bee

Rabu, 02 Juli 2014

Karmila

Karmila

            Duh gusti ngapa maneh koe motor tuaku, peninggalane bapakku wektu aku isih cilik. Saiki motore dak nggo lunga ning kampus. Nanging, yo ngene iki senengane mogok tengah dalan.
            Dina iki aku arep mangkat kuliah, kaya biasane numpak motor tuaku. Muga-muga motorku ora mogok maneh kaya ndek wingi. Kaya biasane aku mangkat kuliah jam 9. Anggonku kuliah meh telung semester, nanging durung ana wanita sing tak cedhaki. Sanajan akeh bocah ayu kang tak kenali. Saiki uga aku pengen temenanan golek calon bojo, ora ethok-ethok.
            Rina, wanita kang ayu sing gawe atiku kesemsem. Aku nyoba nyedhaki ndekne amarga wonge isih jomblo. Aku ngerti saka kanca-kancaku. Pas jajan  ning kantin kampus, aku coba nyedhaki dheweke. “rina... kowe bubar kuliah opo? takonku karo rodo isin lan sok kenal. Nanging wangsulane rina gawe aku isin, amarga dheweke ora kenal aku. “sory...kowe sapa ya?pitakone rina. “ kenalke aku galih, cah basa jawa semester telu. Ow...ya..ya..ngerti aku, wangsulane rina karo manthuk-manthuk. Bareng aku ngobrol rodo suwi wong loro, wani-wanike jaluk nomer hp ne. Banjur diwenehi, atiku  rasane bungah banget.
            Bareng arep mulih, aku nawani rina supaya bisa dak terke ning kose. “ rin, ayo bareng aku wae mengko tak terke  mulih ning kosmu,” ora usah lih, aku isa balik dhewe cedhak kosku.”wangsulane rina marang aku. “ emange kosmu ngendi?takonku maneh.” Banaran kok..ora adoh, kowe kosmu ngendi?pitakone rina.” Banaran padha karo kowe..” ayo mumpung searah wae kok.”rina mangsuli, “ Iya lah nak ngono..aku bareng kowe wae...”siiip...wangsulanku kanthi ati kang bungah banget.
            Nalika ndekne reti nak motorku tua tur elek,kayake sajak isin boncengan karo aku. “ayo rin, ndang numpak.” “ aku wedi nak motormu mogok kepriye? Pitakone rina.” ora-ora nak motorku macet ning tengah dalan, wangsulanku.”
            Bareng wis tekan kose, “ maturnuwun yo galih.” Iyo rin nyante wae, nak butuh boncengan ngger ngomong karo aku.” Rina langsung ninggalke aku tanpa nyauri apa-apa.
            Saben wengi tak sms bocahe nanging ora tau dibales. Aku dadi pengen reti kenapa kok smsku ora tau dibales. Sawijining dina pas aku arep ning kose kancaku, aku lewat ning warung cedhak kose rina. Aku ngerti dheweke lungguh ning kono karo bocah lanang, akrab banget karo rina. Banjur tak cedhaki. “rin..lagi ngapa ning kene? Kuwi sapa?pitakone sing lungguh jejer karo rina.” Iku kancaku yang,  wangsulane rina.”
            Aku banjur lemes krungu rina nyeluk ngono kuwi. “ Kuwi sapamu emange rin?takonku.” Aku pacare rina.” Langsung wae bocah lanang kuwi nyauri karo rodo pengen ngejak gelut. Kok kowe ora ngomong karo aku nak wis duwe pacar rin?pitakonku.” kanggo opo aku ngomong karo kowe?emange kowe sapaku?wangsulane rina.”
            Banjur aku lunga wae teka kono kanthi ati perih. Nanging kanggo apa aku nangisi dheweke, mungkin pancen dudu jodohku apa aku wae sing ora payu. Batinku ning jero ati. Aku ora bakal nyerah lan terus berusaha supaya isa enthuk pacar kang gelem nrima aku apa anane.
            Ing wayah esuk pas aku arep mlaku-mlaku numpak motor kesayanganku. Mubeng-mubeng kutha semarang, ora nyana malah ban motorku bocor. Banjur aku goleki tukang tambal ban. Setengah kilo aku mlaku, lagi ketemu tukang nambal ban.
            Aku kaget nalika ana bocah ayu manis lungguh ning kono. Bareng tak sawang, malah dheweke kuwi ngrewangi bapake nyambut gawe dadi tukang tambal ban. “ bocor mas?pitakone dheweke. “Inggih mbak,wangsulanku.”
            Nalika dheweke lagi nambal, aku takon. “ mbak wong ayu kaya jenengan kok gelem-geleme nambal ban lho?ayu apa ta mas, elek ngene kok.” Wangsulane kanthi alus. Aku takon werna-werna karo dheweke. Banjur nambal bane wis rampung, aku jaluk kenalan marang mbake sing nambal ban mau. “ mbak asmane sinten nggih?pitakonku.” kula karmila mas, wangsulane.” Banjur aku jaluk nomer hapene.
            Saben wengi tak sms dheweke, tak enteni balesane. Kanthi ati deg-degan aku buka smse, omongane alus kanthi ayem ning ati.
            Ora let sue aku langsung dolan ning omahe karmila. “ kulanuwun...nggih mangga..wangsulane karmila.” E...mas galih ta,wonten napa mas bane bocor malih nggih? Pitakone.” Mboten mbak, kula mriki pengen dolan ketemu jenengan, wangsulanku.” Aku langsung wae takon karo karmila. “ sebenere awakmu wis duwe pacar durung? Pitakonku kanthi isin-isin.” Dereng mas, kula mboten gadhah pacar. Sapa ta sing gelem karo aku ngene iki? Wangsulane karmila.” Lha aku gelem karo awakmu. Temenan iki aku pengen dadi pacarmu, lan kowe arep tak dadike calon bojoku. Wangsulanku.”
            Gelem ta?banjur kanthi mesem dheweke mangsuli, inggih purun mas, aku gelem dadi pacarmu. “ alhamdullilah, saestu ta kowe gelem dadi pacarku karmila?pitakonku.” inggih saestu mas, kula tresna marang awakmu. Wangsulane karmila.

            Aku ora nyangka yen bakal enthuk wanita kang gelem nrima aku apa anane kaya karmila. Atiku bungah banget, saiki wis duwe pacar sing isa tak jak ing wayah susah lan seneng. Bakal dak jaga sliramu karmila sing tak tresnani. Tresnaku bakal langgeng karo kowe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar