Mbangun Istana ing Awang-Awang
Abunawas
durung mulih. Jare bojone dheweke lagi nindakake laku suci bebarengan klawan
sawijining pendhita lan wong ahli Yoga. Mangka dinane Raja Harun Al Rasyid
pengin banget ketemu klawan Abunawas. Ora liya magepokan klawan rencanane sang
Baginda mbangun istana ing awang-awang. Mbangun istana ing awang-awang? Ora
ngegumunake, merga sawenehing raja-raja negara kiwa tengen Istana Baghdad wis
pada mbangun Rbangunan-bangunan kang ngedab-edabi uga.
Ora
wurung, Raja Harun Al Rasyid banjur utusan nggoleki Abunawas nganti ketemu. Sang
Raja seneng banget penggalihe nalika Abunawas wis kasil disowanake ing
ngarsane. Nganti-nganti Abunawas diajak gojeg lan ngobrol ngalor ngidul. Lan
sawise cukup anggone bawarasa, Raja Harun Al Rasyid banjur nelakake rencanane.
“Abunawas,
aku pengin banget duwe istana ing awang-awang amrih aku luwih kondhang saka
raja-raja kang ana. Apa kowe bisa mbantu Abu?”
“Istana
ing awang-awang?” Abunawas mung mikir karo kukur-kukur sirahe sing ora gathel.
“Abu....”
pandangune Raja dibaleni maneh ngagetake panglamune Abunawas.
“E...anu...mboten
wonten ingkang mboten saged dipun leksanakaken ing donya menika Gusti”
wangsulane Abunawa nyoba nyenengake Ratu Gustine.
“Yen
ngono tak pasrahake kabeh tugas iki marang kowe” prentahe Raja Harun Al Rasyid
marem.
Abunawas
kaget! Dheweke getun geneya ngomong sakencandhake mung dhimen nyenengake Raja
Harun Al Rasyid mau. Nanging senajan getun, tembung kang wis dipirengake Raja
Harun Al Rasyid ora bisa ditarik maneh. Yen diselaki ateges ukuman pati bakal
ditampa Abunawa. Abunawas saiki kepeksa kudu bisa mawujudake pepenginane Raja
Harun Al Rasyid.
Abunawas
dadi bingung...bingung...lan bingung...!Lambene ditapuki dhewe merga wis
lancang nyaguhi pamundhute Raja Harun Al Rasyid. Aja maneh kok mbangun istana
ing langit, mbangun gubuge dhewe wae nglengkara kok. Apa maneh Raja Harun Al
Rasyid mung paring wektu suwene seminggu. Rasane ora ana tanggungan urip kang
luwih abot kanggone Abunawas kejaba ngemban dhawuhe Raja Harun Al Rasyid. Mung
Gusti Allah wae kang bisa nyembadani kekarepane Raja Harun Al Rasyid, mangkono
grenenge Abunawas...
Dina-dina
lumaku kaya biasane. Ora ana kang ditindakake Abunawas kejaba mikirake amrih
Raja Harun Al Rasyid dadi yakin yen kang dibangun iku temen-temen istana ing
langit. Sakabehing pikirane ditokake lan digathuk-gathukake. Kepara Abunawas
uga nyoba ngeling-eling wektu nalika cilikane ndhisik. Nganti wusanane dheweke
lagi kelingan jamane dolanan layangan mbiyen. Lan ya bab iki kang ndadekake
Abunawas girang. Abunawas ora mbuwang-mbuwang wektu maneh. Abunawas bebarengan
klawan sawenehing kancane banjur nggawe layangan raseksa. Layangan kuwi banjur
digambari lawang sarta cendhela lan rerenggan liyane. Nalika sakabehe wis
rampung, Abunawas banjur ngumbulake layanga raseksa kasebut saka sawijining
panggonan kang dirahasiakake.
Ora
lidok, bareng layangan raseksa kang awujud istana kuwi mumbul ing awang-awang,
penduduk sanegara padha umyeg. Kabeh padha ngungun ana istana kok ing
awang-awng. Semono uga Raja Harun Al Rasyid girang ora karuan. Apa bener
Abunawas kasil mbangun istana ing langit? Kanthi ora sranta panjenengane
diampingi sawenehing nayaka praja lan prajurit padha gegancangan nemoni
Abunawas.
“Gusti
ingkang minulya, istana Paduka sampun rampung” pambagyane Abunawas nalika
dirawuhi Raja Harun Al Rasyid.
“Kowe
pancen hebat tenan Abunawas” pangalembanane Raja Harun Al Rasyid ora
entek-entek.
“Matur
suwun Gusti...matur suwun...” wangsulane Abunawas andhap asor.
“Banjur
piye carane aku mrana Abu?” pandangune sang Raja.
“Kanthi
migunakake tambang Gusti” ujare Abunawas.
“Yen
ngono siapna tambange saiki. Aku pengin enggal ndeleng istanaku saka cedhakan”
prentahe Raja Harun Al Rasyid ora sabar maneh.
“Wadhuh
pangapunten Gusti, kawula kala wingi kesupen masang tambang menika. Saengga
kanca kula kantun wonten ngrika lan mboten saged mandhap malih” ature Abunawas.
“Lho,
kowe dhewe? Nganggo apa anggonmu mudhun menyang bumi?” pandangune Raja Harun Al
Rasyid isih bingung.
“Kanthi
migunakaken swiwi Gusti!” jawabe Abunawas sakepenake.
“O..ngono?
Yen ngono aku gawekna swiwi kareben bisa mabur mrana” prentahe Raja Harun Al
Rasyid.
“Pangapunten
Gusti ingkang minulya, swiwi menika namung saged kaciptakaken ing pangimpen
kemawon” ature Abunawas njlentrehake.
“Karepmu
ki piye? Aku mbok anggep wong edan kaya kowe sing senengane ngimpi ngono pa
piye?” bentake Raja Harun Al Rasyid sinambi mencereng.
“Nuwun
inggih Gusti. Kirang langkung kados mekaten” jawabe Abunawas kendel banget.
“Hah,
apa karepmu?” pandangune Raja Harun Al Rasyid santak.
“Gusti
Harun Al Rasyid pirsa ta menawi mbangun istana ing awang-awang menika pakaryan
ing mustahil. Nanging panjenengan tetep paring printah kawula amrih nindakake,
lan kawula tetep nyagahi dhawuh Panjenengan dalem ingkang mboten tinemu nalar
menika” ature Abunawas nyoba ngyakinake Raja Harun Al Rasyid.
Tanpa
pamit Raja Harun Al Rasyid mak klepat nedya bali menyang istanane. Abunawas
mung ngejejer wae sinambi nyawang layangan gaweyane kang ngawang ing
awang-awang.
“Satemene
sapa ing antarane kita sing edan?” pandangune Raja Harun Al Rasyid wiwit
jengkel.
“Kawula
kinten kita kekalih ingkang sami-sami mboten saras Gusti” jawabe Abunawas tanpa
kuwatir.
Pisan
iki Raja Harun Al Rasyid bener-bener kewirangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar