bee

Rabu, 02 Juli 2014

Kapasitas Kriminal

Kapasitas Kriminal

                     Srengenge wis lekas ngilang,langit katon endah kanthi cemloroting Srengenge ing wayah sore,Angin semilir ing pinggir pantai,Sepi… mung suara ombak kang bisa ta rungokake,lagi dhek wingi cah ayu sing tak tresnani ingkar janji,ninggal Aku tanpa sebab kang pasti.
                     Saka adoh tak sawang bocah wadon rambute dawa lungguh ing kursi kayu sak ngisoring rerimbunan wit klapa,tak sawang dhewekke lagi nangis.pingin rasane atiku bisa nyedhak marang dhewekke.ananging banjur ana priya marani lan lungguh ing jejere,tak sawang priya mau sajak emosi lan muni-muni marang bocah wadon kang lagi nangis mau.
                     Samsaya suwe tak sawang priya mau tambah banget anggone emosi,priya mau banjur napuk pipine bocah wadon ing jejere.Aku mung bisa nyawang,amarga males anggonku ngurusi masalahe wong liya,ananging ora tega nyawang bocah wadon mau nangis Aku banjur nyedhak.”Mas,sabar mas mbo aja kasar kasar karo cewek mas”,”he!kowe sapa!ngapa ngurusi Aku,minggat kana!”,bocah wadon mau banjur ngomong marang Aku”mas tulung aku mas”,”e.. iya mbak tapi masalahe apa?”,ananging priya mau sing mangsuli”He!kowe rasah ikut campur ya yen ga ngerti masalahe,mending kowe cepet lunga saka kene!”,”iya mas Aku lunga, tapi masalahe apa?sapa ngerti Aku bisa mbantu”,”Opo mbantu!,ngene cewek iki duwe utang karo aku,kowe apa sanggup bayar utange!”,”emange utange pira mas?”,”telung atus ewu,piye! Kowe sanggup mbayari?”,kabeh duwitku banjur tak wenehke”iki mas Aku mung duwe rong atus ewu”,”e.. ya wis kene”.priya mau banjur lunga saka kono.”makasih ya mas,Aku wis mbo tulungi”,”iya mbak ga papa kok”,”e.. kenalin mas Aku Anjani”,”Aku Arok,cowok mau sapa Jani?”,”e.. kancaku Rok,aku utang telung atus ewu karo dhewekke,e.. ya wis ya Rok Aku ta bali dhisik,makasih ya”,”e.. iya iya”,ana rasa gela dhewekke malah banjur bali ngono wae.ananging tak sawang saka kadohan Anjani malah gonceng priya lanang,ya ora beda priya sing nagih utang Anjani mau,”bajingan!..”aku lagi nyadar yen Aku lagi wae diapusi.
                     Liya dina Aku kepetuk Anjani lan priya lanang wingi ing Warteg,wong loro mau kaget weruh Aku,Aku banjur ngomong,”mas iki kekurangane utange Anjani dhek wingi”dhuwit siji sijine mung satus ewu tak wenehke dhewekke,lan Aku banjur ngomong karo Anjani”Anjani kowe ki ayu lho,kok gelem ta maem saka dhuwit kang ora halal”.dhewekke mung meneng,Aku banjur lunga saka kono.
                     Nalika wayah sore,kaya biasane Aku dolan ning pinggir pantai, Aku kepethuk Anjani kang lagi lungguh dhewekan,banjur tak cedhaki,”ngapa kowe rene meneh?,cari mangsa ya?”,ananging dhewekke mung meneng wae,”pacarmu ning ndi?”,”kae dudu pacarku”,”terus sapa?”,”masku, saiki ning penjara”,”ow.. konangan ya,terus kok kowe ora?”,”maksudmu!”,”ya.. bagus wae kowe ora masuk penjara”.Aku banjur kenalan saya adoh marang dhewekke.
                     Sawijining dina,Aku banjur nyoba golek gaweyan karo Anjani,ananging saben nglamar amung ditolak terus.”Arok,Aku ga kuat yen ngene terus,saben nglamar mesti ditolak,piye ana dalan liya ora?”,”maksudmu?”,”ya.. piye yen awakedhewe nyoba neruske lelakone masku”,”ya..oke aku siap”. 
Aku lan Anjani lagi golek wong kang bisa dimanfaatke,”Rok,kae ana bocah lanang lagi lungguh dhewekan,coba Aku tak akting nangis,lan kowe ngerti tugasmu”.
Ananging sakwetara sejam anggone Anjani reka-reka nangis lan reka-reka tak tapuk,ra ana wong nyedhak marang dhewekke.”Jani kayake carane awake dhewe wis basi,kowe duwe cara liya ra?”,”santai...”.Dheweke banjur ngrayu priya sing ana ing kono.tak sawang saka adoh dhewekke katon mesra anggone ngrayu priya mau,ananging aku anyel lan ora trima yen wong sing tak tresnani cedhak cedhak priya liya.Banjur tak parani priya mau,”he! Ngapa demek demek pacarku,bangsat!..”banjur tak ajar priya mau,”Rok! Uwes Rok,kowe edan ya,Aku ki lagi nyoba golek dhuwit!”,”iya,tapi Aku ora trima yen kowe cedhak cedhak priya!”  ”he Aku golek dhuwit yo nggo kowe Rok,dinggo mangan bareng,dinggo urip bareng,mbo kowe nyadhar ta!”.
Aku nyoba golek dhuwit sak etukke,lan apa wae bakal tak lakoni supaya bisa nyenengke Anjani.Aku lan Anjani kepeksa nglakoni tindak criminal,Aku lan Anjani bola-bali ngapusi uwong.”Arok kae ana calon korban meneh,tak tunggu ning omah kosong kana,lima las menit kowe kudu ning kana”,”iya,tapi aja kebablasen ya,Aku ga mau awakmu di demek-demek wong liya”.
Anjani banjur ngrayu,lan ngajak priya mau nglakoni hubungan intim ing omah kosong.banjur sakwetara lima las menit Aku banjur marani Anjani lan priya lanang ing omah kosong mau,”woi!.. apa iki!”banjur Anjani”iki mas Aku di pekso mase iki!”,”he!.. bajingan! tak laporke warga kowe!..”,”kanthi gemeter priya mau”ampun mas,ampun dilaporke mas”,”yow nek ngono uang tutup mulute ndi!”,”iki mas…”,”apa! Satus ewu! Wegah mendhing ta laporke,kowe ben dikon telanjang mubeng kampung!”,”ampun..ampun mas,iki mang jikuk kabeh”.
Sakwise etuk dhuwit Aku lan Anjani banjur lunga saka kono,”dina iki oleh dhuwit pira Jani?”,”rumayan Rok empat ratus lima puluh ribu”ananging ing batin perih rasane urip saka dhuwit kang ora halal.”Jani..Aku ga kuat yen ngene terus,Aku ga mau yen kowe dinggo umpan marang priya priya,Aku ga mau yen ana priya sing demek demek kowe,Jani..Aku tresna marang sliramu,Aku pingin kowe terus ana ing sisihku,kowe gelem ta dadi bojoku?”,kanthi netes eluh dhewekke wangsulan”Rok..Aku yow ora betah urip ngene terus,Aku uga kepingin bisa duwe keluarga,Rok..mung awakmu sing tak tresnani,Aku bakalan dadi bojomu ing urip lan matiku”.
Sawijining dina,”Rok..dhuwite wis entek,dina iki wis ra ono sing dinggo mangan”,Aku lan Anjani wis janji ora bakal mangan saka dhuwit haram.”Jani Aku ta nyoba golek gaweyan dhisik ya”.ananging meh sedina anggonku golek gaweyan ora ana sing gelem nampa.”Jani.. Aku wis nyoba golek gaweyan ing ngendi-endi nanging ra ono sing gelem nampa Aku”,”piye ya Rok.. apa perlu awakkedhewe nglanggar janji,lan golek dhuwit saka ngapusi..”.

Amarga ora ana dalan liya,Aku lan Anjani banjur ngapusi uwong meneh,”Rok lima las menit kowe kudu wis ning kose priya kae”,jan jane Akku wis ora kuat nyawang Anjani ngrayu-ngrayu priya,ananging piye maneh merga ora duwe dalan liya.nalika lagi nunggu,tanpa sengaja Aku kepethuk priya kang pernah dadi korbanku,dhewekke banjur nyeluk kanca-kancane lan ngkroyok Aku,ananging tak lawan kabeh uwong mau,ngasi-ngasi Aku lali yen kudu marani Anjani,wis luwih saka lima las menit Aku durung marani Anjani,”Rok!.. Arok.. “Anjani mbengok bengok njaluk tulung.Awaku remuk diajar wong-wong mau,lan Aku lagi kelingan marang Anjani,kanthi awak lara kabeh Aku marani Anjani,bareng wis tekan tak sawang Anjani wis nglekar tanpa nyawa,merga ana pisau kang temancep ing dadane.        

Tidak ada komentar:

Posting Komentar