HP
Kelas Napoleon geger. Sasuwene iki
kelas VII Napoleon kawentar bocahe pinter-pinter lan ora tau nganeh-anehi.
Kabeh guru seneng lan menehi pangalembana dening murid kelas Napoleon, amarga
bocahe bener-bener disiplin lan ngugemi tata tertib kang ngatur kelas.
Nanging awan iki murid-murid nangis,
amarga awit saka jame Pak Hamdani ora ngolehi bocah siji wae metu saka kelas,
kejaba bocah sing kebelet pipis nganti HP-ne Edo sing ilang ketemu.
“Pak sampun wancinipun!” Dewi murid
sing kawentar paling kendel protes.
“Bapak ngerti! Nanging yen HP durung
dibalekne kabeh ora oleh bali.”
“Nanging rak nggih rugi, Pak
kanggene sing boten nyolong!” Tiwik uga protes. Dheweke banjur ngetokake Hp-ne
dhewe sing modhel anyar nganggo kamera sing regane telung yuta. Ora maido!
Tiwik pancen anake wong sugih. Bapake wae Ketua DPRD dadi babagan bandha
keluwih-luwih.
“Pak Ham, dinten wancinipun les
dalem nyuwun dispensasi,” Winarko bocah sing pinter dhewe sakelas kuwi uga
ngadeg.
“Kula wancinipun latihan musik, Pak,”unine
Risky karo ngacungake tangan.
Pak Hamdani wali kelas Napoleon
unjal ambegan dawa. Banjur rundhingan karo Bu Erna sing wektu kedadean ilange
HP-ne Edo iki pas jam pelajaran sejarah sing gurune Bu Erna.
“Kados pundi, Bu. Kula kok jibeg.
Yen lare-lare diwangsulaken ateges perkawis punika mboten tuntas dinten menika
lan barang bukti saged boten kepanggih. Nanging, menawi lare-lare dipuncandhet
sedaya ateges wonten ingkang rugi,” Pak Hamdani nyawang Bu Erna sing rupane
pucet.
“Lha, tas sedaya sampun digledhah.
Kelas sampun dicek nanging HP boten wonten,” Bu Erna banjur nyekeli bathuk.
Dumadakan Bu Ani rawuh. Guru sing paling sepuh ana SMP iku marani Pak Hamdani
lan Bu Erna.
“Lho kok durung kondur. Ana apa?”
alise Bu Ani gathuk.
“Anu, Bu. Punika lho, HP ical.
Sampun dipunpadosi boten panggih,”semaure Bu Erna.
“Ooo...sampun dipadosi wonten jawi?”
“Dereng, Bu.”
“Wis, bocahe daktunggune. Coba Bu
Erna kaliyan Pak Ham operasi wonten sakitere sekolah. Kula yakin HP taksih
wonten sekolahan.”
Bu Ani banjur mlebu kelas Napoleon.
Bu Ani iki pancen guru sing nyungkani banget. Ditresnani dening murid-muride,
amarga piyantune sabar, murah esem nanging uga disiplin. Carane nangani muride
mung nganggo katresnan.
“Edo, coba mrene, Nak!”
Edo enggal ngadeg banjur nyedhaki Bu
Ani sing nyawang dheweke antep.
“Mbok seleh endi HP mau? Jam pira
ngertine yen ilang?”
“Wonten tas, Bu. Ngertosipun bakda
ngaso kaping kalih.”
“Apa pancen pakulinanmu ndeleh HP
saenggon-enggon? Sapa sing ngerti kebiasaanmu iki?”
“Panci HP boten kula kanthongi, Bu.
Namung wonten tas. Kanca-kanca raket kula ngertos sedaya.”
“Sapa kanca raketmu?”
“Ridwan, Budi, Eko, lan Sapta, Bu.”
“Wis lungguha.” Bu Ani banjur
nyawang bocah papat kang kasebut mau. Ora let suwe Bu Erna lan Pak Hamdani
mlebu kelas.
“Boten wonten, Bu.”
“Ora apa-apa. Saiki coba Pak Ham
kaliyan Bu Erna madosi wonten jok sepedha montor. Bocah-bocah, coba sing nggawa
sepedha montor kuncine diaturake Pak Ham, njur ndherek Pak Ham mbukak jok.”
Ngendikane Bu Ani karo mesem. Pak
Ham lan Bu Erna ora ngira yen Bu Ani kagungan pamanggih kaya ngono. Nanging
guru loro iku kanthi cekatan njur tumandang. Bocah-bocah sing nggawa sepedha
montor dirazia. Sing ora kebukten oleh bali menyang kelas. Kari siji sing
durung dibukak, montore Eko. Kamangka bocah iku kanca kenthele Edo.
“Pak, sampun boten mungkin Eko
ingkang mendhet.” Edo ngendheg Pak Ham nalika jok arep dibukak.
“Edo, aku percaya yen Eko bocah
apik. Nanging iki ben adil. Rak ya ngono ta, Ek?” Pak Ham nyawang Eko antep.
“Nggih, Pak.” Jok dibukak. Kanthi
cekatan Pak Ham banjur nganthongi HP sing gumelethak ana jerone jok montore
Eko. Eko dhewe pucet. Edo sing ora ngira yen HP-ne ana kono nyawang Eko ora
ngerti karepe Eko.
“Wis, ayo padha mlebu kelas maneh,
Edo. Dakjaluk babagan iki ora perlu dikojahake kanca-kanca. Njur awakmu Eko,
sesuk dakenteni ana ruang guru.” Edo mung manthuk. Eko sing rada pucet. Awan
iku babagan HP bisa bubar sawise ditangani Bu Ani, guru Basa Jawa.
Sesuke, Eko methuki Pak Ham, wali
kelas Napoleon. Dheweke sadhar yen salah. mula ukuman apa wae mengko arep
ditampa. Sing penting Bapak lan Ibune ora weruh tumindak sing ala. Ah...kabeh
iki gara-gara Riri bocah kelas III Einstein. Eko pancen tresna marang Riri.
Nanging apa piwalese Riri?
“Tresna? Eko...Eko! Mbok nyawang
awakmu iki! Nggak level, gitu lho! Coba ngene, HP awakmu ora duwe! Njur kepriye
awake dhewe arep komunikasi?”mengkono unine Riri.
Eko lara ati. Banjur bengine nyuwun
HP ibune. Nanging, ibune malah duka. “Isih SMP bae kok cekelan HP. Kuwi ngono
manthuke dicekel wong-wong sing nduweni bisnis. Mengko bae yen wis SMA
dakpundhutake!” mengkono sumaure Ibu. Mula atine Eko pupus. Dheweke ora bakal
bisa pacaran karo Riri sing ayu kuwi.
“Mlebu, Ek. Aja mung ana ngarep
lawang,”swarane Pak Ham ngagetake Eko sing lagi glamunake Riri. Dheweke banjur
mesem. ”Ayo kene, lungguh kene,”Pak Ham ngrangkul pundhake Eko.
“Nyuwun pangapunten, Pak Ham,” Eko
ora wani nyawang gurune iku.
“Ya. Nanging awakmu ngene iki rak
rugi dhewe lho, Ek. Mbangun kepercayaan iku angel. Kok eman banget awakmu
ngrusak kapercayane Edo marang awakmu,” Pak Ham unjal ambegan dawa.
“HP iku ora kanggo mejeng. Nanging
nyekel HP iku pancen nduweni kaperluan. Awakmu rak ngerti ta, yen Edo nyekel HP
amarga omahe adoh saka sekolahan?” Pak Ham nyawang Eko maneh.
“Dakjaluk babagan iki aja dibaleni
maneh. Eman-eman, wong awakmu pinter, nggantheng lan anake wong sugih. Pak Ham
percaya Ibumu mesthi nduweni alasan geneya awakmu ora dipundhutake HP?”
Eko mung meneng ora bisa semaur.
Oalah, Riri...Riri. Pengin oleh katresnanmu bae dakrewangi nyolong HP. Eko mung
bisa getun. Pancen getun tibane buri. Nanging Eko janji ora bakal mbaleni
tumindake.
(Panjebar Semangat No.45, 11 Nopember 2006)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar