Kembang Wijaya Kusuma
Cinarita
duk ing nguni ana sawijining kadipaten kang aran Kadipaten Banakeling. Kang
jumeneng Adipati ajejuluk Raden Adipati Bandhapati. Sekti tanpa tandhing marga
kagungan senjata piyandel kang sinebut “GilingWesi”. Tan kacrita sapa garwane, ananging
kagungan putra putri kang sulistya wernane yaiku Raden Ayu Bandhawati.
Nganak
diwasa Raden Ayu Bandhawati tansaya moncorong rupane nganti akeh para adipati
sak ubenge Kadipaten Banakeling padha kayungyun arep nggarwa sang dewi. Saking
akehe adipati kang ngayunake Raden Ayu
Bandhawati, Raden Adipati Bandhapati, wara-wara ngetokake sayembara.
“Sapa wae kang bisa ngasorake aku,
kuwat nadhahi senjata Giling Wesi dakparingi
ganjaran dhaup karo Raden Ayu Bandhawati !”mangkono unine sayembara.
Gumrudug para adipati padha ngadu
kasekten, nanging mung siji kang kuwat nadhahi senjata Giling wesi, yaiku priya
kang isih keturunane Kyai Ageng Giri kang peparab Raden Pucang kembar. Mula
Raden Pucang kembar banjur kadha upake karo Raden Ayu Bandhawati.
Sajrone jejodhowan sih-sinisihan Raden Pucangkembar lan Raden Bandhawati
pinaringan putra telu cacahe, salah sijine Raden Danumaya.
Erame . . ., nganti Raden Danumaya ngancik diwasa, endah rupane Raden Ayu
Bandhawati ora suda, kepara malah saya mencorong. Mula para adipati kang nate
kalah sayembara isih arep ngrebut Raden Ayu Bandhawati. Ora mung kanthi alus nanging kanthi kasar nglurug
peperangan. Parandene kabeh adipati padha asor yudane najan
mung diadhepi dening Raden Danumaya.
Ing
sawijining peperangan, nalika Raden Danumaya ayun-ayunan klawan Raden Adipati
Djaka Puring, Raden Ayu Bandhawati lenggah ana ing panggung mriksani yudane
ingkang putra. Peperangan saya rame. Nanging Raden Adipati Djaka Puring nemu
akal. Olehe tarung perang saya nyedhaki
palenggahane Raden Ayu Bandhawati. Breng wis cedhak, Raden Adipati Djaka Puring
ninggal palagan, niyate arep nubruk Raden Ayu Bandhawati ndang tumuli digawa
mlayu.
Raden Ayu Bandhawati waspada. Nalika
arep ditubruk, kanthi cukat trengginas mletik ngendhani. Amarga saking kuwate
anggone mlesat ngoncati bebaya, adoh banget nganti tuniba ana ing sawijining
pulo karang yaiku Majethi. Saka kersaning jawata, abreng tuniba Raden Ayu
Bandhawati musna lan jilma dadi tetuwuhan arupa siji-sijine kembang kang banjur
diarani kembang “ Wijayakusuma”.
Pisan iki Raden Danumaya kalindhih
yudane, banjur ngoncadi paperangan. Dheweke semedi ing Gunung Lawu mintaraga
kekuwatan. Sajroning semedi, sawijining dina Raden Danumaya kaparingan wangsit.
Keprungu swara tanpa rupa, swara mau kepara memper karo swarane ingkang ibu
kang wis suwe muksa.
“Yen kowe kepengin unggul ing yuda
la gedhe ing kawibawa, kowe njujuga mengulon pethiken kembang Wijayakusuma kang
cumondhok ana pulo Majethi, ing sisih wetane pulo Nusakambangan !” mangkono
wangsit kang tinampa Raden Danumaya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar