bee

Jumat, 20 Juni 2014

Cinta Laura

Cinta Laura

            Wengi sangsaya sepi, aku isih gulang-gulung ing kasur sowang-sowangan, arep metu saka kamar kos, kanca-kanca ya wis dha mangkat kabeh. Timbang nganggur chating rak penak, eee sapa ngerti entuk kenalan cewek ayu, batinku. Gregah aku banjur mencolot saka tempat tidur, nguripke komputer saperlu OL. Durung suwe aku on line kok ana sing ngaruh-aruhi luwih dhisik kanthi nick name nganggo jeneng blast.
            “Aloooooo co kesepian”, ngono ukara kang sepisanan metu ing layar monitorku. Aku pancen nganggo tenger co_lonely.
            “Aloo juga,” aku nyoba mbales kanthi ukara kang rinkes. Aku dhewe durung ngerti sing ngaruh-aruhi ki wanodya apa pria.
            “Boleh nalan ga?” ngono sambunge. Aku isih mikir sapa sing ana pucuking kabel iki.
            “Napa ga boleh, berteman kan ga ada slhnya. Tapi tolong aslna dung”, aku bales ganti nganggo ukara gaul kang umum dienggo ing jagade donya maya. Asl kuwi cekakan saka age sex and location, utawa umur, jinis lan panggonan.
            “18 f yk”, wangsulane pawongan saka kabel kana. Aku saiki lagi ngerti menawa sing ngajak wanuhan karo aku iki wanodya saka Jogya kang lagi umur 18.
            “Km ndiri?”, sambunge tulisane saka wanodya iki. Km kuwi tegese kamu, kowe.
            “22 m yk, tapi skrg lagi di Belik. Kamu kul dimana?”, aku nyoba takon lan rumangsa yakin yen ing sabrang kana wis kuliah.
            “Yup, msh kul, km di Belik ngapain? N dmn Belik tu. Eeee nganggo basa Jawa wae yo mas, kita kan sama-sama dr ngaYogyakarta Hadiningrat”, ngono kang ditulis, ya wangsulan, yo pitakonan yo pangajak.
            “Lg penelitian, kw kul nang ngendi?”, pitakonku ndhesek. Ing jagade chat kw pada karo km utawa kowe, kul kanggo istilah kuliah.
            “Kul neng UPY, lah kw dhewe?”, jawabe karo genti takon.
            “Aq kul ana Universitas Neng Yogya”, wangsulanku semblothongan. Aku yakin menawa dhekne mesti takon soal Universitas Neng Yogya.
            “Ngendi kuwi Universitas Neng Yogya? Aw kok lg krungu, sing bener wae”, pitakonan saka sebrang kabel ora percaya karo sing dikandhakake.
            “Bener kok, kampuse ana mrican, biyen jenenge IKIP. He...he...he..”, wangsulanku negeske. Pancen ra salah to nek UNY tak dawake dadi Universitas Neng Yogya. Pancen manggone nang Yogya.
            “Oalaaah UNY to, harak le ndawake kok yo ora sakbenere lo...”kandhane nutuh.
            “Nang UPY semester pira?” aku takon maneh soal kuliahe.
            “Lagi semester 2 kok Mas, aku sebut mas yo, aku yakin nek ncen wis tkt akhir, wong lagi penelitian, nggarap skripsi tah. Undangen wae jenengku Cinta Laura biasa diundang Cinta”, ngono wangsulane kanthi lengkap lengkip, nganti kang durung tak takokke barang ya dikandhakke. Kanthi nyebut jeneng Cinta Laura ki kok bayanganku banjur marang kenya kang huwayu kae, bintang sinetron.
            “Yups, ncen lg nggarap skripsi. Sesuk yen aku mulih Yk ktmuan gelem?”aku nyoba takon apa dhekne gelem dijak kekancan tenanan.
            “Gelem ae Mas, malah sapa ngerti bisa bantu aq nek entuk tugas he...he...he”.
            Ukara-ukara kang lumintu lancar lewat keyboard kuwi dumadi sewulan kepungkur nalika aku nggarap penelitian ing Belik Pemalang sinambi nunggu tekane wengi kang tansaya sepi.
***
            Rong wulan sakwise pertemuan liwat dunia maya aku nyoba arep nyambangi langsung ana cedhak kost-kostane ing Wirobrajan. Nanging Cinta durung gelem tak temoni ana kost-kostan, njaluke ketemu dhisik ana rumah makan ayam goreng mBah Belatik ing Wirobrajan. Mula awan iki sakdurunge aku menyang Wirobrajan aku nyoba telpon dhisik.
            “Haloo Cinta, sida ora ketemu ana ayam goreng mBah Belatik”, ngono sing sepisanan tak takokke ing telpon.
            “Haloo, yo sida to Mas, trus piye ciri-cirine, awake dhewe kan durung padha dene weruh kaya apa prejengane”, kandhane mangsuli aku kari njegigisan.
            “Yo nang ngarep rumah makan dhisik, aku mengko nganggo kaos biru topi ireng nganggo tulisan East Timor”, aku ngandhakke ciri kang mengko kanggo tandha.
            “Yo Mas, aku mengko nganggo klambi abang celana jins ireng”, Cinta genti aweh tanda kang arep dianggo mengko.
            “Yo wis nek ngono, mengko ketemu jam loro awan yo”, aku mangsuli. Nanging sejatine aku wis duwe rencana nek ora arep nganggo klambi lan topi sing tak kandhakake. Aku arep nyoba dhisik kaya apa bocahe.
            Tenan awan jam loro, aku wis ngenteni ana ngarep rumah makan ayam goreng. Nanging nganti setengah jam ngenteni tetep durung ketok tandha-tandha wanita kang nganggo klambi abang clana jins ireng. Aku nyoba telpon nanging sing nampa mbak Veronica, alias telepone dipateni. Bubar kuwi aku banjur mateni telpon genti. Ngono kuwi bola-bali tak jajal telpon meksa ora ana sambungane dene sing tak enteni durung ketok irunge saktugela. Sing tak weruhi malah ana cewek huwayu rambut dawa nganggo kaos warna biru langit lan rok warna biru tua, lagi lungguh dhewekan ana ngarep studio foto. Mbuh kuwi sing duwe toko apa tamu aku yo ra ngerti. Sak jam anggonku ngenteni meksa ora ketok saipit-ipite, mula aku banjur bali kanthi ati kang kesuh, jengkel, mangkel lan sak kanca-kancane. Aku banjur sms kang surasane mangkene “Satu jam sy n-gu di depan RM mBah Belatik tetapi Cinta tdk kliatan, qtelp ga aktif, kemana kamu?” ngono pitakonku. Eh bubar kuwi aku malah enggal entuk wangsulan. “Sm Mas, q jg n-gu hpr 1 jam, q telp hp jg dioffkan, pancene mas nganggo klambi apa? Tdk sesuai janji yo?” ngono panutuhe. Aku banjur telepon kareben cetha dhudhuk persoalane.
            “Aloo Cinta, sori mau lali ra ngandhani nek aku ganti klambi. Aku kawit jam loro wis ngenteni ana ngarep RM ayam goreng nganggo kaos krah abang lerek, nanging ora nganggo topi” ngono pocapanku kang sepisanan bareng telpone diangkat.
            “Oalaah Mas, dadi mblenjani janji yo, kepengin ngerti sapa aku to? Ning yo padha-padha kok, aku yo ora sida nganggo klambi kang tak janjekke, aku nganggo kaos biru langit lan rok biru tua. Sorii juga Mas. Ning kira-kira aku wis ngerti sampeyan kok” ngono aku krungu suara saka kana.
            “Oooo, nek ngono aku yo ngerti kowe sing lungguh ana ngarep toko studio foto kuwi to” aku negeske pandugaku.
            “Yo bener mas”, liya dina bisa ketemuan tenanan to, ning aja padha-padha mblenjani janji lo ya, ketemu ngono wae apa anane, rasah ndadak kaya detektif” Cinta isih nyoba menehi kalodhangan kango ketemu.
            “Yo makasih Cinta, muga-muga persahabatan yang sudah terjalin ora mandheg marga ngapusi le dha nganggo klambi. Aku lan slirane mung padha-padha kepengin ngerti sapa sejatine to sakbenere. Najan durung ketemu gathuk ning rak masing-masing wis bisa nggraita. Muga-muga wae kita bisa kekancan luwih raket yo?” ngono komentarku sakwise Cinta kandha yen isih ana kesempatan kanggo ketemu.
            “Yoo iya lah Mas”
            Nek pancen bener cewek sing tak weruhi ana ngarep Studio foto kuwi pancen Cinta Laura ya aku bisa wae dadi cinta karo Laura”, ngono batinku, ning yo mbuh ah, wong arep ketemuan pisanan wae nganggo inceng-incengan. Nanging yen bisa dadi pacarku tenan yo tambah nges yakke. Mbuh ah...ning tenan kuwi kowe Cinta Laura? Aku nunggu wektu kanggo ketemu sliramu Cinta Laura.


(Panjebar Semangat No. 52, 25 Desember 2010)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar