Timun Emas
Dek
jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana
anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben
dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi
anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah. Tanpa
sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu
Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa
supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijo ing ngarep
omahe. Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si
Buto ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine
krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa
diwenehi anak tenan. Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe
dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wiji timun sing kudu di
tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun
iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki
sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise
tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing
antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane
kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun
mau ana bayi manungsane. Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe
anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga
dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit
timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau
dijenengake Timun mas. Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan
janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine,
rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah
sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa
kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto. Esuke mbok
randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya
ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau
menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang
Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.
Tekan
omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane
nggunake. Mbok randa ngongkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete.
Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur
nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok
randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas. Amarga Buto ijo jangkahe
amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake
buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh
timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau.
Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo
banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh. Lagi sedela wae sang
Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake
Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela
wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau. Timun mas banjur
nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero.
Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas
saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan
kang pungkasan. Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero.
Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto
ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas
akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar