bee

Jumat, 20 Juni 2014

Pakdhe Jono

Pakdhe Jono

            Wong tuwa setengah umur sing duwe jeneng Pakdhe Jono kuwi ing sekolahan akrab banget karo sapa wae. Wong-wong sing kapinujon mlaku lan simpangan karo dheweke mesthi mantuk, mesem, sajak rumaket banget. Pancen ora ana wong sing duwe rasa wedi marang dheweke. Pakdhe Jono iku dudu guru, dudu kepala sekolah, uga dudu pejabat, wong mung dhapur sawijining tukang kebon.
            Yen katandhing wong-wong liyane ing sekolahan kono, pagaweyane Pakdhe Jono iku klebu kang paling asor dhewe. Kena diumpamakna dheweke kuwi dadi sikil sing saben dina diplayokake kanggo kongkonan mrana-mrene. Sawayah-wayah yen ana barang kumliwer ing sekolahan dadi tanggung jawabe, kudu diresiki. Senajan mangkono Pakdhe ora duwe rasa ngresula. Sakabehing pakaryan mau ditampa minangka sawijining sesanggeman sing kudu diayahi.
            Pakdhe Jono uga ora rumangsa gela atine, senadyan wis mataun-taun anggone nyambut gawe ing papan kono, nanging saben ana angkatan pegawe nganti saprene durung nate katutu. Kangone Pakdhe jroning urip iki satemene dudu drajat pangkat utawa bandha donya kang diupadi. Nanging katentremaning batin. Jalaran ya amung jroning swasana tentrem ngono kuwi, rasa bisa sumeleh saengga bisa ngabekti marang Gusti Kang Merba Jagad.
            Saben dina Pakdhe Jono mesthi tangi esuk banjur reresik sekolahan. Sadurunge bocah-bocah sekolah lan para guru teka, plataran sekolahan lan ruang guru wis katon resik tumata. Kabeh mau ditindakake kanthi sembada tanpa ana rasa kapeksa. Pakdhe uga ora nate mbantah yen diprentah dening para guru utawa kepala sekolah.
            “Pakdhe Jono, njaluk tulung tukokna rokok neng tokone Bu Parti, kandha yen sing kongkon aku, dhuwite keri,”prentahe Pak Slamet, guru kesenian ing sekolahan kono.
            “Enggih, Pak,” sambunge Pakdhe Jono sing wektu iku lagi resik-resik laboratorium.
            Dikandhani yen dhuwite keri, Pakdhe Jono banjur ngunclug menyang tokone Bu Parti. Pancen Pakdhe Jono wis apal, yen Pak Slamet kuwi nekek banget menyang rokok. Dheweke ora bisa mulang yen ora karo udut. Mula yen tanggal tuwa ngono kuwi mesthi bon rokok menyang tokone Bu Parti. Nganti sing duwe toko wekasane apal. Mula Pakdhe Jono sing wektu iku dikongkon dening Pak Slamet uga digawani rokok. Adate sauger tanggal nom kabeh bon-bonane mesthi dilunasi.
            Sawise menehake rokok marang Pak Slamet, Pakdhe Jono mbacutake pakaryane dina iku, resik-resik laboratorium. Pakaryan dadi tukang kebon ngono kuwi satemene kalebu sawijining pakaryan kang abot tumrap wing saumur-umurane. Saben dina kudu tandang gawe sing ora entheng. Nanging Pakdhe wis kulina urip sengsara, uga wis ora kaget. Mangan kurang nyandhang cingkrang wis dadi sega jangan lan pakulinan ing saben dinane.
            Pancen wiwit cilik Pakdhe Jono wis komplit anggone ngrasakake kasangsarane urip kang matumpa-tumpa. Nalika isih enom lan durung nyambut gawe ana sekolahan kono, dheweke tau melu main ludrug, pindhah saka tobong siji menyang tobong liyane. Nalika semana ludrug pancen diangep sawijining tontonan mirunggan, awit kejaba kanggo panglipuring ati, uga kena kanggo nggugah semangat. Mula ora aneh nalika jaman penjajahan ludrug kena kanggo wadhah perjuwangane para mudha sing kepengin labuh negara. Malah kanthi kidungane Cak Durasim “Pangupon omahe dara, melu Nipon tambah sara” ludrug entuk papan ing atine rakyat kala semana.
            Nanging bareng klwana owah gingsiring kahanan, saya suwe ludrug saya kesisih saka pasrawungan. Ora beda adoh karo grup ludrug liyane, ludruge Pakdhe Jono uga bubar. Senadyan mangkono getih senine Pakdhe Jono ora garing. Dheweke banjur ngumbara ngulon parane menyang tlatah Yogyakarta. Kanggo nyalurake krenteging jiwane minangka seniman, Pakdhe Jono nggabung karo sawijining grup kethoprak. Ing kono dheweke ketemu karo sawijining bocah wadon aran Trisni kang saiki dadi sisihane.
            Rumangsa wis duwe tanggung jawab nguripi kulawarga, Pakdhe Jono banjur mboyong Trisni bojone menyang Tulungagung, kutha kelairane. Kebeneran dheweke duwe tangga sing dadi kepala sekolah. Pakdhe Jono terus dikon dadi tukang kebon ing sekolahan kono nganti saprene. Senajan asile ora mingsra, nanging kanggone Pakdhe Jono ana sing kanggo mblanja Trisni ing saben dinane. Trisni dhewe tujune uga kalebu nriman. Sewulan diblanja saanane ngono wae uga ora tau ngresula. Kanggo ngrewangi bojone supaya cukup, Trisni ora sungkan-sungkan nggawa pametune tegal menyang pasar saperlu diijolake kabutuhaning urip ing saben dinane.
            Sing njalari Pakdhe krasan ing sekolahan kono ora ana liya perkara gamelan. Ing sekolahan kono ana gamelan rong rancak, pelog lan slendro. Saben wektu gamelan iku dienggo latihan dening para guru lan murid sing rumangsa tresna marang kesenian tinggalane leluhure mau. Saben krungu swara gamelan ngumandhang, atine Pakdhe krasa tentrem. Getih senine kaya ginugah mili, nggeterake jantunge. Pakdhe Jono uga banjur melu-melu nabuh gamelan. Yen wis ngono kuwi wewayangan nalika dheweke isih melu main ludrug lan kethoprak bali nggodha ati. Ing sekolahan kono Pakdhe Jono kaya entuk papan kanggo ngembangake krenteging jiwane minangka seniman.
            Nanging emane ing alam donya iki ora ana samubarang kang langgeng. Nalika sekolahan iku direhab, gamelan banjur dikukuti, dilebokake gudhang. Wekasane ruangan sakawit kanggo nggelar gamelan, katut kanggo ruangan sekolahan. Sawise sekolahan rampung direhab, kanggone Pakdhe Jono saben dina mung lumaku kanthi rasa sepa, awit ing kono terus wis ora keprungu maneh swara gamelan.
            Yen pinuju ngaso, Pakdhe Jono nyoba nyedhaki bocah-bocah sekolah sing lagi njajan ing kantine Bu Marto. Pakdhe Jono ngelus dhadha saben-saben takon menyang bocah-bocah SMP kuwi, pranyata siji bae wis ora ana sing seneng marang seni tradhisional Jawa. Kesenian tinggalane leluhure kuwi jebul wis dianggep barang kuna, sing mung kari pantes dideleh ing museum.
            “Damel napa Dhe ngapalaken jeneng wayang, sing penting pinter basa Inggris, ngerti komputer, gampang golek gaweyan. Ora ngerti jeneng wayang ora patheken.” Ngono wangsulane bocah-bocah kuwi saben Pakdhe Jono takon.
            “Pancen yen kanggo golek gawean sarate akeh-akehe kudu ngono, pinter komputer, wasis basa Inggris. Nanging yen kanggo hiburan apa kowe uga ora seneng ngrungokake gendhing-gendhing Jawa?”Pakdhe Jono isih terus mlesih.
            “Ah, gendhing-gendhing Jawa kuwi kuna, Pakdhe. Yen butuh hibutan ya rock, nyanyi karo lunjak-lunjak katon sigrak. Utawa ndhangdut, sing goyangane bisa ngobahake jagad. Gendhing Jawa marahi ngantuk.”
            Pakdhe Jono terus trima ngalih, banjur kluntrung-kluntrung nyedhaki sanggar tari sebelah sekolahan. Ing kono, wayah ngono kuwi adate Bu Erni ngajar tari. Pakdhe Jono pengin nonton tari-tarian Jawa sing wis ditepungi. Ning ana kono ya terus ngelus dhadha maneh. Jebul Bu Erni saiki sing diwulangake ya dudu tari tradisi, nanging tari kreasi. Kuwi njalari atine Pakdhe Jono saya keranta-ranta.
“Lare-lare, kok, boten dipunwucal tari tradisi ta, Bu?” pitakone Pakdhe Jono diwanek-wanekake nalika Bu Erni rampung mulang.
“Kesuwen, Pakdhe. Saiki wis angel ngrembaka. Beda karo tari kreasi, kejaba luwih gampang uga akeh sing seneng,” sambunge Bu Erni entheng.
Pakdhe Jono saya keranta-ranta. Kepengin banget rasane dheweke mrangguli dumadine owah-owahan ing sekolahan kono. Saben dina krungu swara gamelan sing ditabuh para guru lan bocah-bocah.ing sanggar tari ana maneka warna beksa tari tradisi kaya biyen kae. Nanging apa kekuwatane Pakdhe Jono kanggo mujudake kabeh mau, jalaran dheweke iku mung sawijining tukang kebon. Saupama dheweke iku guru, mesthi bakal mulang murid-muride ngenani seni tradisi sing wis kondhang adiluhung kae. Nanging sepisan maneh dheweke kuwi mung tukang kebon.
Ing sawijining dina, sekolahan kono katekan guru anyar. Guru mudha sing mulang basa Jawa. Pakdhe nyicil ayem. Duwe pangarep-arep guru anyar kuwi bakal bisa gawe gebragan anyar. Paling ora, jumbuh karo sing diwulangake yaiku bahasa Jawa, guru anyar sing duwe jeneng Pak Asmoro kuwi rak bakal mulang gendhing-gendhing Jawa marang murid-muride. Kanthi mangkono ora suwe maneh mesthine gamelan sing sasuwene iki diglethake ana gudhang uga bakal kagelar maneh, lan saben dina kanggo latihan, terus saben dina ing kono keprungu kumandhange swara gamelan kaya biyen.
Pakdhe Jono krasan ana sekolahan. Saben wektune senggang, terus jagongan karo Pak Asmoro, tukar kawruh ngenani seni tradisi. “Miturut panjenengan, menapa crita wayang menika taksih perlu dipunwucalaken dhateng murid SMP, Pak Guru?”
“Wah, nggih taksih, Pakdhe. Awit ngemu piwulang sae. Saking crita wayang saged angsal gambaran awon-sae kangge mbentuk budi pekerti,” wangsulane Pak Asmoro.
Saka anggone omong-omongan iku, Pakdhe bisa nggagapi guru anyar kuwi ketoke uga gedhe kawigatene marang seni tradisi. Kapan embuh wayahe, dheweke mesthi bakal gawe gebrakan kanggo ngangkat nasibe seni tradisi lan ing sekolahan kono bakal keprungu maneh ngumandhange swara gamelan.
Pak Asmoro sing mulang basa Jawa kuwi pancen iya pengin gawe owah-owahan. Kekarepane mau dikandhakake marang pihak sekolahan. Pranyata disetujoni dening kepala sekolah lan guru-guru senior. Nanging emane, gebragane guru anyar kuwi ora bali nggelar gamelan, malah gamelan rong rancak sing ana gudhang iku didol banjur diijolake drumband.
Pakdhe Jono bali ngelus dhadha. Embuh, wis kanggo sing kaping pira.


(Panjebar Semangat No. 31, 1 April 2007)

4 komentar: