bee

Rabu, 02 Juli 2014

Sendhang Beji ing Dhusun Kulwa

 Sendhang Beji ing Dhusun Kulwa

Sendhang Beji Kulwa iku mapan ing Desa Bejiharja. Sendhang iki ana gegayutane karo tokoh Angling Darma yaiku Putra Mahkota Raja Malwati. Ing wektu enome Angling Darma didhawuhi ramane lan ibune supaya nambah ilmu lan golet kaprigelan ulah kanuragan.
Angling Darma nuli golet papan kanggo tapa, papan kang pinilih yaiku grumbul kang diarani Gunung Sungging. Tembung sungging tegese nggambar, ing papan iku Angling Darma duwe rencana, ngangen-angen bab apa sing arep dilakoni sateruse. Mulane dikandhakake nyungging. Nalika tapa Angling Darma dikantheni abdi loro yaiku Kyai Senggolo lan Kyai Septo. Abdi loro mau taat banget marang bendarane.
Nalika Angling Darma ninggalake Gunung Sungging, abdi loro ish mapan ana ing kono nganthi mati mula arwahe abdi loro mau dadi penunggu Glathik lan ngringin kang ora adoh saka Gunung Sungging. Ing sacedhake Gunung Sungging ana desa jenenge Kulwa. Ing desa iku ana Sendhang Beji lan Tlaga banyune bening.
Tlaga banyu bening iku kanggo lumban putri Nawangwulan. Putri Nawangwulan iku ayu lan mencutake. Angling Darma uga kepranan, mula dheweke golet cara supaya bisa nyedhaki putri Nawangwulan. Wektu putri Nawangwulan lagi lumban, Angling Darma langen ing sacedhake kanthi nyamar dadi mliwis putih.
Ora adoh saka Gunung Sungging, ing sisih sakidul kulone ana sawiijning guwa kang diarani Guwa Bendhogrowong. Papan iku dikuwasani dening raja raeksa kang sakti jenenge Baureksa. Raja iku duwe anak wedhok jenenge Nawangsih. Putri Nawangsih nyuwun karo ramane supaya digolekake jodho priya sing katurunane ksatriya. Raja Baureksa banjur ngutus patihe supaya golek priya kaya kang di karepake putrine. Ki patih banjur golek sisik melik, ki patih enthuk pawarta menawa ing Gunung sungging ana putra raja isng lagi tapa.
Ki patih banjur nyedhaki lan ngrepo marang Angling Darma supaya gelem disowanake ratune. Angling Darma banjur dikawinake karo Nawangsih. Angling Darma ora seneng. Banjur dheweke golek cara supaya bisa ninggalake Nawangsih. Kanthi alesan arep maguru, golek tambahan ilmu.

Angling Darma banjur ninggalake Bendhogrowong nuju Guwa Glathik, Angling Darma ditemoni dening naga sing arane Nagaraja. Marang Nagaraja Angling Darma nyritakake kahanane sing pengin mbatalake kawinane karo nawangsih. Akhire Nagaraja gelem nulungi Angling Darma liwat njero lemah. Ana ing papan tertemtu nyembul ngaton, nganthi ping pitu. Papan kanggo nyembul iku Sendhang Buntung, Kali Selang, lan Banyubening. Ana ing paperangan Nagaraja kasil ngalahake Baureksa, nawangsih banjur nglalu. Akhire Angling Darma nemoni Nawangwulan banjur bali menyang Malwapati. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar