah tukang mendhem
kuwi kanthi praupan tanpa ekspresi. Anyep.
“Aku
melu bungah, lho, weruh awakmu wiwit gelem saba mesjid”
“Njenengan
kok ngertos, sing sanjang sinten?”
“Ra
eneng sing ngandhani, wong nalika traweh mau bengi aku manggon persis neng
mburimu”
“Napa
mergi kula ngangge clana niku, lajeng njenengan sukani sarung? Pak Guru mesthi
nginten nek kula boten gadhah sarung. Napa ngonten?”
“Lha
awakmu duwe apa ora?”, aku males takon.
“Gadhah,
nanging nggih niku, namung setunggil. Gantung kepuh. Ndilalah wingi siyang niku
diompoli ponaan kula. Dados wau dalu kepeksa clanan”
Kadar
mungkasi olehe guneman. Aku mikir sedhela, nuli “
“Kejaba
sarungmu mung siji, kiraku awakmu uga ora duwe kethu, wong saben kepethuk
nalika kendhuren sirahmu ajeg gundhulan. Mengko bae bubar asar mreneya maneh
taktambahi kopyah”
“Nanging
rambut kula kados ngeten niki, napa kenging dikupluki?”
“Kuwi
perkara gampang. Luwih dhisik rambutmu talenana karet gelang diekor kudha terus
ditekuk munggah. Sawise kuwi lagi dinggoni kpyah”
“O...kados
Sule sing teng OVJ nika?”,panyaute karo ngguyu.
“He’eh,
ya kaya ngana kae. Mathuk ta?”
“Ha
enggih empun, nek ngonten. Sakniki kula tak manthuk riyin. Ajeng ngrencangi
Bapak, ngarit!”, ucape karo nampani sarung saka tanganku.
Nom-noman
sing ana ing desa kondhang ndhugale kuwi mungkur tanpa ngaturake panuwun babar
pisan. Kosok balen karo Kang Paidi mau kang bola-bali atur panuwun lan pamitan.
Ora dadi apa, wong pancen bocah kempra kaya ngono, ora ngerti suba sita. Sing
gawe gumunkum saiki kok wis gelem ngrewangi ngarit barang. Mangka saweruhku
dheweke kuwi mung tukang kluyuran karo kanca-kanca sabarakane. Embuh wis kaping
pira olehe gawe kisruh lingkungan. Saka ma lima, kiraku kok kabeh wis dilakoni.
Nalika
aku bali mlebu ngomah, sisihanku njedhul saka lawang butulan.
“Kae mau
kok kaya swarane Kadar?”
“Iya.
Wong olehku meling wingi supaya mrene esuk, dadi mesthi kepethuke”
“Sarunge
wis sida diparingke?”
“Uwis.
Malah mengko sore takkongkon mrene maneh arep taktambahi kupluk”
“Kang
Paidi barang....?”
“Ora,
wong kethune Kang Paidi isih apik. Kadar rak pancen ra duwe!”
Wayah
sorene aku lagi nyirami kembang ngiras “ngabuburit” jare sedulur Sundha, Kadar
sida teka nuhoni janjine dhek esuk. Kaya sing kadadeyan esuk mau, dheweke uga
banjur ngunclug mulih sawise nampani kpyah, tanpa ngucap matur nuwun babar
pisan.
“Mangke
dalu nek teng mesjid kula damele!”, ya mung ukara kuwi sing kawetu saka lambene
sing uireng kakehan ngemut rokok.
Wektu
sholat Isyak isih rada suwe nalika aku munggah tlundhag masjid. Maune aku ngira
yen tekaku mesthi dhisik dhewe jalaran jamaah liyane mesthi lagi ketungkul
olehe nutugake buka sing durung rampung jalaran kesusu melu sholat Magrib neng
masjid.
Nanging
pangiraku jebul mlesed. Saka kadohan katon ana wong lanang lungguh sila ijen
tanpa rowang persis ana ing ngarep mihrab.
“Assalamu’alaikum!”
Pawongan
mau noleh karo mangsuli salamku. Kaget, gawok, gumun, campur karo rasa bungah
bareng weruh sapa dheweke. Kadar ! Nom-noman sing ing desa kondhang olehe
bedigasan lan tukang ngisruh kuwi polatane katon seje ora kaya biyasane. Bengi
kuwi kok olehe ketara resik sumringah, malah saka panyawangku katon sumunar
gilar-gilar senajan kulite sing soklat nyedhaki ireng ora kena didhelikake.
Epek-epekku sing kumlawe ngajak salaman enggal disaut lan masya Allaaahhh...,nganggo
diambung nganti suwe.
(Panjebar
Semangat No 37 11 September 2011)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar