Mantan Demonstran
“Aku ora sida melu kok Mas
Krepo!”kandhane kanca-kancane buruh pabrik cilik esuk iku nalika wis padha
nglumpuk ing ngarep warung wetan gapura.
Sejatine pabrik lagi bukak jam wolu,
nanging esuk iku pancen wis padha kangsen teka luwih gasik lan banjur arep
bebarengan nekani dhemo buruh.
“Wah, semelekethe kabeh,” wuwuse
Krepo rada sengol jalaran kancane kang dikangseni siji bae ora ana kang melu
mangkat. “Kamangka dhemo dina iki tujuwane merjuwangke bayare wong-wong kaya
awake dhewe iki supaya bisa mundhak.”
Kabeh ora ana kang kekandhan. Siji
bae ora ana kang mingset saka anggone lungguh ing jok motore. Karo nyawang
Krepo kang ngecengake tali sirah saka kain werna putih ditulisi cet abang
mbranang.
“Tenan iki, ora ana kang melu
mangkat?” pitakone Krepo gagah karo ngeslah montore. “Merdeka!”
“Merdeka!” kancane kabeh tetep ora
mingset saka sedhel montore nalika Krepo kanthi gagah ninggalake ngarep
plataran pabrik kang durung bukak esuk iku.
“Asline aku wedi menawa dipecat.
Terus anak-bojoku dakpakani apa? Hayo?” saungkure Krepo kanca-kancane wiwit
ngetokake panguneg-unege.
“Eii, ora bisa! Awake dhewe iki
sejatine ora bisa dipecat mung karana melu dhemonstrasi, jalaran kabeh iku wis
dijamin dening aturan,” tumanggape buruh liyane. “Undhang-undhang menjamin
buruh untuk berserikat. Nha, dhemonstrasi iku salah sijining bentuk dari
berserikat mau.”
“Bener omongmu. Sok mengkonowa bisa
wae pabrik anggone mecat ora nganggo alasan melu dhemo, nanging merga awake
dhewe mbolos anggone kerja.”
Kanyatane Krepo ora dipecat. Mbok
menawa jalaran Krepo klebu pengurus organisasi serikat buruh sing pancen tukang
dhemo. Sing duwe pabrik wedi mecat sanajan Krepo kerep mbolos nyambut gawe.
Sumelang pabrike mlebu ing berita televisi kang tundhone dadi dredah lan mesthi
wae njalari pabrike entuk cap minangka ‘pabrik anti dhemokrasi’ kang wusane ora
entuk ‘buyer’ langganan saka njaban rangkah.
Wektu iki wis ora jeneng wadi menawa
televisi, koran, internet, lan bisa uga radio, duwe kaya kekuwatan linuwih
kanggo nemtokake laku panguripaning masyarakat ing babagan ekonomi, politik,
sosial, lan uga budaya. Ora sethithik pabrik ambruk jalaran diwartakake anggone
mbayar karyawane nyalahi aturan. Ora sethithik pawongan kang dadakan sugih
jalaran dikabarake ing internet lan televisi, ora sethithik pawongan dadakan
dhuwur drajate marga saking kerep anggone ndobos ana ing koran lan televisi.
Nanging uga ora sethithik pawongan
kang anjlog pangkate, mudhun drajat martabate, ambruk pabrike, rusak nalare
marga anane televisi, koran, radio, lan internet. Cethane kaya saweneh senjata
naggala, tumbak nyenyep loro, ana kalane kena kanggo nggeret munggah kang lagi
ana ngisor, nanging wektu liya uga bisa kanggo ngganthol kang lagi methangkring
ing ndhuwur.
“Media itu akan selalu berpihak
kepada orang-orang seperti kita, Mas Krepo,” kandhane sawenehe pengurus
‘organisasi buruh tukang dhemo’ marang Krepo sawijining wektu nalika kekarone
lagi ngrancang ‘dhemonstrasi akbar’.
“Tivi lan koran kuwi seneng
martakake kekurangane negara, terus wong-wong kaya awake dhewe iki seneng
nyacad negara. Klop!”
“Kamangka yen awake dhewe wis
direwangi tivi lan koran, sapa maneh kang wani? Rak ya ngono ta mbak Yanti?”
kandhane Krepo karo nglapurake anggone kasil golek dana kanggo ragad
‘dhemonstrasi akbar’ minggu ngarep.
“Mas
Krepo becike mugen anggone ngurus nasibe kanca-kanca wae. Karepku, kepriye
menawa Mas Krepo metu saka pabrik wae, banjur mugen ngurusi kanca-kanca,”
rembuge Yanti nalika semana.
Krepo isih kelingan nalika dheweke
metu saka anggone dadi buruh pabrik lan banjur mligi ngurusi dhemo. Jebul
oleh-olehane malah luwih gedhe tinimbang blanjane buruh pabrik, semono uga
Yanti lan kanca-kanca liyane kang dadi pengurus ‘organisasi buruh tukang
dhemo’. Ora ngerti kepriye carane ngedum dhuwit saka donatur dhemo, kang cetha
uripe Krepo dadi luwih ngglenter sawise dadi pengurus dhemo buruh.
“Dhemostran buruh iku ora kudu dadi
buruh, Bu.” Kandhane Krepo marang bojone wektu iku.
“Lha mengko yen wis ora ana dhemo
terus anak bojomu kok pakani apa?”wangsulane bojone.
“Ing negara penuh kebebasan kaya
negarane dhewe iku, dhemonstrasi mesthi kudu ana. Iku wis syarate negara
dhemokrasi. Dhemo lagi ora ana menawa buruh-buruh iku wis padha dadi pejabat!”
“Lha yen kabeh dadi direktur, dadi
pejabat, banjur sapa kang dadi buruh lan dadi pegawe cilik?”
Nalar apa ora, nanging Krepo ora
wangsulan. Kang cetha, saben dina Krepo wis ora mangkat nyambut gawe menyang
pabrik. Gaweyan kang pokok tumprape Krepo yaiku golek donatur, penyandhang
dana, ing papan ngendi bae. Mesthi wae gaweyan iki gaweyan kang wadi banget,
mula senajan Krepo klebu pengurus organisasi dheweke ora nate diwartakake ing
koran, ora diwawancarai televisi. Beda karo Yanti kang dadi koordinator
lapangan (korlap), kang ngatur lan tanggung jawab nalika dhemo, saben wektu
mlebu layar televisi lan jenenge ditulis ing koran. Yanti dadi selebritis
dadakan.
Prasasat wong ing kutha iki ora ana
kang ora tepung marang Yanti Si Perempuan Pejuang Kaum Buruh, saweneh gelar
kang ngedab-edabi banget. Kosok baline ora ana kang tepung marang Krepo Si
Pencari Dana. Kabeh iki jalaran anane televisi, radio, koran, lan internet,
kang mblithuk lan mblingerake utege kang ngrungu lang kang maca. Mesthi bae
kabeh iki dudu lupute koran, internet, lan televisi kang nggiyarake, nanging
merga saking gobloge kang nonton, kang maca, lan kang ngrungokake, kang gampang
banget kapilut. Eloking kahanan, kang nonton lan keblithuk, kang krungu lan
keblinger, kang nulis lan ora ngerti, dianggep klumpukane suwara warga
masyarakat lan uga dianggep klumpukane suwarane warga masyarakat kang sinebut people power, kekuwatan rakyat.
Mula, senajanta Krepo rumangsa aneh
nalika krungu Yanti disengkakake ngaluhur dadi punggawaning pamarentah, kabeh
pawongan lan kanca-kancane Krepo siji bae ora ana kang ngarani menawa warta iku
aneh. Bisa bae Yanti disengkakake ngaluhur dadi punggawa pamarentah karana
pancen diangkah supaya ora bakal ana dhemo maneh jalaran tukange dhemo wis dadi
wong pamarentah.
“Lunga ya lunga, nanging mbok aja
dadi punggawa pamarentah,” Krepo gumreneng nyaruwe lungane Yanti. “Yen kaya
ngene banjur sapa maneh kang percaya marang ‘organisasi buruh tukang dhemo’?”
Krepo kaya wong tiba kebrukan andha,
organisasine bubar isih ketambahan dikuya-kuya liya lan dianggep pengkhianat perjuangan.
“Coba, yen kaya mangkene banjur
priye, Pak?” kandhane bojone nalika ngerteni Krepo ora bisa pindhah menyang
organisasi buruh liyane jalaran organisasine dhewe wis kadhung entuk cap
kadidene organisasi kang mirong banjur mbalik melu pamarentah. Tansaya cilaka
jalaran Krepo dianggap mata pita.
“Pak, perjuwangan idealis iku ora
ana. Saiki ora usah merjuwangke idealisme semu. Kawitane pancen bengak-bengok
‘kita perjuangkan idealisme kita’, nanging yen diwenehi gula banjur ngerti
legine gula, sapa sing gelem nglepeh?”kandhane bojone Krepo kang biyene pancen
lulusan universitas, dene Krepo mung lulus sekolah kejuruan lan mogol kuliyag
merga ketungkul anggone seneng dhemo.
“Saiki becike kowe nggolekana mbak
Yanti. Yen bisa ya njaluka gulane sethithik, melu ngrasakake legine. Kepepete
dadi tukang sapu ya ora dadi ngapa, waton bisa nyekolahake anak,”pamrayogane
sing wadon.
Sidane Krepo manut. Motore diedol,
pamrihe bisa dienggo sangu menyang kutha raja nggoleki kantore Yanti, kancane
dhemo biyen. Mbokmenawa Yanti eling nalika lara lapa biyen, lan banjur menehi
pagaweyan marang dheweke, sukur-sukur pagaweyan kang murwat.
Nanging kang jeneng gegambaran mono
pancen luwih endah tinimbang kanyatan. Lagi arep mlebu kantore Yanti wae, Krepo
wis ditulak dening satpam regol.
“Kula menika rencangipun Ibu Yanti!”
Krepa ngrerepa.
“Betul, Bapak. Tetapi bertemu Ibu,
tidak semudah itu. Harus dijadwalkan lebih dahulu. Njenengan saking kantor
pundi, lan pundi surat tugas saking kantor?” kandhane Satpam mau pancen bener
lan pener, nanging nglarakake ati.
Dina kaloro, Krepo njarag teka ing
ngarep kantor luwih esuk maneh, ing karep mengko Yanti, bakal meruhi dheweke
lan banjur nyeluk.
“Satpam iku bakal kisinan. Pawongan
sing wingi daktulak jebul pancen kancane Bu Yanti? Hahaha...”pamikire Krepo
mesam-mesem.
Nanging gegambaran pancen luwih
endah saka kanyatan. Krepo meruhi Yanti mudhun saka mobil ing ngarep kantor lan
banjur mlebu tanpa mengo maneh. Mbokmenawa Yanti wis ora meruhi satpam kang
mbukakake lawang mobil, apa maneh marang Krepo kang njogrog ing regol gedhong.
Dina katelu, Krepo teka luwih esuk
lan diniyati mulih tekan sore. Mbokmenawa saka njeron mobil Yanti meruhi wong
kuru kang lungguh njogrog ing ngarep regol. Nanging gegambaran pancen luwih
endah saka kanyatan, wong ing njero mobil sedhan iku wis ora meruhi kahanan ing
njaban mobil.
Dina kepapat, kelima, Krepo tetep
lungguh ing ngarep regol, kalungan dluwang ditulisi ‘mantan demonstran’. Mbokmenawa ana mantan demonstran liya kang
saiki dadi punggawa pamarentah banjur migatekake dheweke. Nanging gegambaran
pancen luwih endah tinimbang kanyatan. Sedhan liwat regol, kang ana njerone
sajak wis ora meruhi kedadeyan kang ana njaban mobil maneh.
Dina kanem, Krepo isih lungguh ing
papan iku. Dina kapitu, isih ana papan iku. Dina kawolu, kesanga, lan sateruse,
Krepo isih ana ing papan iku. Sandhangane wiwit letheg, kalung dluwang uga
tansaya ireng. Dina sabanjure, Krepo isih lungguh ing papan iku.
Dina kang ora ngerti maneh, ana
bocah-bocah sekolah kang liwat ing ngarep gedhong kantor iku. Sajake ana kang
cingak.
“Biyen nalika aku liwat kene, patung
iki durung ana lho...” kandhane sawenehe bocah sekolah mau karo nyedhaki lan
ngiling-ilingi Krepo kang wis arupa ireng atos.
“He.. ana tulisane: mantan
demonstran!” sing liya maca dluwang kang gumantung ing dhadhane Krepo kang
saiki wis dadi watu.
(Panjebar Semangat No.38
22 Septembet 2012)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar