Kancil lan Merak
Merak pancen seneng macak. Mula tansah
nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik
tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi
salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare
Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti
Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon
endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara
kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan
rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone
Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung
saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati
segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan
iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana
ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna
tumrapmu!”
Nanging Kancil sajak wingi nyawang
kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur
nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku
bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka
panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan
ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya
ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing
padha!”
Senajan
akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil
nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk
tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak
gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe
dadi kewan apa?” pitakone Merak.
“Kewan
apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone
Kancil ngoyak, ora sabar.
“Bisa
wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”
“Ora
masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.
“Ya
sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune
wargaku.”“Terus kapan?”
“Udakara
rong mingguan.”
“Tak
tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi
mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan
bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang
dheweke.”
Tekan
dina sing dijanjekake, esuk unthuk-unthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye,
Rak? Iki wis rong minggu !”
“Beres
!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo ! wulu-wulu
wis dakdhewek-dhewekake !
Wulu
awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang
minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”
“Wis
gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake
Merak.
Merak
banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil
“Rampung,
Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”. Kancil banjur
ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune.
“Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”
“Bener
kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong.
“Mung
aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu
piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung
templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!” Kancil ora nggagas, malah
gage pamitan.
“Wis,
Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke
kahananing awakku saiki!”
“Sing
ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka
platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe
supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah
mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme
esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil
esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,”
ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh
karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan
buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa
lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke
sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage
tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”.
“Kabeh
wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”
“Gelem
Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni.
Dheweke
eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan
endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon,
Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan
ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung
mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah
merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar