Ringkesan Sentanu
Ana
panjenengane ratu Sang Mahabhima arane. Panjenengane nindaake sesaji asmawedha
lan satus rajasuya. Asil sesajene panjenengane kondur menyang swarga.
Panjenengane ngadhep marang Brahma lan Sang Dewata. Dewi Gangga uga nderek
ngadhep. Tumungkul saanane dewata ana ing kono ora pengin weruh. Bhatara Brahma
murka weruh panjanengane. Disotake panjenengane supaya dadi manungsa. Dewi
Gangga mudhun swarga. Sepisan panjenengane ketemu Astabasu kena sote Bhagawan
Wasistha ala wujude ilang kadewatane. Sang Astabasu disotake dados manungsa
amarga panjenengane nyolong sapine Resi Wasistha. Dewi Gangga ngendika : “ Sang
Mahabhima disotake Bhatara Brahma supaya njelma dados manungsa. Dene cara
ngupayaku, saben tumindaku ora olih delarang dening bojoku”. Sang Astabasu
mangsuli : “ Setuju yen mengkono, aku bakal njelma marang panjenengan iki sak
sedulurku wolu. Dene caramu kelekna manungsaku yen lair mau ing kali Gangga
supaya ora suwe aku dadi manungsa”.
Dumadakan
aku kepengin marang panjenengan, mulane aku teka saiki. Dewi Gangga banget
ngedab-edabi wujudmu. Nanging ora nuwuhake napsuku. Manggone ana ing tengen,
mulane kowe bakal dadi mantuku, dheweke anakku besuk. Mangkono ngendikane
Maharaja Praptipa. Garwane sing asmane Sang Susanda mbobot. Sang Mahabhima sing
disotake dening Bhatara Brahma biyen. Sang Prabu lagi sabar, panjenengane
kagungan putra, diparingi asma Sang Santanu, bagus banget. Tekan ing kadiwasane
panjenengane diwisuda dadi ratu njaga donya. Kocapa Maharaja Santanu,
panjenengane kepengin berburu menyang alas ing pinggiring kali Gangga, ketemu
karo Dewi Gangga. Sang Santanu kesengsem mrisani Dewi Gangga, panjenengane
ngendika : “ Ibu sing ayu, sapa kancamu?, sapa wong tuwamu?”. Aku tresna banget
marang kowe.
Dewi
Gangga mangsuli : “ Aku didangu Sri Maharaja, aku Jahnawi panjenenganku. Bapak
panjenengan kepengin arep mantu, ngendikane marang aku rikala nindakake tapa
ing pinggirku kuwi jalaran aku mudhun mrene aku kawin karo panjenengan.
Maharaja Santanu kondur karo Dewi Gangga, diasta mlebu menyang kraton. Sasi lan
taun wis klakon sebab saka senenge Maharaja karo Dewi Gangga. Sang Astabasu
nitis marang panjenengane, saben panjenengane babaran diuncalake menyang kali.
Pitu akehe yaiku : Sang Dhara, Sang Dhurwa, Sang Soma, Sang Apah, Sang Anila,
Sang Anala, Sang Pratyangga. Maharaja Sanytanu ngendika marang Sang Gangga : “
Akeh banget anakmu, dibuwang ing kali”. Dewi Gangga semaur : “Ana janjiku biyen
karo Maharaja Santanu, ana Sang Astabasu asmane dewa putrane Sang Hyang
Dharma”.
Kagungan
lembu Sang Nandini jenenge, ayahipun saking Siswara. Sapi kuwi ngetokake
kekarepan yen ana wong ngombe susune, ora tuwa yaiku dikarepake Sang Dyoh.
Dheweke ngomong marang Sang Prabhata colongen sapine Sang Resi Wasistha kanggo
aku, kancaku lan Sang Jiwati. Dheweke arep tak wenehi ngombe susune supaya ora
tumeka ing pati. Bhagawan Wasistha ngendika : “ Kowe pitu cacahe ora suwe
anggonmu dadi manungsa sebab dudu sing marahi dosa. Dene ing besuk dheweke lair
ora melu tak kelekake ing banyu”. Mangkono ature Dewi Gangga terus ilang,
kondur ing kali Gangga maneh. Maharaja Santanu prihatin, panjenengane kondur
menyang kraton. Telung puluh enem taun lawase ora kagungan garwa mung nidakake
ngreksa jagad. Panjenengane beburu menyang alas pinggiring kali Gangga,
pangagalihane kuwatir. Ulu ning kali diturut, katon bocah kuwi ngadeg ing
tengah kali. Kuwi sebabe kali Gangga ora gedhe iline. Dumadakan bocah kuwi
ilang, Maharaja Santanu kamitenggengen ora suwe Dewi Gangga rawuh nuntun
putrane. Matur marang Sang Maharaja : “ Bocah kuwi sinau ilmu manah, putra
panjenengan klawan aku jenenge Dewabrata. Mngga panjenengane pundhut asta
menyang kraton”.
Sawetara
taun lawase Sang Dewabrata manggon karo bapake. Dialoh Maharaja Santanu
ameng-ameng menyang Yamuna, mireng wartaning wong yen ana ganda wangi kaya
ambuning kembang saptapatra. Asale ganda wangi kuwi ditutake Sang Sayojanagandi
ditemokake dening panjenengane. Lan manehe ayu banget praupane,panjenengane
kepengin. Dheweke didangu dening Maharaja, matur yen prawan Dasabala putrane
Sang Dasapati.
Sang
Dasapati matur marang panjanengane : “Nyuwun pangapunten Sang Prabu, sanes mas
inten kanjeng kula. Dene yen sinuwun ngersakaken kulo, kasetyan panjenengan minangka panumbasipun.
Dene putra dalem Sang Dewabrata boten badhe nggentosi keprabon dalem. Sang
Gandawati badhe kulo aturaken dhateng panjenengan”. Maharaja kondur, banget
kepengine marang Gandawati. Sang Dewabrata matur : “ Iki tembungku Sang
Dasabala, ujar temenan dudu ujar goroh. Anake Sang Gandawati bakal dadi ratu,
aku ora bakal dadi ratu”. Sang Dasapati matur : “ Sae menawi makaten, yen estu
panjenengane boten badhe dados ratu “. Sang Dasabala : “Rungokna sumpahku, ora
mung keprabon sing taktinggalake marang wong wadon uga taktinggalake”. Sang
Bisma mulih, nyembah marang bapake ngaturi pirsa tekane Sang Gandawa. Dene Sang
Santanu krama karo Sang Gandawati, peputra lanang loro, banget baguse. Sang
Citranggada sing tuwa. Adhine jenenge Citrawirya. Nalika pada dewasa, Maharaja
Santanu tumekan ing sedane. Sang Citranggada lan Citrawirya didadekake ratu
dening Sang Bisma manut dhawuhe Sang Gandawati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar