Kancil karo Kethek
Ing sawijine dina ing alas, ana akeh jenise
kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni
panguripan lan lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila
lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu
kancane. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah
iki sing dadi sasarane yaiku Kethek. Ing sawijining dina, ana Kethek lagi penekan ing ngisor wit pring.
Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Kethek sing lagi mangan rotine. Utek licike metu pingin jukuk
roti ing tangane Kethek.
“Thek . . Thek,” undanange
Kancil marag Kethek. Kethek marani Kancil, “Ana apa, Cil? Kowe ngundang aku?,”
takone Kethek.
"Thek, aku wenehi rotine sithik wae aja
akeh-akeh," jaluke Kancil
"Iya.. aku kan apikan, iki separoan karo
aku,"
"Suwun ya Nyet... koe pancen apikan, nanging
aku wae sing maro," jaluke Kancil.
Kethek aweh roti nggo diparo maring Kancil ora
nduweni rasa curiga karo Kancil. "iki ... kowe paro sing adil,"
penjalukane Kethek karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Kethek ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Kethek, bagean sing gede dicekel dhewe.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Kethek ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Kethek, bagean sing gede dicekel dhewe.
"Cil... kok gedhe gone kowe?," takon
Kethek.
"Mrene gawa mrene, tak gawe pada.,"
banjur Kacil mangan setitik rotine sing cekel, "Iki wis
pada," Kancil aweh rotine ing Kethek.
"Urung Cil!! kowe esih gede gonku,"
Kancil njiot roti sing ana ing tangane Kethek,
banjur dipangan setitik, kaya ngono seteruse nganti rotine entek dipangan Kancil. Hihihihi pungkasane Kancil mangan rotine kabeh, Kethek
nesu karo Kancil wong Kethek sing duweni roti malah ora antuk. Pancen Kancil
licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat iku kudu brayan urip lan sinambi
rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada
karepe dhewek-dhewe.
Kepriye watake kethek
BalasHapus