bee

Rabu, 02 Juli 2014

Layu Nalika Purnama

 Layu Nalika Purnama

Pancen ana rasa sengit lan anyel nalika pacarku sesandhingan karo priya liya,”Jani jujur wae karo aku,sejatine kowe isih tresna po ra marang aku?”,”kowe ngomong apa ta yang?”,”rasah nyeluk aku ‘yang’ yen pancen kowe wis ra ana rasa tresna karo aku meneh”,”Arok! Kowe jan jane napa ta!isoh men ngomong ngono karo aku”,”rasah nopa napa! Aku tenanan iki yen pancen kowe isih tresna karo aku,kae! Sing jenenge Karlo aja bok temoni meneh aku anyel yen kowe sesandhingan karo dhewekke”.ananging Jani mung meneng wae tanpa wangsulan apa-apa.
              Anggonku pacaran karo Anjani pancen wis suwe,sak wetara siji setengah tahun aku pacaran karo dhewekke,Aku tresna kepati-pati karo Anjani lan aku ora bakal ngeculke Anjani marang priya liya.
            Akhir-akhir iki aku pancen rada curiga marang Anjani,nalika dhewekke kuliah aku kerep ngerti dhewekke dolan karo priya,embuh kancane apa sapa.Nalika aku mulih saka kampus,kaya biasane tak sms Anjani,”Jani dah pulang belum nie,kalo udah tak tunggu ya,ditempat biasa”mengkono smsku,biasane sak bubare kuliah aku janjian karo Anjani ketemu ing ngisor uwit sak tengene air mancur ing taman kampus.
            Embuh napa kok dhewekke ora mbales smsku,ya wis lah tak tunggu ning panggonan biasane ing taman.sak wetara setengah jam aku lingguh dhewekan,kaya biasane aku mbayangke saben mulih saka kuliah aku lingguh sesandhingan karo Anjani ing kene.
            Wis suwe anggonku nunggu,aku banjur mlaku mulih dhewekkan.Ora nyangka nalika mlaku aku ngerti dhewekke digoncengke bocah lanang,mak dheg atiku anyel lan mangkel ngerti dhewekke boncengan karo priya liya.
            “Jani kowe wingi digoncengke sapa?”,pitakonku nalika ketemu dheweke ing kampus,”lhoh,kapan ta Rok!”,”ah rasah alesan jujur wae kowe wingi mulih kuliah karo sapa”,”ow  dhek wingi,aku bonceng kancaku rok,”,”iya sapa!Karlo ta?”,”e…ho’o”,”aku wis ngomong ta aja hubungan karo kae!aku cemburu,aku wedi kelangan kowe!”,”Arok aku mung kancan karo dhewekke enggak lebih kok”.
            Tak gawe sabar atiku.ananging swijining dina aku kepethuk dhewekke lagi lingguh sesandhingan karo Karlo ing latar ngarep kose,tanpa mikir suwe banjur tak parani,”woi Karlo ngapa kowe dolan rene,kowe ngerti ta Jani pacarku”,ananging Anjani sing mangsuli,”Arok kowe ngapa ta,teka-teka kok nesu-nesu”,”meneng kowe! aku ra takon kowe,he Karlo jawab pitakonku kowe ne kene ngapa!”,kanthi slengekkan dhewekke mangsuli,”lhoh kowe ra nyawang ta,aku lagi pacaran karo Anjani ngono kok”,”bajiingaaan!”tanpa mikir ta jotos raine,banjur aku lunga saka kono.
            Liya dina aku kepethuk Anjani lan Karlo ing taman kampus,”Karlo!kowe ra kapok-kapok ya!”,”santai santai Rok,ga usah ribut,saiki takonono Anjani,dhewekke luwih milih aku apa kowe!”,”Jani tulung kowe jujur,kowe luwih mlilih aku apa Karlo?”,kanthi metu luh saka mripate dhewekke mangsuli”maaf Rok bareng tak pikir aku milih karo Karlo wae”,”tega kowe Jani,ananging aku tetep tresna marang sliramu”.aku banjur lunga saka kono kanthi perihing ati.
            Sawijining dina aku kepethuk kancaku Adi ing kantin kampusku,”Rok!kok dhewekan wae!”,”ho’o Di”,”Rok wingi pas lagi jajan ning RM siap saji aku ngerti pacarmu karo wong liya lho”,”iya,aku wis putus kok karo Anjani”.”wo..pantes”,”pantes piye Di?”,”iya mulakne dek wingi aku krungu lagi pada ngomongke kowe”,”ngomong piye Di?”,”yo ngono lah Rok, aku malah ga enak karo kowe”,”rapapa Di, omongno wae”,”yo.. intine ngelek-elek kowe Rok”,”iya terus?”,”yo Anjani crita karo pacare yen kowe kurang Romantis lah,kurang perhatian lah,malahan dhewekke ngomong’umpama aku isih karo Arok,aku ga bakalan bisa mangan enak kaya ngene’ngono Rok”,aku mung isa meneng krungu critane Adi mau.
            Liya dina aku banjur ngajak ketemu Anjani ing Taman.”Jani,tulung kowe jujur,apa alesanmu kok luwih milih Karlo, aku kurang apa?”,ananging dhewekke mung meneng wae tanpa wangsulan,”Jani aku ngerti aku pancen ora romantis,aku juga kurang perhatian karo kowe,lan aku ngerti,pacaran karo Karlo pancen luwih nyenengke tinimbang aku,ananging kowe sadar ta?,yen duwit sing nggo nyenengke kowe dudu duwite Karlo dhewe,lan aku yakin kuwi duwit saka wong tuwane dudu saka kringete dhewe,saupama aku anakke wong duwe,aku yo bakal nyenengke kowe.”sakwise ngomong ngono aku banjur lunga lan ninggal Anjani dhewekan lingguh ning kono.
            Wis sewulan  luwih anggonku nandhang lara ati ditinggal Anjani,aku isih duwe karep ngrebut Anjani saka Karlo,lan aku percaya yen sejatine Anjani isih duwe rasa tresna karo aku.Ing wayah wengi Anjani moro ing kosku kanthi nangis mageb-mageb,”ana apa Jani kok nangis?”,karo ngekeb awaku dhewekke ngomong”Rok aku minta maaf Rok..!”,”iya..tenang sek ta,kene lungguh dhisik”,banjur wis meneng nangise dhewekke ngomong,”Rok kowe isih gelem nampa aku apa anane ta?”,”e..iya,kowe isih tak tampa Jani”kanthi bingung anggonku mangsuli. Aku banjur takon”Jani sing njalari wengi-wengi kowe rene karo nangis ki apa?”,”aku dikon minggat wong tuwaku Rok..”,”lho..merga apa?”,karo nangis dhewekke mangsuli”aku hamil Rok..”,”lhoh! Sapa sing hamili!Karlo?!!,dhewekke manthuk,”bajingaan!..saiki wonge ningendhi?!”,karo nggondheli tanganku dhewekke ngomong”uwes Rok.. uwes..! Karlo minggat Rok,ora gelem tanggung jawab”.
            Saben dina Anjani mung bisa nangis ngadhepi kahanan.”uwes Jani,sabar..sabar”,”Rok aku ora etuk mulih nenggone wong tuwakku,sak durunge mulih karo bojoku,karo bapak saka anakku”,”Jani..aku siap dadi bojomu,dadi bapak saka anakmu,lan bakal tak rawat kaya anakku dhewe”,”Rok kowe gelem ta melu aku nenggone wong tuwakku?”,”e.. jujur Jani aku durung siap,aku durung bisa golek dhuwit kanggo nguripi awake dhewe lan anakke awake dhewe mengko,aku kepingin nyambut gawe dhisik Jani..”,”yen mengkono awake dhewe golek kontrakan dhewe ya?aku ga enak karo bu kosmu”,”Jani..maaf aku durung duwe dhuwit nggo ngontrak”,”iki.. kowe bisa adol kalung lan cincinku,rumayan bisa dinggo DP dhisik Rok..”,”e.. terus kuliahmu piye?”,”aku sementara mandheg dhisik Rok,besuk yen anak kita wis lahir arep tak lanjutke”.
            Sak wise etuk kontrakan Aku karo Jani omah ning kono,sanajan mung cilik aku lan Jani wis bungah bisa urip bareng.anggonku kuliah uga tak tinggal,lan aku nyoba golek gawean sak etukke.Aku seneng bisa nyambut gawe sanajan mung kuli bangunan,saben dinane aku etuk upah sewelas ewu.
Tak rasakke isih kurang penghasilanku kanggo nyukupi kebutuhan saben dina.aku banjur golek gawean sampingan.saben wengi aku buruh nyuci piring ning Rumah Makan cedhak kontrakanku,saben dina aku diupahi pitung ewu sejene kuwi aku kadhang-kadhang di wenehi lawuh kanggo digawa mulih.
0ra krasa wis wolung wulan aku omah karo Anjani,lan wis meh sangang wulan Anjani hamil,saiki Anjani wis ra iso apa-apa,amarga wetenge wis gedhe dhewekke mung isa nglekar ing dhuwur kasur.seminggu pisan aku banjur nyeluk Bidan tangga kampungku,kanggo mriksa kesehatane Anjani.
Kaya biasane saben dina, sak durunge lan sak wise nyambut gawe aku nyuapi maem kanggo Anjani,kadhang tak masakke bubur,yen pas ra duwe beras yo mung sayur sak onone.karo nyuapi dhewekke aku ngomong”Sayang kowe istirahat sing cukup ya,aja kakean gerak dhisik,”,”..Sayang..,sakwise anakke awakedhewe iki lahir,kowe pingin cowok apa cewek?”,”a..Aku,cowok cewek padha wae sayang,bakal tak rawat ngasi sak uripku kanthi rasa tresna.
Aku banjur budhal nyambut gawe,Anjani tak tinggal ning ngomah dhewe,ing sandhinge namung dikancani radio kang wis ra cetha suarane.
Nalika nyambut gawe,ora kaya biasane,dina iki aku mung kepikiran karo Anjani kang dhewekan ning ngomah,atiku ora tega ninggal Anjani kang lagi Hamil tua.aku banjur pamit karo juraganku,lan aku banjur mlayu mulih.
Sakwise tekan ngomah,”Sayang..,aku njujug kamar ing kamar,ananging aku ra kepethuk dhewekke,kanthi bingung aku nggolekki,tak sawang Anjani nglekar ing lantai kamar mandhi,kanthi kebak getih ing kiwa tengene,”Jani...,Jani!”ananging dhewekke wis ora sadhar.kanthi njaluk tulung tanggaku Anjani banjur tak gawa menyang rumah sakit.
Enem jam aku nunggu ning ngarep kamar operasi kanthi ati was-was,banjur dokter e metu,”gimana buk keadaan istri dan anak saya?”,pitakonku karo gemeter.”maaf pak kami sudah berusaha  semaksimal mungkin,tapi anak bapak tidak tertolong”,mak dheg atiku,”terus istri saya gimana dok?”,”istri bapak mengalami pendarahan hebat,sampai sekarang belum sadhar,besuk kita lihat perkembanganya dulu”.

Telung dina telung wengi aku nunggu ing sandhinge Anjani ing ruang ICU,dhewekke banjur sadhar,”sayang..”,kanthi suara alun dhewekke nyeluk jenengku,”Iya sayang aku ning kene..”,dheweke banjur takon,”anak kita cowok apa cewek?”,merga ora wani gawe gela atine aku ngapusi,”anak kita cowok sayang..”,dhewekke amung mesem lan ngomong”Sayang tulung kamu rawat anak kita ya..”,karo tak elus bathukke aku wangsulan”iya kita bakal ngrawat sampai gedhe..”.ananging dhewekke merem meneh lan ora omong apa-apa.”Sayang...,Jani!..Anjani! bangun sayang..!,banjur tangane sing adem tak demek,lan tak rasakke denyut Nadine jebul wis ora ana,banjur aku mlayu nyeluk dokter,sakwise mriksa,dokter ngomong,”maaf pak,istri bapak telah dipanggil Tuhan”.Sak nalika Aku nangis lan tak kekeb ragane Anjani kang wis tanpa nyawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar