bee

Rabu, 02 Juli 2014

Anjani

Anjani

Kaya biasane,tak sawang cah ayu kang lungguh neng sisihku,meh saben dina aku kepethuk dheweke.Eseme manis,rambute ngandan-andan,alise nanggal sepisahan kaya foto model sing dadi bintang iklan.Atiku tambah ayem,merga cah ayu mau saiki wis dadi pacarku,wis dadi calon bojoku,calon ibu saka anak-anakku.Saben nyawang dheweke aku mesti kelingan nalika aku ngandhakke tresna marang dhewekke,aku kaya-kaya ora percaya bisa duwe pacar kang alus atine uga ora umum ayune.
Aku isih kelingan tembung-tembung kang tak kandhakke marang dheweke,nalika aku ngandhakke rasa tresnaku marang dhewekke,aku ngomong mengkene,”Anjani,uwes suwe aku kenal sliramu,aku kepengin dadi uwong kang terus ana ing sisihmu nalika kowe bungah utawa susah,aku kepengin uga kowe terus ana ing urip lan matiku.Anjani,Aku tresna marang sliramu,gelem apa ora kowe dadi pacarku,dadi pepadhang uripku,lan sawijining dina lungguh ing pelaminan karo aku”.Kanthi mesem dhewekke mangsuli,”Arok,kowe ki janjane omong apa ta?”.Saka wangsulane kang mengkono mau jantungku langsung mak dheg! lan entek atiku,Aku krasa yen mesti aku bakal ora ditampa.Banjur dhewekke ngomong mengkene,”Arok, aku tresna uga marang awakmu,aku kepingin kowe terus ana ing atiku,lan aku kepengin uga ing sisihmu nganti sak matiku”.Krungu omongane kang mengkono,atiku bungah lan dhewekke banjur tak kekep kanthi rasa tresna kang durung tau tak rasakake.
Ing endahing pakuliahan Aku lan Anjani pancen ora ketok kaya bocah kang pacaran,ananging sakabehing perkara mesti tak lakoni karo dhewekke.Aku sadar,Aku dudu uwong kang romantis,kaya ing film drama kang diperanke para Artis,Aku uga dudu pujangga kang nulis kanggo golek bandha.Ananging aku kepengin apa anane marang Anjani,Aku kepengin gawe bungah atine saksuwene aku isih bisa,merga aku wedi kelangan Anjani,Aku wedi yen Anjani kesengsem marang priya liya.
Aku duwe pepinginan bisa nukokke Anjani kalung ,uga dudu kalung dolanan,ananging kalung tenan,merga tresnaku iki tenanan lan ora amung dolanan.Ananging pancen rada abot anggonku nggayuh pepinginan kui,merga aku dewe saka keluarga pas-pasan,tak nggo mangan saben dina  wae susah,apa maneh nggo tuku kalung kang ora murah regane.Sanajan mengkono tekadku wis mantep,apa wae bakal tak lakoni.
Tak tonton ing dompet duwitku isih kurang akeh menawa dinggo tuku kalung emas,lan kanggo nyukupi kuwi aku banjur pasa,lan aku nyoba ngamen.Kanthi gitar sing wis ngancani aku telung taun,aku banjur ngamen neng ndhuwur bis,ananging sing tak tampa dudu  duwit ananging tembung-tembung kang gawe laraning ati.Aku banjur mudhun ing terminal,ing kono aku nyoba ngamen maneh,durung rampung sak tembang ana pengamen liya kang marani aku,”he! Le,koe ngamen neng kene jaluk mati piye!”,mengkono tembunge wonge mau.aku kaget saka tembunge,lan kanthi alus aku coba takon,”mas,janjane salahku ki apa?kok sampean ngomong ngono?”,”kowe ngerti apa ora yen ngamen neng kene kuwi wis ana organisasine wis ana sing ngatur”.”mas aku mung nyoba golek dhuwit,lan aku yo ora bakal terus-terusan ning kene,mbo aku diwenehi wektu kanggo ngamen sedilit wae”.krungu wangsulanku kang sajak nekat mau,dhewekke banjur nyeluk kanca-kancane,ora cetha merga apa aku malah diseret ing buri mushola terminal.aku di kroyok di ajar ora uwesp-uwes lan gitarku banjur di idak-idak nganti ora karuan wujude.
Kanthi awak lara kabeh aku mulih,lan nyoba golek gawean liyane.ing samping omah kosku ana tukang bangunan kang lagi nggawe omah.aku nyoba nembung,”pak kula pengen ngrencangi nyambut damel panjenengan pareng pak?”,mengkono pitakonku.pak tukang mau amung mesem.aku takon maneh”pak kula saestu pengin nyambut damel,diupahi pinten kemawon kula purun pak”, pak tukang mau mangsuli”yo Aku ewangono ananging kowe kudu temenan lan kudu sregep anggone nyambut gawe”.Atiku bungah banget,lan aku langsung nyambut gawe dadi buruh ing kono.
Sakwetara seminggu gaweanku wis rampung,aku diupahi pitung puluh ewu rupiah sajroning seminggu mau.kanthi bungah tak klumpukke kabeh dhuwitku,tak etung -etung wis cukup kanggo tuku kalung,aku banjur lunga neng pasar.aku takon-takon reregan emas ing kono,aku kaget jebul isih durung cukup duwitku.ananging aku kudu bisa tuku emas dina kui uga,merga dina kui ulang taune Anjani.aku weruh bapak bapak kang lagi ngidunke pasir ing sebrang dalan,aku nyoba ngewangi,lan sakwise rampung aku banjur diupahi kang ora umum akehe,merga saksuwene ngiddunkke pasir aku crita karo bapakke mau babagan pepinginanku mau kanggo pacarku Anjani.
Aku banjur milih kalung kang pantes kanggo Anjani,tak pilihke kalung kang bandule Liontine kanthi mutiara ireng ing tengahe.Aku banjur menyang kos e Anjani.Ing dalan kang sepi aku dicegat wong enom-enom kang lagi mabuk,tak cepetke anggonku mlaku,ananging uwong-uwong mau nyekel aku,aku digledahi lan dijaluki duwit,ananging sing dijupuk malah kalung kang lagi wae tak tuku mau,aku ora trima lan tak rebut maneh kalung mau.aku malah di ajar,lan tak lawan wong-wong mau,ananging merga dikroyok aku amung bisa pasrah lan tetep tak lawan ngasi tetes enteking getih.lan amung sia-sia anggonku nglawan mau.Banjur tak wenehke kabeh sisa duwitku lan tak jaluk bali kalungku mau,ananging salah sijining uwong mau mangsuli,”kowe yen pingin kalungmu iki bali ora mung dhuwit sing dak arep-arep,yen pancen gelem ombenen sek uyuhku iki!”,merga wis ora duwe daya maneh aku amung bisa nampa karepe uwong mau,dak ombe uyuhe kanthi ati kang perih,kaya-kaya aku wis ora duwe harga diri ing narepe wong-wong mau.

Dak teruske lakuku menyang kose Anjani,bareng tekan,Aku kepengin gawe bungah atine kanthi kalung kang tak gawa kanggo dhewekke,pramila aku ora ngetok pintu dhisik,ananging langsung dak bukak pintu kose mau.Atiku mak dheg, dak weruhi Anjani lan priya liya kang turu ing pupune.Mangkel lan kuciwa atiku weruh wanita sing tak tresnani lagi pacaran karo wong liya.ananging tak gawe sabar atiku,lan aku amung ngomong “Anjani dina iki ulang taunmu,lan aku amung bisa menehi kalung iki,sing dak temu saka reregetan kang kaguak ing antarane wong kang cidra asmara. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar