Kencing
“Weleh-weleh
napa meneh koe cing!!”,sambatku nalika motor vespa sing tak tumpaki mogok meneh
nalika arep mulih menyang kosku.Anyel
atiku nalika Kencing vespaku bola-bali mogok,kendaraan pertamaku sing nukokoke
bapakku nalika aku mlebu SMA.
Tak uthek-uthek busi mesin
vespaku,coba tak resikki banjur tak pasang meneh.Banjur coba tak
uripke,”Threng!!teng teng treng….!!,Alhamdulilah!”, Kencing bisa urip meneh,aku
banjur neruske anggonku mulih,ananging ora ono 20 meter aku mlaku Kencing mogok
meneh,”waduuuuh napa meneh iki!!”,yow wis sanajan isih rada adoh Kencing tak
tuntun mulih.
Dina iki Kencing wis bisa tak enggo
meneh,dongaku muga-muga Kencing ora mogok meneh kaya dek wingi.kaya biasane aku
mangkat kuliah jam 7,wis meh telung semester anggonku kuliah,ananging durung
ono wanita kang coba tak cedhaki,sanajan akeh cah ayu kang tak kenali.lan dina
iki uga aku kepingin temenan golek calon bojo kanggo ngancani aku nalika bungah
utawa susah.
Ayu,wanita kang pancen ayu kang
nengsemke atiku,saka kanca-kancane aku ngerti yen dhewekke isih jomblo,aku
nyoba nyedhakki dheweke nalika ning kantin ngarep fakultasku.”Ayu.. bubar
kuliah apa?”,pitakonku kanggo basa-basi,”sory..,kowe sapa ya?”,saka wangsulane
atiku rada isin lan minder,amarga dhewekke pancen durung kenal aku,”kenalke aku
Arok,cah Basa Jawa semester telu”,”ow iy iy”,kanthi mesem dhewekke
mangsuli.”kok ngerti jenengku saka sapa?”,mengkono pitakone ayu,”yo ono lah..ga
penting ta?,kowe bubar kuliah apa?”,”Ya ono lah ga penting juga ta?”,”yaah kok
melu-melu”,wangsulanku kanthi mesem.sak wetara setengah jam anggonku ngobrol
karo ayu,aku kepingin weruh nomer HP ne.”Ayu,oleh ra aku minta nomer mu?”,”727
enam kali..”,”loh.. kok kaya lagu?..,aku temenan minta nomermu,supaya aku bisa
kenal kamu lebih jauh..,”,kanthi bungah banjur dhewekke menehi nomer HP ne.
Banjur arep mulih aku nawani Ayu
supaya bisa dak terke mulih ning kose,”Ayu,ayo tak terke tekan kosmu”,ow ra
usah makasih Rok”wangsulane dheweke kanthi malu-malu mau”,”lhoh aku temenan lho
pengen ngeterke kowe bali,tah awake dhewe searah juga ta?”,”mosok sih,emange
kosmu ngendi?”,”Aku kos ning Patemon,kowe juga ta?”,”yah sok ngerti,kosku kan
Banaran,ga searah lah”,”e..tapi aku juga meh ning banaran sek og,meh nggarap
tugas nggone kancaku”,”hehe yow lah aku melu,daripada alesanmu saya ga
jelas”,aku isin krungu wangsulane kang mengkono,nanging sak temene atiku yo
bungah banget,bisa nggoncengke wanita idaman.
Nalika
dheweke ngerti kendharaanku mung vespa,dheweke sajak emoh lan isin ta
goncengke,”ayow yuk! Kita pulang”,”Arok,aku kayake mending mlaku wae deh,soale
aku mesakke motormu”,”loh! Ga pa pa! ta jamin kita bakal sampai tujuan..”.
Embuh merga pancen hawane panas apa
merga isin nalika gonceng aku dhewekke nutupi wajahe sing manis nganggo tas
cangklong sing digawa dhewekke.Ah yow ben lah sing penting aku bungah,batinku
nalika goncengke Ayu numpak kencing vespa kesayanganku.
Bareng wis tekan kose,”Makasih ya
Rok”,”ow iy iy santai wae yen butuh tumpangan tinggal sms aku”,ananging dheweke langsung mlebu omah tanpa omong
liyane.
Saben wengi Aku sms Ayu,ananging embuh
merga apa pisan wae dhewekke durung tau mbalesi sms ku .nalika aku dolan ning
angkringan ngarep kosku aku kepethuk dhewekke lagi lungguh jejer karo kancane
ning ngarep latar kos bocah lanang,”Ayu”,dak celuk jenenge,ananging dhewekke
amung ngulatke tanpa aruh-aruh.Dhewekke banjur ta cedhakki,”e..Ayu ge
apa?”,”Sapa kui Yuk?”,pitakone bocah lanang kang lingguh jejer karo ayu mau,”ow
Cuma kancaku kok yang”,kanthi kaget aku mangsuli,”lhoh yuk mase iki
pacarmu?”,”Iya aku pacare kowe meh ngapa!”,wangsulane bocah lanang mau,”lhoh
kok kowe nyolot mas aku kan takon Ayu,dudu kowe!”,”loh aku kan pacare,kowe kok
teka-teka gawe rame wae,ngajak rebut piye!”,”lhoh mas aku kan ngomong apik-apik
ora ngajak rame”,”uwes-uwes! Rok kowe ga nonton ya?aku ki wis duwe pacar,ya mase
iki pacarku”,”kok kowe ga ngomong-ngomong karo aku Yuk!”,”buat apa aku ngomong
karo kowe! Emange kowe sapa! Kowe ngaca dong”,tanpa tak tanggepi wangsulane mau
aku banjur lunga saka kono kanthi ati kang perih.
Ah yow wis lah mungkin pancen dudu
jodohku,dudu jodoh apa pancen aku ora payu,batinku nalika aku klekaran ing
kasur kanthi suasana kang sepi.
Aku ora bakal nyerah lan aku tetep
pengin duwe pacar kang kanthi jujur gelem nampa aku apa anane.Nalika aku
mlaku-mlaku karo Kencing ing taman kampus aku kepethuk cah Ayu kang lagi
bingung jalaran kendharaane mogok ning pinggir
dalan.”mbak,ada yang bisa saya bantu”pitakonku kanthi esem kang
nggemesi,”iya mas aku minta tolong motorku iki di dandani ben isoh mlaku meneh”,”iya
iya santai mba ta cobane”,coba tak copot busine,”ow mba iki busine sing
teles”,”iya mas tulung diresiki ya?”,”sip-sip”.sakwise tak resikki banjur tak
pasang maneh,lan coba tak uripke,”lhah isa ta mba”,”wah makasih tenan yow
mas”,kanthi malu-malu mengkene wangsulanku”iya sama-sama mba,tapi
ngomong-ngomong nama mbak sapa?”,”aku Dina mas kowe sapa?”,”aku Arok,aku oleh
rak minta nomer hp ne?”,”iyow oleh lah,cathet yam as”,”ya siap”.
Sakwise menehi ngerti nomer hp
dheweke banjur pamit ninggal aku dhewekan ing kono.tanpa ragu-ragu bengine aku sms
dheweke,aku takon ngendi omahe,jurusan apa,lan ora lali aku takon wis duwe
pacar apa durung.”Malem Din,ge apa?”,mengkono aku miwiti sms karo dhewekke,lan
tanpa suwe-suwe aku banjur takon, ”Din,sory
nie,kalo boleh tau kamu udah ada yang punya apa belom nie?soalnya aku ga enak
smsan ma kamu kalo kamu udah ada yang punya?”,pancen rada suwe anggone dhewekke
mangsuli pitakonku mau,jantungku dag dig dug nunggu balesane,sak wetara
seprapat jam dhewekke agi mangsuli,langsung tak bukak sms banjur tak waca,”iyow
aku isih jomblo lan durung duwe pacar”,saka maca wangsulane mau atiku bungah
ora karuan.
Saben wengi aku sms dheweke.Dak kira
wis cukup anggonku kenal marang Dina,aku duwe kekarepan arep nembak,arep
nyatakno tresno marang dhewekke.
Sore iki Aku ngajak ketemuan karo
dhewekke ning embung ngarep kampus.wis setengah jam anggonku ngenteni,coba tak
sms lan ta telpun ananging ora di bales lan ora tau dijawab.yow wis lah tak
tunggu seprapat jam meneh.wis kesel anggonku nunggu aku banjur mulih menyang
kosku.Ora nyangka aku kepethuk dhewekke ning dalan,aku mandek banjur tak
parani,”Dina kok suwe men,aku wis nuggu kawit mau lho”,”ow iy rok aku lali,hp
ku masalahe lagi rusak”,padahal aku ngerti hp ne disimpen ing kantongan kang
nonjol iku,”iyow wis ga papa,Dina aku mung arep ngomong,aku seneng,lan aku
tresno marang sliramu,gelem apa ora kowe dadi pacarku”?,sanajan ning kono mau
akeh kancane dhewekke, aku ora isin lan aku ora wedi amarga aku tresno
kepati-pati marang dhewekke.”Eh eh Rok maksudmu apa? “,”Dina aku tenanan aku
pengin kowe dadi pacarku”,merga krungu omonganku mau kanca-kncane sing ning
kono pada nyuraki aku.”Arok aku ora duwe rasa tresna sithik-sithiko marang
kowe,kowe nyawang ta awakmu kaya piye,kowe nyawang ta tumpakanmu kaya apa
rupane!”,Tanpa tak wangsuli aku lunga saka kono.aku malah maturnuwun marang
Gusti,amarga saka omongane Dina mau aku ngerti,yen saupama gelem dadi pacarku
malah rekasa anggonku urip.
Wis ping pindho aku ditolak wanita,lan aku ora
bakal nyerah ngono wae.ing wayah sore aku mlaku-mlaku karo kencing mubeng kutha
Semarang,ora nyagka nalika arep mulih,”dhorrr!!” jebul bane ngarep kencing bocor,amarga ora nggawa ban serep kencing
banjur tak tuntun menyang tambal ban,sak wetara mlaku setengah kilo aku oleh
tukang tambal ban.
Aku kaget nalika tekan kono dak
sawang cah ayu uga manis saumuran karo aku ananging nanggo kaos rada reged
lingguh ing kursi dawa,”Bocor mas”,pitakone dhewekke,”enggih mbak,ingkang
nambal ban wonten pundi nggih?”,”ow kula piyambak mas ingkang nambal”,kaget
atiku,kok ono cah ayu gelem nambal,”lhoh panjenengan ta ingkang
nambal?”,”enggih..”.
Nalika dhewekke lagi nambal aku
takon,”mbak kok ayu ayu kulite kuning kersa nambal ban ta?”,”ayu napane ta
mas,wong elek yon gene”,aduh atiku sajak piye krungu wangnsulane kanthi alus
mau.”werna-werna lan akeh sing tak takokke marang dhewekke.
“Sampun
mas”,”enggih-enggih mbak,pinten mbak?”,”gangsal ewu mawon mas”,karo menehke
dhuwit aku takon”mbak namanipun panjenengan sinten nggih?”,”kula Anjani mas,lha
panjenengan sinten?”,”Aku Arok mbak,ngomong-ngomong nomer hp panjenengan pinten
nggih?mbo menawa kapan kapan ban kula bocor melih ajeng kula beta mriki
mawon”,”enggi-enggih niki mas nomeripun kula”.
Saben dina tak sms dhewekke,lan
dhewekke mangsuli terus kanthi basa kang alus lan enak ning ati.tanpa suwe-suwe
aku dolan menyang omahe,”sugeng dalu Anjani”,”o.. mas Arok bocor melih
ta?”,rada isin aku mangsuli ”mboten kula badhe nyuwun pirsa,ngapunten upami
pitakenan kula niki kirang sopan,e.. punapa panjenengan sampun gadhah
pacar?”,banjur dhewekke mangsuli,”ah neko-neko wae panjenengan,direwangi tindak
dugi mriki naming ajeng taken ngoten”,”kula temenan Anjani”,”jujur mas kula
dereng gadhah pacar,sinten ta sing purun kalih kula”,tanpa sengaja aku langsung
nyaut”Aku gelem banget!,eh..saestu njenengan dereng gadhah pacar?”,”enggih
saestu mas”kanthi esem kang manis dhewekke
magsuli,”nek ngono punapa panjenengan purun dadi pacar kula?dadi calon bojo
kula?”kok kesusu ta mas”,”Aku tresna kepati-pati marang sliramu Anjani,gelem
ta?”,banjur kanthi mesem dhewekke wangsulan”enggih mas Arok kula purun dadi
pacar njenengan,dadi calon bojo njenengan”.”huwaaah maturnuwun Gusti!!”banjur
tak ambung tangane.
Embuh ngimpi apa aku sak
durunge,bisa duwe pacar kang ora umum ayune lan alus atine.
Ing dina minggu iki aku ngajak
Anjani mlaku-mlaku numpak Kencing menyang pantai Marina.Nalika tekan kono aku
ngombe es degan siji dinggo wong loro,senenge atiku bisa lungguh sesandhingan
karo dhewekke.ning batang wit klapa tak tulis jenengku karo dhewekke.
Nalika wis wayah sore aku lan Anjani
banjur mulih,ora nyangka nalika separo dalan anggone mlaku udan ngendhegke aku
anggone mlaku.
Aku banjur ngeup ing Taman karo
Anjani,dak sawang kembang melati kang endah lan wangi ing sandhingku,tak pethik
banjur tak dekek ing kupinge,”Anjani kowe ora bakal ninggal aku ta?sanajan maut
kang misah tresnamu marang aku tetep langgeng ta?”,”kowe ngomong apa ta Rok,aku
janji aku ora bakal pisah karo kowe,lan kowe janji juga ta?”,”iya tresnaku
bakal langgeng kanggo kowe”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar