Kidung Tresna kang Wurung
dening:
Wiratno
Diajeng
Pasuryanmusing
sulistya
Esemu sing
ngujiwa... pait madu
Solahmu
kang nglamlami ati
Teka...
Mbebeda aku
Nangekake tresnaku
Sing wis
suwe turu kepai
Nalika sliramu
micara
Agawe sengseme
nala
Aku ora
bisa suwala
Saka krodhaning
asmara
Nanbing kena
apa
Bareng aku
lara branta
Sliramu lunga
tanpa kandha
Milar tanpa
kabar
Dak sambangi...
ora naggepi
Aku SMS ora
mbok rewes
Ngertiya dhiajeng...
Jagad ora
mung sak godhong kelor
Semono uga
tresnaku marang sliramu
Prasast ora
tahu kendhor
Molor kayadene
kolor
Nanging...
Apa arep
tak rewangi nglalu
Tinimbang aku
wuru
Mburu sing
ora tamtu
Mujung tresnau...
Jroning nala
ana swara
Kanthi sareh
lan sumeleh kandha
Donya ora
mung sak godhong lumbu
Isih akeh
kenya kang ayu
(Kapethik saka
Panjebar Semangat No. 28 – 11 Juli 2009)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar