Isih ana jenemgmu ing atiku
“Wis
ta Bal, ora usah kok gelani maneh, sing wis ya wis. Kowe kuwi lho, kaya ra ana
cah wedok liyane,”ujare Mbak Novi,
ngeyem-eyem aku.
“Tapi
aki wis kebacut tresna Mbak. Mung Ayin sing isa gawe atiku kepencut!”
“Iqbal,
Iqbal. Ngiloa ta jal”mbak Novi ngomong ngono sinambi ngelung-ke pengilon ning
ngarep raiku. “Kowe kuwi nggantheng, ora beda karo Afgan. Nek golek cah wedok
sing luwih saka Ayin ae akeh, menang milih.” sajake Mbak Novi semu gregeten
karo aku.
“Ora
masalah aku iki nggantheng apa ora Mbak, tapi iki masalah ati mbak, ati…”
ujarku karo nuding dhadha, nandhesake.
“Alah
ya wis Bal, sakarepmu. Sing jelas bab iki aja ndadekake awakmu nglokro kaya
ngono. Pesenku mung adohi silet, baygon, aja menek gentheng ya.”
“Orak
ah mbak, ra nganti kaya ngono lah. Cukup sekali aku merasa kegagalan cinta.”
“Kaya
lagu ae, ya wis, aku tak mulih sik ya, jaga awakmu” Mbak Novi pamit karo aku,
tak wangsuli manthuk wae.
Baline
Mbak Novi ora ateges aku mari anggonku susah. Isih tetep krasa lara atiku iki.
Banget nget nget. Rasane aku kaya muter slide film sing lagi mentas tak tonton
isih cetha wela-wela blegere Ayin karo bojone lungguh ing dhampar kencana.
Katon sumringah, suka parisuka. Dulang-dulangan, poto-potoan mesra. Ora ngerti
sing nyawang dheweke kanthi rasa sungkawa. Atiku kaya dipalu, remuk. Ajur
mumur.
Tapi
raketang tresnaku pedhot dalan aku isih muji syukur nate ngrasakake sesambungan
karo Ayin sing suwene mung sakedhepan mata iku. Raketang biyen aku mung dadi
pelarian thok. Ayin kuwi kakak tingkatku, sak semester luwih dhuwur saka aku,
ayu cilik, ireng manis, lucu lan isih seneng aleman. Isih seneng-senenge
yang-yangan tapi wis dijodhokake karo wong sing luwih tuwa limang taun saka dhekne. Ya mesthine ora langsung gelem.
Aku
kenal Ayin pas daptar dadi anggota organisasi pekursusan ing kampusku. Wektu
kuwi Ayin entuk amanah dadi seksi Pubdekdok, sing salah siji kewajibane kudu
motret-motret event-event apa wae. Pasangane Ayin wektu kuwi Mbak Novi. Yan
Mbak Novi iku bener-bener ngayahi jejibahane minangka tukang potret, Ayin malah
asyik motreti aku tinimbang liyane. Saka kuwi padha ngerti yen Ayin ngesir aku.
Saya
suwe sesambunganku karo Ayin saya raket. Malah kena diarani pacaran. Sms-an,
Fb-an, chattingan asying karo dhekne. Ayin kuwi bocah sing kelewat manut karo
wong tuwa, ora tau metu omah bengi-bengi, dolan diwatesi. Pas dheweke ngancik
semester 6, ana mata kuliah drama sing ngudokake para mahasiswa bahasa Inggris
asying latian nganti bengi. Iku dienggo kesempatan Ayin metu bengi.
Mumpung
dheweke oleh metu bengi, aku ora nyia-nyiake kesempatan iki. Tak enteni nganti
dhekne bubar latian drama. Bar kuwi kan isa mlaku-mlaku, utawa ,maem bareng.
Senajan runtang-runtungku iki dadi rerasan kanca-kanca lan senior.
“Kowe
iki lo Bal, wis ngerti yen Ayin iki arep nikah, wis duwe calon, kok ya awakmu
nekat sesambungan karo dheweke” kaya biasane, Mbak Novi mesthi wong sing paling
cerewet karo perkaraku iki.
“Sing
marai Ayin sik ya Mbak, dudu aku. Wong dhekne sing seneng aku sik, aku ya apa
bisa nolak, Ayin kuwi ya ayu kok” aku puguh karo panemuku, ora rumangsa salah.
“Iya
kowe seneng pacaran karo Ayin. Tapi aku karo Yanti lan Prastika, mesthi pekewuh
yen ditakoni kanca liyane. Ora rumangsa ya yen aku iki kerep nutupi tingkahmu
karo Ayin kuwi. Kerana apa? Ya jaga jenengmu sakloron karo jenenge organisasi.
Mbok kira aku iki meneng wae?
Aku
mumet, ora nyangka yen kedadeyane nganti kaya ngene. Ora mokal yen Mbak Novi
dadi hebying ngono.
“Tak
kandhani ya, bengi kae pas kowe metu karo Ayin, calon bojone methuk rene. Aku
karo Yanti ngalang-alangi supaya kowe ora konangan. Coba yen nganti konangan?
Apa ya ra mesake Ayin? Mesthi langsung dipilara wong tuwane sakloron” bacute
Mbak Novi gethem-gethem, aku mung bisa meneng wae.
“Saiki
aku wis gak mau tau, sesambunganmu kuwi kudu dipedhot. Ayin wis duweke wong
liya, senajan asline dhekne ora seneng, kowe wong lanang sing durung bisa
janjeni apa-apa kudu trima, lilakke Ayin ya Le…”
Donyaku
peteng ndhedhet. Nglilakke Ayin? Aku durung siap. Tapi omongane Mbak Novi ya
bener, aku durung bisa njanjeni apa-apa, beda karo calon bojone Ayin sing wis
mapan. Aku jelas ora sepadan. Dhuwit wae isih asying njaluk wong tuwa. Aku mung
menang rupa. Rupaku durung bisa nguripi Ayin.
Resepsine
Ayin mbarengi organisasiku nganakake Musyawarah Akhir Tahun, aku kadhapuk dadi
pimpinan sidang formatur. Untung wae nalika istirahat kanca-kanca sepakat teka
ning resepsine Ayin. Dadi aku isa mrana bareng-bareng, ora ijenan. Ing kana aku
dadi bahan ece-ecenan kanca-kanca. Bubar saka resepsi, mbalik anggone sidang,
aku tetep wae diece. Ya wis sekalian wae, nalika aso sidang aku karaokenan, lagu-lagu galau ngono kae. Dadi ger-gerane kanca-kanca. Apa maneh pas aku
nyanyi lagune Adele, Someone Like You.
Aku
mung bisa paring donga marang kowe Yin, muga-muga dadi keluarga sing sakinah,
mawaddah, warahmah. Senajan ning njero atiku isih keselip jenengmu. Isih tekan
saiki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar