bee

Rabu, 02 Juli 2014

Kembang Pete

Kembang Pete

            Nalika wayah wengi ing omahe Pak Haji kang lagi ana dhangdhutan,kanggo mengeti supitan anakke.”goyang terus Rok..!”,”siap bro..!ngasi esuk..”,nalika iku Aku lan Adi kancaku lagi joget dhangdhut ing kampung liya.
            Tanpa tak sengaja nalika joget tanganku napuk gundule wong liya kang lagi joget uga,”woy! Nek joget matane dinggo!”,”sory-sory mas ga sengaja”,sanajan aku wis jaluk ngapura dhewekke sajak ora trima,”Sory-sory..matamu kui!,ngajak ribut piye!”,”ana apa Rok?”kancaku Adi takon.”iki Di kayakke ana sing perlu diajar”,tanpa mikir suwe langsung tak jotos raine wonge mau,banjur ta idak-idak karo Adi”modar..modar!”,jebul wonge mau akeh kancane,”woiiii…!”,”lhoh! Rok ayo mlayu Rok,kancane pada teka!”,”napa mlayu! Biar tak ajar kabeh sekalian,durung ngerti sapa Arok..”,Aku  lan Adi banjur dikroyok uwong-uwong mau”praaak! Prook! Praak!”,”ampun..mas!,ampun!”kanthi awak lara kabeh aku lan Adi mlayu saka kono.
Anjani,Wanita kang dadi idam-idaman para priya ing kampungku.”Jani arep ning ndi?”,”iki Rok arep nggoleki bapak ning kelurahan,lhoh kok raimu bonyok bonyok ngapa?”,”ow biasa,cowok kok”,”bar gelut ya?”,”ora.., sok tau kamu,..ngomonge meh nggolekki Pak Lurah?”,”ow iya, tak tinggal ya?”,”iya iya ati-ati dijalan”.
“Sing omong karo kowe mau sapa Rok?”,”sapa ta! Mulane aja micek wae!”,”halah.. Anjani ta..?,ngimpi kowe bisa dadi pacare!”,”iya Di, aku memang mungkin mung ngimpi dadi pacare,tapi yen dadi bojone,kenyataan bos!”,”cangkemu kui!,ra mungkin Anjani gelem karo Banci!”,”lhoh,maksude?”,”iya..emang kowe pernah dolan ning omahe?durung pernah ta?paling yen wani rono di beleh Bapakke”,”oke!mengko sore aku bakal dolan ning omahe Anjani”.
Nalika aku arep ketemu Anjani,aku kepethuk Bapakke lagi lungguh ning teras omahe,kanthi sikil gemeter aku ngomong”sugeng sonten Pak Lurah..”,”iya ana apa?”,”Badhe ketemu Anjani saged Pak?”,”ora ono,Anjani lagi wae metu”,”medal teng pundi nggih pak?”,”kok kakean takon ta!”,banjur Anjani metu saka omah,”lhoh Rok..ana apa kok rene,nggolekki aku ya?”,”kok malah metu ta nduk..”,”lha ngapa ta pak,wong Arok bocah apik”,”apik apane!tonton kuwi kathoke,kathok kok kebak fentilasine,opo meneh rambute,kaya buntut jaran!”,”berarti rambutku juga buntut jaran!”,”yo.. tapi kan nggonmu di semir ning salon,lha Arok kuwi,tuku semir rambut kok kilonan”,”yo.. ben ta pak,sing penting kan atine”.
Aku lan Anjani banjur ngobrol ning pinggir kali cedhak omahe,”Rok aku ra nyangka kowe wani dolan ning omahku”,”ya wanilah demi kamu,apa wae ta lakoni”,”terus..ana apa kowe nggolekki aku?”,”Jani.. kowe wis duwe e’..e’ durung?”,”e’..e’ apa?”,”pacar..?”,”ow..durung,emange ngapa”,”ah tenane..,berarti ana kesempatan nggo aku now..”,”ya ana lah,jangankan pacar,dadi istrimu wae aku siap”,”yang bener!...”,”tapi ana sarate, e…minggu ngarep aku kan dikongkon bapakku ning nikahane om ku,lha kowe gelem ra ngancani aku?”,”ya gelem lah,emange ning ndi?”,”Jakarta”,”apa!..”.”lha jarene gelem dadi pacarku..”,”oke aku gelem”.
Ananging sak temene,anggone Anjani ning Jakarta mau arep ketemu tunangane, kang wis dijodohke Bapakke,yaiku anake kancane Bapakke kang dadi pengusaha sukses ing Jakarta.
Dina iki aku karo Anjani budhal menyang Jakarta saka stasiun Balapan solo,nalika lagi  nunggu kereta ing stasiun”Rok aku tak ning tolilet sedilit ya?”,”iya silahkan,suwe juga ga papa..”,nalika ing toilet Anjani nyentelke tase ning paku kang temancep ing tembok,bubar saka toilet dhewekke lali nyangking tase meneh,”uwes Jani?”,”iya uwes Rok,lhoh! Tasku endi!,ya ampun.. keri ning toilet”,bareng ditiliki tas mau wis ora ana.”waduh Rok, tase ilang,padahal tiket lan duwit sanguku ning kono kabeh”karo nangis dhewekke ngomong.”Waduh piye iki,apa mulih dhisik matur karo Bapakmu?”,”aja Rok,aku ndhak disengeni”,”wah.. piye iki,jujur Jani,aku mung duwe dhuwit satus lima las ewu,iki wae saka utang karo Adi,emange rega tiket loro pira?”,”satus wulung puluh lima Rok..”,”ya wis,mumpung keretane durung teka,kowe ning kene dhisik ya,aku tak golek cara”,Aku banjur menyang toko jam ngarep stasiun.kepeksa jam siji-sijine sing tak duweni tak dol.”pak kersa numbas jam kula?”,”endi barange tak tontone dhisik”,”ow niki pak,tasih sae kok”.
Sakwise di priksa,”tak tuku seket ewu ya mas?”,”kok mung skeet pak.. mbo tulung diunggahke malih..”,”lha jalukmu pira?”,”setunggal atus ewu ngoten pak?”,”ya ra payu yen semono,suwidak ewu ya”,”waduh.. mbo ditambah malih pak,ajeng kula ngge tumbas tiket teng Jakarta”ya wis,pitung puluh ewu ya?”,”tambah sekedhik malih  pak”,”lha gelem apa ra?yen ra gelem ya uwis,golek toko liyane kono!”,bareng tak etung jebul wis cukup,”nggih sampun,manut mawon”.
Aku banjur bali menyang stasiun,”Jani keretane durung liwat ta?”,”durung Rok..”,”ya wis tukuo tiket dhisik,iki dhuwitte”.sakwise keretane teka aku lan Anjani banjur numpak,Aku lungguh jejer karo Anjani,”Rok makasih ya wis nokokke tiket,”iya..,apa sih sing ora yen kanggo kowe..”.
Esukke Aku lan Anjani wis tekan Stasiun Gambir,”Jani..Jani,tangi Jani,ayo mudhun wis tekan”.tak sawang dhewekke ketok lemes,aku banjur golek sarapan kanggo dhewekke,”Jani,ntenono sedilit ya,aja neng ndi ndi,aku tak golek sarapan dhisik”.merga ngerti yen Aku wis ora duwe dhuwit dhewekke banjur ndhelik ndhelik ngetutke aku.
Nalika tekan warung makan,”Pagi buk,maaf ngrepotin,e..lagi bersih-bersih ya buk?”,”iya,kenapa?”,”saya bantu ya buk,dibayar nasi satu bungkus aja mau kok Buk..”,”ga usah,ga perlu”,”tolong buk..”,”enggak ya enggak”,”saya pel nanti buk lantainya,pokoknya sampai bersih..”,”ya udah,cepet!,satu bungkus lho ya..”,”iya buk”.
Saka kadohan Anjani nyawang aku,kang lagi ngepel lan resik-resik ing warung.Banjur wis rampung anggonku resik-resik,”ini nasinya”,”iya,makasih buk”.aku banjur bali ning Anjani.”Jani.. iki sarapan dhisik”,”e.. lha kowe Rok?”,”ow..Aku wis ta maem ning kono kok”.
Nalika lagi maem dhewekke netesake eluh ning pipine.”Napa Jani kok nangis?..”,”e.. ga papa Rok mung keselek kok…”,”ow tak golekke wedang dhisik ya..”,”ga usah Rok,ga usah”.Aku banjur bali menyang warung mau meneh,”maaf ganggu lagi buk,boleh minta air putihnya”,”ya elah elo lagi!”,”tolong buk sekali ini..aja”,”tunggu,tak bungkusin bentar”.
            Aku bali ninggone Jani meneh,”iki Jani,diombe dhisik,maaf ya mung banyu putih tok”,”rapapa Rok,makasih ya”.sakwise Anjani sarapan aku lan Anjani,banjur neruske nggoleki alamat omahe om me.Tak sawang ana mas-mas kang tampange sangar lagi jagongan wong loro,aku banjur takon.”misi mas,numpang tanya,jalan Kirai Kebayoran Baru,cipete,Jakarta Selatan arahnya kemana yam as?”,”ow itu,aku ngerti bos,Cuman.. kamu berani bayar berapa?”,”waduh Aku ga punya uang kok mas”,”ya tau nggak punya uang napa nanya!,di Jakarta ga ada yang gratis!”,”ya udah mas makasih”.Aku banjur lunga saka kono,nanging wonge mau nyelukki”woi boss!sini dah”,”ada apa ya mas?”,”kalo ga punya uang,kayaknya cewek kamu aja boleh tu,ntar ta kasih tau tempatnya?”,”maksudnya?”,”ah!.. berlagak bego loe,ya kalo cewek kamu mau tak ajak maen dibelakang bentar,nanti tak kasih tau!”,”maen..!,bajingan kowe!”banjur ta ajar wong loro mau,ananging malah aku sing diajar ngasi remuk.”udah mas udah,tolong!tolong! Anjani mbengok Jaluk tulung,preman loro mau banjur mlayu lunga,”Rok kowe ra papa ta?”,”ga papa Jani,cuma cenat cenut..”.
            Wis ngasi bengi anggonku golek alamat mau,”Jani leren sik ya?awakke mendhing turu dhisik sesuk esuk dilanjutke meneh”,”iya Rok,terus meng turu ngendi?”,”ning emperan toko ga papa ta?”,”iya ga papa”.nalika arep turu tak sawang Anjani ngekep wetenge,lan tak rungokke ana suara saka wetenge.”Jani kowe ngelih ya?”,”ora kok Rok”,”ah rasah ngapusi,daripada mengko lara weteng,tak golekke dhisik ya?”.Aku banjur menyang angkringan,”misi pak,kelihatanya gelasnya banyak yang kotor ya Pak,boleh tak cuci in Pak?”,”ow gak usah mas makasih”,”tolong Pak dibayar nasi kucing satu aja saya mau Pak?”,”ya udah silahkan mas”.Nalika aku lagi nyuci Bapakke mau takon.”kamu disini baru yam as?”,”iya Pak aku baru nyampe sini tadi Pagi”,”aslinya mana mas?”,”aku dari Solo pak”,”lhoh Solo?Solonya mana?”,” Laweyan Pak”,”Aku yo Asli Solo lho mas”,”Bapak nggih asli solo ta,Solone pundi Pak!”,”Aku mburi Pasar Legi mas”.
            Bareng wis rampung anggonku nyuci,”iki mas tak wenehi limang bungkus”,”mboten sah pak setunggal mawon”,”uwes rapapa,terus bubar iki kowe arep ning ndi?”,”ow enggih Pak,punapa Panjenengan Pirsa alamat menika?”,”jalan Kirai nomer 56 Kebayoran Baru, Cipete..,iya Aku ngerti mas kowe sesuk esuk numpak Kopaja  79 wae mengko tinggal ngomong mudhun jalan Kirai”,”enggih Pak maturnuwun,nang kados pundi nggih Pak,kula mboten gadhah arto ngge ngebis Pak”.”ow,iki nyo ta sangoni ya,nggo ngebis sesuk”.”maturnuwun sanget nggih Pak”.
            Aku banjur bali nusul Anjani,”Jani.. iki aku oleh panganan akeh”,”ya ampun.. kok iso Rok?”,”Jebul sing duwe angkringan wong Solo,malah aku dikandhani alamate Om mu kui”.
            Sak bubare maem Aku lan Anjani banjur turu kanthi lemekan kerdus bekas,”Jani.. kowe kedinginan ya?..iki jaketku nggonen”,”ra usah Rok”,”ga papa dinggo wae,Aku wis biasa kok”,”makasih ya Rok”.

            Esukke Aku lan Anjani,banjur numpak bis menyang omahe Om me Anjani.nalika tekan ngarep omahe Om me,kanthi nangis Anjani ngomong”Rok..maturnuwun ya wis ngeterke aku tekan kene”,”iya iya ga papa”,”Rok.. Aku minta maaf ya?”,”e..minta maaf apa?”,”kowe ngerti ra,sejatine iki omahe sapa”,”lhoh omahe Om mu ta?”,”dudu Rok iki omahe tunanganku,calon bojoku,Aku wis dijodohke Bapakku Rok,lan nalika tasku ilang ning stasiun kae,sejatine ora ilang,ananging tas kang ra ono isine kae tak titipke kancaku kang pancen nunggu toilet ing kono,kowe mung tak manfaatke Rok,merga Wong tuaku ora duwe dhuwit nggo nyangoni Aku,lan Anggonku dikon menyang Jakarta merga Wong tuwaku wis ora sanggup ngurippi Aku Rok,Bapakku wis kakean utang dinggo nyalon Lurah wingi,Aku minta maaf tenan Rok…”, Rasane luwih becik mati tinimbang wong sing tak tresnani mblenjani janji,Aku banjur wangsulan”tega kowe Jani..ananging Aku bakal nunggu tresnamu sampai kapanpun itu..”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar