Pitike Tangga
Jaman semana, nalika dheweke durung
kawin, mung ana wong siji sing tansah cerewet nuturi esuk-sore supaya aja
kesusu omah-omah.jare umure isih keciliken, isih durung siyap ngadhepi rumah
tangga. Hmm. . . mbegedhes! Olehe wani-wani keminter! Pangkate ketua PKK wae
kok kemaki. Wani mualng barang. Gayane ngandhan-ngandhani bab keluarga bahagia
sejahtera. Malah ora mung kuwi. Wong wedok setu-legi kae, alias setengah tuwa
lemu ginuk-ginuk, wis kumawani nguliyahi wong tuwane.
“Kang Subur ki karepe piye, bocah
cilik kok dikon omah-omah. Jajal, Hariyanto kuwi lagi umur pira? Terus bakal
mantumu kae, Asmonah, lagi umur pira? Genah ketara temen nek sih padha seneng
dolanan betengan ngono kok dipeksa dikon rabi. Apa arep dikon anak-anak unyil?”
ngono olehe mirang-mirangake biyen.
Wooh, ketua PKK kok ngawur. Sapa
sing meksa omah-omah? Genah bapakne mung setuju-setuju wae krungu penjaluke
arep ngepek bojo. Dheweke sing kepingin rabi. Kepingin cepet-cepet. Kareben ora
tansah dikrutug poyokan dening Kamadi, kanca dolanane sing wis duwe bojo.
Kamadi anake wong sugih bandhane akeh. Lan senengane pancen moyoki: “Har! Kaya
aku ki lho jantan. Duwe bojo, duwe anak, uripe kepenak. Ora kaya kowe. Saben
dina mung betengan terus. Apa kowe arep betengan nganti uwanen?”
Mikir ngono mau, Hariyanto banjur
thukul rasa serike marang Bu Retno. Ketua PKK kok le crigis. Ana cah arep kawin
kok diributi. Apa sing entuk kawin ki mung ketua PKK thok? Najan dheweke mung
anake Subur lan simboke dudu ketua PKK, yen wis nekad arep kawin, Bu Retno arep
ngapa? Nglarang?
Bu Retno mung bisa ndeleng dhaupe
temanten. Nyatane pancen ora kuwasa ngapa-ngapa. Hariyanto rumangsa mongkog
bisa ngalahake wong kuwi. Lan saben-saben Bu Retno nyawang dheweke sing lungguh
anteng ing singgasana-ne, dheweke mesem sombong. Batine muni, iki lho Hariyanto
anake Subur. Iki lho bisa nganten. Bisa omah-omah. Eh, lha Bu Retno kok melu
mesem. Kok ketara ora duwe isin! Nanging wis ben. Wong ora duwe isin ora usah
diurusi.
Bubar gawe mantu lan para
sanak-kadang wis padha pamitan kabeh, kulawargane Pak Subur bali kaya
wingi-wingi. Hariyanto uga bali maneh kaya sadurunge. Bedane saiki yen weruh
cah rame-rame padha betengan apa sodoran wis ora wani cedhak-cedhak maneh.
Rumangsa wis ora pantes. Najan njero ati kepengine nganti ngiler, ewasemono
meksa dibetah-betahake. Ing batin mbenerake omongane Bu Retno yen satemene
dheweke isih seneng dolanan. Nanging . . . . .
“Kang! Daksawang kawit mau kok
njetung ning kursi. Mbok melu mikir mengko sore lawuhan apa? Lan maneh Yu
Tinduk ki wis ping pat olehe nagih utang mrene. Apa gelem dibayar arab? Huuuh,
wong lanang ra tanggung jawab. Endi janjimu dhek nganten anyar biyen?” sing
wadon nyaru karo mbesengut. Sing dibesenguti angles, sambat jeroning batin. Ah,
iba rekasane wong omah-omah yen durung siap. Najan kumpul wong tuwa dadi saomah
ning wis ora diurusi. Yen ora cetha lagi lara, wong tuwa emoh cawe-cawe. Sapa
sing gelem mbayarake utange menyang wong-wong lan mikirake pangane sedina ping
telu? Ora ana! Wis ora ana. Ah, rekasa!rekasa!
Kok-ko petok! . . . . .Kok-kok
petok!
Swara babon keprungu cetha saka
mburi omah. Bareng diinguk tibake lagi diuber-uber jago. Kanggo nylametake awak
si babon munggah mendhuwur, mlangkring sampiran sing ana pemehane. Si jago
langsung KO. Nanging Hariyanto sakala muntab weruh kumbahane sing isih teles
dicap sikil pitik. Tanpa kakehan komentar dheweke banjur nyaut krikil nuli
disawatake. Kena endhase. Tiba guabrus, kejel-kejel . . . .bingunge Hariyanto
ora bisa digambarake. Babon enggal dicedhak, dijupukake banyu, digebyur. Pitike
ndengengek lemes, ora sida mati. Hariyanto nglebokake menyang jero kurungan nganti
yakin pitike bali waras.
Babon kuwi pitike Bu Retno, katon
sehat merga tansah diupakara. Bu Retno pancen ketua PKK sing prigel, sabar, lan
Hariyanto kepati-pati marang wong kae. Duwe babon nganti likuran nanging ora
tau nyembeleh siji-sijia. Upama ana siji sing ilang njur ora bali, mesthi ora
bakal diurus. Apa maneh Bu Retno arang-arang ing ngomah, tansah kumpulan
mrana-mrene. Mikir ngono Hariyanto banjur wurug anggone arep ngeculake pitik
tawanane. Becike pancen ora usah dibalekake. Dikurungi papat utawa limang
dinanan mesthi wis pomah, ngono pikire. Yen awane digusah menyang omahe Bu
Retno mesthi ora ana sing ngira yen pitike ana sing pindhah alamat. Sorene
pitik mau bakal mulih menyang bendara anyare Hariyanto. Hehehehe. . . . .!
Nalik sing wedok dikandhani pokale,
wiwitane misuh-misuh ora sudi. Nanging suwe-suwe kepliut rayuan maute, banjur
kandha: sakarepmu kono!
Lagi telung dina ing kurungan,
dumadakan babon kuwi ucul. Ing batin Hariyanto misuh. Ngertia rak wis daksate
wingenane. Wong ki nek ora pawakan maling . . . .(awake dipisuhi karepe dhewe).
Nanging sorenen pitike sing ucul bali maneh. Hariyanto mesem. Ya ngono kuwi
sing diarep-arep.
Wis ana seminggunan pitike Bu Retno
indekost ing omahe. Lan sasuwene iku Hariyanto ora tau ngrasa jenjem. Tansah
kuwatir aja-aja anggone duwe sedya ala dikonangi tangga-tanggane. Luwih-luwih yen
nganti olehe arep adol babon kuwi didhisiki Bu Retno. Apa ora kojur? Becike
dheweke pancen enggal golek dina pasaran sing apik kango ngedol pitik babone Bu
Retno.
Sing wadon diaba supaya nakokake menyang
tangga kiwa tengen yen ana sing kelangan pitik. Wiwit Suliyati, Sunipah,
Semirah lan Mbah Marijah. Mesthi wae kabeh padha ora kandha kelangan pitik.
Marang Mbah Marijah, Asmonah ngongkon supaya ethok-ethok kelangan pitik.
Tujuwane ora liya supaya tangga-tangga padha ngandel yen dikandhani pitike Mbah
Marijah wis didiol Asmonah. Wis jelas Mbah Marijah bakal entuk persen minangka
komisi anggone melu apus-apus. Sing dijak sekongkolah nyandiwara jebul gelem,
alamat dramane bakal kasil maremake.
Ing dina pasaran Asmonah sida
nyangking babon menyang liya desa. Dongane muga-muga payu larang lan . . . .ora
konangan!
Sawise ditawakake lan diregani cocok
karo kekarepane, barange enggal dipasrahake. Lumayan bisa kanggo nyaur utang.
Bubar kuwi Asmonah gage-gage bali.
Tan kocapa, dina esuke bareng Bu
Retno ngerti pitike ilang siji sakala mbingungi, mider menyang tangga-tangga
nakokake pitike suliyati lan Semirah padha kandha ora ketitipan utawa
kepanggonan pitik babon. Bareng tekan nggone Asmonah, bocah kuwi uga padha ora
ngerti. Mula banjur digoleki menyang omahe Mbah Marijah. Merga rumangsa wis
mangan komisi mula ngglender wae omongane.
“Kula mboten kepanggenan ayam kok,
Bu. Malah ayam kula niku wingi disade estrine Hariyanto. Pancen sampun
pinten-pinten dinten mboten kula urus, ngertos-ngertos sampun disade tiyang . .
. . .”
“Pitike rupine pripun, Mbah?”
iseng-iseng Bu Retno takon.
“Duka nggih, eh . . .anu kadose
abrit. Inggih abrit.”
“Lho, kok aneh. Pitikmu kabeh pira
kok lali rupane. Mbok sampeyan jujur mawon ngoten lho, Mbah. Wis tuwa kok, wis
arep mati mbok aja nambahi dosa. Sampeyan ngapusi! Nek sampeyan mboten ngaku,
kula saged wara-wara: Mbah Marijah nek mati aja dilawat. Barang atine elek wae
kok. Tukang apus-apus. Pripun, Mbah? Napa sampeyan saged nyemplung kuburan
piyambak?” Bu Retno meden-medeni.
“Kul. . . .kula pancen lepat. Kula
garoh,” tembunge simbah tuwa kuwi karo tumungkul. Bu Retno banjur nggunakake
kesempatan kuwi kanggo golek sisik melik sing sumimpen ing sajeroning
keterangane Mbah Marijah. Sawise dirasa cukup, Bu Retno banjur pamitan bali.
Sing dipamiti ngetutake tekan dalan krokol ora mandheg-mandheg nggone njaluk
pangapura. Bu Retno tansah kandha: ora papa!
Sorene, wayah bubar asar, Bu Retno
ketekan tamu sing ulate ora nyenengake. Wong loro lanang wadon sing asline isih
enom, nanging ndeleng dhapurane isih luwih nyenengake nyawang simbah umur
sangang pulih sing lagi ngguyu. Wis, prengutane jan ora ana tunggale. Tanpa
kula nuwun banjur lungguh kursi tamu. Arite sing bubar ungkalan diseleh kasar
ing meja kayu. Bu Retno ngerti apa kang bakal kedadeyan, mung ethok-ethok
mbodhoni. Gayane tetep santai.
“Kok njanur gunung, ora kaya
biasane?” ngono olehe mbagekake.
“Wis, ra sah basa-basi. Tu nde posin
wae,” wangsulane Hariyanto sengol nanggepi omongane sing duwe omah. “Nek
sampeyan wani, ayo ning mbale desa. Wooh, ketua PKK kok cangkeme ujas-ujus.
Ndakwa nyolong pitik sakgeleme dhewe. Sampeyan ngaku ora nek wis nyear berita
aku dodol pitik babon abang. Hayo ngaku ora?”
“Kok sik, cah bagus,” tembunge
nyarehake krungu awake dibagusake Hariyanto kendho otote. Batine, aku pancen
bagus, ora usah dibagus-bagusake. “Piye mau? Nek aku wani, aku kon menyang
mbale desa? Ngapa? Haah, mbale desa ki nggon apa? Nggone wong wani? Njur nek
ora wani aku kudu nyang ngendi?” Bu Retno nyoba nglucu. Hariyanto nggedhogake
arite. Dhokk! Bu Retno kaget.
“Iki dudu dhagelan. Sapa sing kandha
aku dodol pitik abang?”
“Hla embuh. Sangertiku sing dodol
pitik Asmonah. Dudu kowe. Sing kandha ngono Mbah Marijah. Protesmu kudune ora
mrene, ning mrana nyang omahe Mbah Jah merga sing ngomong ngono dudu aku.”
“Ora bisa. Sampeyan kandha wong-wong
nek sing didol bojoku jare pitikmu. Kowe ngaku ora? Huh, ketua PKK kok angele
rak jamak omongane. Saiki buktine apa pitikmu didol bojoku?”
“Buktine gampang!” wangsulane Bu
Retno mesem. “Buktine sampeyan mamprang-mamprang mrene. Nek sing didol bojomu
mau pitike Mbah Jah wektu iki kowe mesthi padu karo Mbah Jah. Lha merga saiki
kowe ngajak padu karo aku, berarti sing didol bojomu kae: pitikku!”
“Ora bisa! Aku njaluk bukti sing
meyakinkan. Endi pitike?”
“Hlo, pitik wis didol bojomu kok
takokke aku ki nalarmu ning ngendi?” Bu Retno mesem maneh weruh Hariyanto
ketara bingung. Bu Retno arep dikalahake, nanging sing kawetu mung swara glagepan.
Hariyanto kalah “dengan memuaskan” banjur semparet lunga ninggalake Bu Retno
sing malangkadhak kebak kemenangan. Asmonah sing kawit mau mung plonga-plongo
mbuntut bojone isih pendelak-pendelik nganti tekan enggok-enggokan, lan nganti
padha ora weruh yen arit mingis-mingis mau isih mekangkang ing panggonane.
Salunggane tamu-tamune Bu Retno
lenger-lenger karo mikir, iki mesthi mung pokal gawene Hariyanto dhewe.
Hariyanto duwe karep ngedol pitik sing dudu duweke. Supaya wadine ora
kaweruhan, mula banjur sekongkolan karo Mbah Marijah ethok-ethoke Mbah Marijah
sing kelangan pitik. Merga Mbah Marijah ora bakat mula yameksa kejodheran.
Akibate sing mbingungi malah Hariyanto merga rumangsa kadakwa. Saking bingunge
banjur ngungkal arit kanggo unjuk rasa menyang omahe Bu Retno. Dhasar ora siap.
Karepe misuhi sing duwe omah, e. . . .malah gelagepan! Lha salahe sapa wong Bu
Retno ora ngarani yen Hariyanto malinge kok rumangsa didakwa. Dadine ya malah
njur ngono kuwi. Kisinan!
(Panjebar Semangat No. 41, 8 Oktober 1994)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar