Cinta Pertama
Lirikan mripate gawe getering atiku. Dekik pipine nalika
lagi mesem, nambahi rasa kangenku marang slirane. Duh duh puspitaning jagad kok
ayuuuuuu temen kenya siji kuwi. Kenal wae durung, ngerti jenenge wae yo
durung…. Kok wis marahi gawe mrindinge atiku nalika wewayanganmu tansah
ngiwi-ngiwi ing tlapukan mata iki. Rina wengi sing tak anti-anti, kepiye carane
supaya anggonku bisa sakpatemon maneh karo sliramu. Duh bapa…… aduh ibu…… keng
putra nembe nandang lara, lara wuyung ingkang kathah. Kathah ngangge sanget
menika, saestu lhe…
Wah apa iki kang diarani “Cinta Pertama”, sepisan ketemu
langsung nabet ing jero dada. Ketemune tanpa disengaja nalika lagi mlaku-mlaku
golek angin sore ing gisike Tirta Samudra. Karepe ngono pengin buwang sumpegke
ati, sak wise seminggu muput anggonku ujian akhir kelulusan sekolah. Pengin
nyendekake pikiran dhisik, supaya sasi ngarep bisa konsentrasi maneh kanggo
persiapan SPMB - ujian kanggo mlebu ing pawiyatan luhur negeri.
E.. lha kok malah ketemu karo kenya ayu kang sulitya ing
warna. Lagi keceh dolanan banyu ombaking segara sinambi klesotan ndok watu kang
sengaja ditata tarik-tarik kanggo nyegah ambrasi pantai. Nganggo kaos sport
werna abang marun, clana jin werna biru dilingkis sak dengkul. Katon sikile
kang putih mulus lan rintip-rintip wulu-wulu alus kang teles pating slirit saka
dengkul tumekane kemiren nambahi endahing sesawangan. Rambute kang ngombak
ngandan-andan dikuncir memburi nganggo karet kuncir werna ijo mupus. Sinome
pating trempel ing bathuke kang putih resik, ati-atine kang ngembang turi
nambahi endahing sesawangan. Wah jan begja kemayangan temenan aku dina iki,
sore-sore kepethuk karo widadari kang lagi ngengar-ngengar ati ing taman
‘firdaus’. Muga-muga iki widadari tenenan dudu peri kang baureksa segara, lha wong
ngepasi kahanane sepi ngene jee..
Nalika lagi kamitetegen anggonku nyawang widadari, tanpa
dinyana-nyana kenya ayu kuwi nyawang ing panggonanku lungguh. Najan rada
klincutan lan kisinan, aku meksa mesem kanggo buwang wirangku. We.. lah ora
ngiro babar pisan yen esemku bakal diwales karo slirane. Atiku sak nalika kuwi
dadi kumesar, jantungku dag dig dug sajak arep copot-copoto. Tujune aku isih
iso jaga keseimbangan awak saengga ora tiba glangsaran dadi layatan wong sak
pirang-pirang merga semaput. Eseme kuwi lho sing jan nggujiwat temenan, wis to
manis temenan. Yen mung madu pitung puluh galon diudeg karo gula sak pabrik
madukisma durung karuan yen iso ngalahke manis eseme. Mripate kang bawang
sebungkul katon sumunar endah senajan rada kaling-kalingan kacamata minus.
Muga-muga wae kaendahan kuwi dudu merga ‘efek pembiasan cahaya’, nanging
kasunyatan kang resep dinulu mata. Alise nanggal sepisan, asli dudu rekayasa.
Lambene abang ‘merekah’ ora merga polesan gincu ing sak duwure janggute kang
njatis nambahi lan pantese, kesorot cahya candik ayu saka sang bagaskara kang
pinuju angslup ing tengahing samodra.
Rasane nalika semana aku kepengin tepung sapa sejatine
slirane. Nanging durung nganti aku ngadeg, kesusu kenya kuwi wis dhisiki minger
saka panggonane tumuju ing plataran parkir kendaraan. Tanpa sadar aku ngetut
saka kadohan karo rasa ati kang tidha-tidha. Tak sawang saka gapura taman
wisata, kenya kuwi nyandak sepeda motor Grand Astreane. Nyemplak ing sadele, nyetater
mesine, banjur kanthi alon-alon ninggalake plataran parkir. Nanging isih sempat
ninggal lirikan lan esem ngujiwat senajan mung sak keplasan marang aku kang
mung bisa nyawang meneng amarikelu, kaya patung kakean semen.
Lha kuwi wiwitane aku nganti nandang lara branta kaya ngene.
Esuk sore rina wengi wewayangane tansah ngengeridu batin iki. Atiku dadi
poyang-payingan, pengin wadul. Wadul karo sopo, anane yo mung disimpen ing jero
ati kang paling jero.
ooooooooo
Dina iki aku mlaku ijen menyang sekolahan. SMA Negeri I kang
panggonane watara mung kurang luwih setengah kilo nan saka omahku arah
mengetan. Mlaku turut trotoar soko ngarep omah tanpa nyangking tas, dina iki
arep nampa pengumuman kelulusan ujian EBTA/EBTANAS. Lan sengaja aku nganggo
seragam putih abu-abu ku sing wis lawas. Sing biyen dakenggo nalika sepisanan
mlebu SMA telung taun kepungkur. Biasa persiapan kanggo coret-coretan
ngrayakake kelulusan, yen lulus he he he…. Jan-jane ngono yo eman klambi kok
dicoret-coret, lha nanging piye maneh. Even kaya ngene iki mung sepisan
saklawase urip. Idep-idep kanggo pangeling-eling “indahnya masa remaja”, yen
kandhane wong-wong kae “Masa SMA adalah masa yang paling indah”. Iyo po ora?
Tekan
pretelon ngarep tukang cukur “Bang Aris”, menggok nengen. Ngliwati kantor
polisi, terus SMEA Negri. Mlumpat pager tembok sekolahan wis tekan komplek
sekolahanku. Timbang adoh-adoh liwat gerbang sekolahan kang panggonan ing pojok
sisih lor cedak prapatan tugu kartini, kepenak mlupat pager wae. Lumayan ngirit
50 meter kanggo mlaku, wong bocah-bocah yo akeh sing nglakoni kok. Senajan yen
konangan karo guru BP iso dikon tunggu ruang guru karo ngrungoke ceramahe sing
nrocos kaya pinter-pintera kae. Kadang aku mbatin apa biyen yen sekolah guru BP
iki yo ora tau tumindak bandel po?....
Sekolah wis lumayan rame dening bocah-bocah sak angkatanku
kang selak kepengin ngerti asile ujian EBTA/EBTANAS. Ana kang padha jagongan
ing ngisor wit ketapang kang akeh-akehe konco lanang, nanjan ana bocah wadon
kuwi yo mung siji loro wae. Akeh-akehe sing wadon padha lungguhan ing jero
kelas. Aku dhewe pilih kumpul karo sobleh, bagus, hermawan, lilo, lan supar ing
buk teras ngarep kelasku. Crita ngalor-ngidul perkara persiapan mlebu ing
pawiyatan luhur.
Jam ing arlojine bagus nuduhake angka sanga luwih pitulas
menit, saka ruang guru katon Bu Ani minangka wali kelasku mlaku tumuju ruang
kelas karo ngasta amplop putih. Kabeh didhawuhi mlebu kelas merga saiki wektune
pengumuman kelulusan. Atiku rada deg deg-an, kuwatir yen nganti aku ora lulus.
Sak wise paring ular-ular kang ora akeh, paling mung sepuluh menitan. Bu Ani
paring priksa yen kelasku lulus kabeh, saknalika kuwi bocah-bocah langsung pada
sorak-sorak seneng. Bocah wadon padha rerangkulan lan salaman-salaman. Lega
atiku yen ngene iki, kari ngenteni pengumuman hasil SPMB ing koran wulan
candake.
Bubar nampa amplop kang isine surat keterangan kelulusan,
aku lan konco-konco banjur pada ijol-ijolan tanda tangan nganggo spidol gedhe
ing seragam sekolah. Ora luput uga adik-adik kelas kang pinuju pethukan uga
menehi tanda tangan ing seragam kang dakanggo nalika kuwi. Merga saking ramene
kadang aku ora maelu karo siji lan sijine kang aweh tanda tangan.
“Kene wae dik, sisih kene wae yen arep parap” pakonku marang
adik kelas karo nudingi dada sisih kiwaku. Tanpa ngulatke pawongane, spidol tak
uluke lan ditampani bocahe.
“Kene yo mas?” keprungu suarane kang alus lan empuk.
“Iyo kono wae, karo diwenehi jenenge yo ngisore.” Penjalukku
pisan.
“Wis mas, tak parap rada miring menduwur ben bedha karo
liyane” saure karo mbalikake spidol sing mari dienggo tanda tangan.
Nalika nampani spidol kuwi, aku adu arep karo bocah kuwi.
Tratab! Rasane jantungku langsung mak jedug jedug, ambeganku krenggosan, atiku
dadi ora karu-karuwan. Jebule bocah wadon kuwi, kenya ayu pinda widadari kang
biyen pethukan ing gisiking Tirta Samodra.
Aku lan dheweke mung pandheng-pandhengan sakwetara wektu,
mungkin merga padha kagete pa piye. Mbuh sing genah nalika kuwi ora ana ukara
kang kaucap. Sorot mripate sajak nembus langsung ing jero telenging atiku kang
paling cuilikkk…… semana uga suwalike, ora tak selaki aku pancen wis ketaman
asmara karo kenya siji iki. Wis kawiwitan saka pisanan nalika ketemu ing
pinggir segara kae.
Sakumpama kedadeyan iki kok kaya nalika ketemu pisanan ing
gisiking segara kang lagi sepi…. Wow wis sida tak rungket tenan kenya siji iki.
Tak elus-elus rambut aluse kang ireng jangges, tak arasi pipine kang putih semu
abang kuwi. Kok tujune kadeyan iki ing sangarepe kelas kang akeh dening
bocah-bocah sekolah.
“Eh… sik sik. Sajake aku kok tau kepethuk karo slirane Dik.”
Ujarku nalika kenya kuwi arep nerusake lakune.
“Emm…. Kowe lak sing ndek minggu sore wingenane dolanan
banyu ing Tirta Samodra kae yo?” takonku karo swara kang rada gemeter. Kenya
kuwi mesem, esem kang endah banget kaya sing tak weruhi biyen kae.
“Iyo… mas. Katone awake dhewe tau ketemu yo?” jawabe karo
mesem, mesem kang muanisssssss banget.
“Kenalke jenengku Budi. Budi Prihantoro lengkape.” Tak
ulunge tanganku ngajak kenalan. Mumpung ketemu maneh, durung karuan sesuk-sesuk
aku iso ketemu karo dhewekne.
“Ayu Sulistyarini. Cukup diundang Ayu.” saure karo nampani
tanganku. Tak remet tangane kang alus lumer, najan mung sedhela. Isin yen
dikonangi bocah-bocah, iso disoraki entek ngamek kurang nggolek mengko.
“Ayu.. Ayu. Gek ndhang reneya?” keprungu swara ing mburiku.
“Eh mas aku arep meeting dhisik, sori aku selak dienti
kanca-kanca panitia pelepasan kanggo acara perpisahan sabtu sesuk” omonge karo
jumangkah moro ing arah bocah wadon kang ngundang awake.
“Dhik, aku oleh dolan nyang omahmu ora?” saurku karo reflek
nyandak lengen kiwane. Dheweke nyawang aku rada kaget, karo ngulatke tanganku
kang nyekel kenceng lengene. Aku yo radha cingak kok aku wis wani sembranan
kaya ngono kuwi. Sadar apa kang wis dak tindake, cepet-cepat aku ngeculke
lengene.
“Eh… sepurane dik.” Omongku lirih.
“Gak apa-apa mas, sampeyan dolan wae yen arep dolan. Tapi
becike telpon dhisik, sapa ngerti aku pas ora ndek omah” jawabe karo mesem.
“Nomere piro dhik?” takonku nguber.
Ora ana ukura kang metu saka lathine kang kaya woh manggis
sinigar kuwi, mung dheweke aweh sasmita karo nudingi perangan dada sisih
kiwaku. Aku tumenggo nyawang klambi kang wis kebak dening tandatangan lan
coret-coretan. Cetha ing panggonan kuwi ana parap kang posisine radha miring,
ngisore ana tulisane latin Ayu S – 591722. Aku guyu karo nyawang dhewekne, ning
sing tak sawang wis ngadoh karo mesem ngujiwat lan dagh dagh….
ooooooooo
“Halo” keprungu sauran saka telpon kang dak hubungi –
591722. Swarane ibu-ibu, mungkin ibune Ayu.
“Halo, nyuwun sewu punapa leres menika griyanipun Dhik Ayu?”
jawabku.
“O.. Ayu. Nggih nak?” jawabe.
“Nyuwun sewu Bu, badhe ngrepoti. Dhik Ayu nipun wonten Bu?”
omongku tak gawe sak sopan-sopane. Pendekatan pertama karo camer kudhu iso
ngepek atine, batinku.
“Sekedap nggih nak.” Keprungu swara lamat-lamat
nyeluk-nyeluk jenenge Ayu. Ora watara suwe wis keprungu maneh swara saka telpon
wartel kang tak tempelke kupingku.
“Halo, karo sapa iki?” pitakone. Dhuh swarane sing renyah
isih empuk keprungu ndek kuping, senanjan wis kena distorsi kabel telpon sing
dhawane mbuh pirang kilometer iki.
“Aku Dhik, Budi. Lali yo?” jawabku karo ngguyu seneng.
“Oh.. Mas Budi to. Piye mas kabare?” saure karo swarane kang
merdu mendayu-dayu.
“Arep nagih janji?” omongku karo nggoda dhewekne.
“Janji. Janji apa tah mas? katone aku nggak tau janji karo
sampeyan lhe.”
“Yo janji. Janji jare aku oleh dolan nyang nggone sampeyan.
Rong minggu kepungkurkan sampeyankan ngolehi aku dolan to?” sambungku.
“Wow kuwi to… yo ndolan wae mas. Kapan arep dolane?”
“Yen saiki oleh ra?” sautku.
“Mmm…. Piye yo.” Grenenge karo sajak mikir-mikir.
“Nganggu yo dhik? Yen ngganggo yo wis gak sidha wae”
sambungku maneh karo radha kuwica.
“Anu sih mas, sakjane aku saiki arep dherek Bapak karo Ibu
nyang nggone Pak Dhe-ku.Tapi… Mmm… yo wis lah, sampeyan rene wae mas tak enteni
yo” jawabe
“Lho moh ahk, yen sampeyan arep lunga. Mengko mundak nganggu
acara keluarga.”
“Piye to mas sampeyan kuwi. Nggak apa-2 kok, mengko aku tak
matur yen aku raksah nderek wae. Wingi yo wis bar dolan rana kok aku.”
“Temen yo, ora nganggu sampeyan iki. Yo wis dienteni yo.”
Jawabku.
“Eh…. Sik sik aja ditutup dhisik. Alamate ngendi?” penggakku
nalika telpon arep dipungkasi.
“Sampeyan nyang jalan HOS Cokroaminoto 59A, wae mas. Ngerti
to mas?” jawabe karo ngguyu renyah kae.
“OK, Insya Allah. Ngerti. Dienteni sepuluh menitan aku wis
tekan kana.” Tembungku karo mungkasi anggonku telpon.
Gagang telpon tak seleh ing panggonane, metu KBU karo
ngrogoh-ngrogoh sak clana sisih mburi; jupuk duit limang ewunan. Duit lembaran
kang pungkasan, turahan sangu nyang jogja wingi. Duit tak ulungke karo sing
jaga wartel, dibalekake 3 lembar sewunan lan 3 iji duit klitik limangatusan
rupiah.”Matur nuwun mas” aku pamitan metu saka wartel, nyandak sepeda motor
ngeblas menyang omahe pepujan atiku. Sak dawane dalam wis ngalamun sing
endah-endah, karo kadang kala mesam-mesem dhewe. Atiku lagi berbunga-bunga, ana
kembang mawar, kembang mlati lan uga sing genah kembang-kembang katresnan.
ooooooooo
Dina ganti dina, minggu ganti minggu. Ora krasa aku wis
kenal luwih akrab karo Ayu ora kurang saka meh telung sasi iki. Ora meleset
saka pangiroku biyen, Ayu pancen widadari kang tumurun saka kayangan. Ora mung
ayu ragane, ning bebudene uga alus. Sopan santune wis ora usah diomong maneh,
ora perlu diragu-na yen nyata-nyata kenya siji iki pantes nyandang gelar
“Wanita Sulistya Ing Warna” jebles karo jenenge kang uga endah banget, Ayu
Sulityarini.
Mbuh wis ping pira olehku kerep ketemu karo dhewekne sakwise
sapetemon sepisanan kae ing gisiking Tirta Samodra. Lan sore iki, aku ing
panggonan kang padha lan swasana kang uga meh padha, aku ketemu maneh karo
dhewekne. Mung bedhane saiki aku wis wani lungguh jejer karo dhewekne.
“Dik, aku arep ngomong karo
sampeyan.” Tuturku mbukak omongan.
“Omong
apa ta mas…” jawabe karo isih dolanan banyu segara.
“Awake dhewe wis kenal, sakwetara wektu. Ora kurang saka
telung sasinan miturut catetan tanggalanku.” Sambungku.
“Antarane aku lan kowe wis asring mlaku-mlaku bebarengan.
Dolan bebarengan. Lan asring awake dhewe crita masalah-masalah pribadi kang
dadi pikiraning ati.” Aku mandeg sedela unjal ambegan jero. Angin segara kang
sumilir alon semribit nganggo dolanan rambute kang dikuncir nganggo kuncir ijo
mupus.
“Ning ana siji sing nganti saiki durung tak ucapke marang
sampeyan.”
Tak lirik, widadari ing sisihku kuwi nyawang adoh ing
tengahing segara karo isih dolanan banyu nganggo sikile sing putih mulus kuwi.
Tak buwang panduluku uga, ing tengahing samodra. Katon titik-titik ireng
bagange nelayan ing kadhohan, uga kapal-kapal layar kang padha budhal golek
mina.
Aku unjal ambegan sepisan maneh, jantungku dadi deg deg kan
kaya biyen kae nalika sepisanan weruh eseme. Ing tengah-tengahi rasa
mangu-mangu, antara iyo karo ora. Lambeku gemeter ngucap “Aku tresna lan sayang
banget karo sampeyan”.
Plong…… rasane atiku saknalika. Wis ora tak pikir maneh arep
ditampa lan dilelimbangi tresna sejatiku iki yo sokur. Yen ora kok yo
kebangeten tenan, wis tiwas tak ewangi lara branta kok ora ditampa.
Aku meneng ngenteni reaksine. Swasana dadi amem, ora ana
swara kang metu saka dhewekne. Mung swara ombak kang diselani dening kremisike
gegodongan kang katerak angin, kaya tembang-tembang asmara kang cinapta dening
Sang Kuwasa.
Dada sisih kiwaku rasane rada anteb, kaya-kaya ana barang
kang semendhe lan ngrunggokne getering atiku kang lagi nandang asmara iki. Ora
ngiro jebul sing semendhe kuwi widadari kang lagi dak arah tresnane. Alon
nanging jelas, gendang talinganku krungu suara kang alus lan empuk. Kaya musik
instrumentaliane saksofon Kenny G kae.
“Aku ora janji mas. Nanging sejatine atiku uga dhuwe rasa
kang padha karo atine sampeyan.” Saknalika kuwi uga tanganku ngekep kenceng
pundake. Tak elus-elus rambut lan tak arasi pipine. Ora krasa ana eluh kang
tumetes ing pakonku. Eluh katresnan kang sejati, tangise titah kang lagi
ketaman “Cinta Pertama”.
Muga-muga iki dadia pusaka kang sekti mandraguna kanggo
mecaki dina-dina sakteruse. Merga sesuk esuk aku kudu ninggal kutha kelairanku
kanggo mburu cita-cita. Kanggo golek sangu ing urip bebrayan agung, aku kudu
sinau ing paran kang mestine abot banget kudu ninggalke tresna sejatiku.
“Dik, seneng lagune KLA Project sing judule Belahan Jiwa? Yo
kaya ngono kuwi janjiku marang sliramu.” Janjiku marang dhewekne karo tak
genggem kenceng tangane lan tak pandeng jero mripate kang edhum kuwi.
“…… Kan ku jemput dikau sang putri pada saatnya nanti
berkreta kencana menuju istana disana ku bertahta….
(Panjebar Semangat edisi no 2 - 9 Januari 2010)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar