bee

Minggu, 06 Juli 2014

Bocah Ayu

Bocah Ayu
dening : Rini

Bocah ayu... sepatu jinjit
Ambut diabang kaya mawa
Bocah ayu... lencir kuning
Klambi kemben kaya jaman Majapahit

Nanging... kok kathoke sak pupu
Tak kira putri ratu
Halah tibane dudu

Bocah ayu... lagi udud
Apa kowe durung wareg
Apa biyungmu oraadang

Bocah ayu... turut ratan
Apa kowe ora duwe tujuan
Sewengi natas mung mubeng dalan???

Bocah ayu...
Ndang baliya
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Supaya bisa surak hore


(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 28 – 11 Juli 2009)

Saka Panyimakku

Saka Panyimakku
Dening: Sunardi KS

Koksimpen primpen lempitan-lempitan dina cuwa
Ing dlapukan mripatmu
Dhadhamu njelma tlaga, banyune kang bening
Kanggo ngilo rembulan nalika ora kelingan mega
Aku kala-kala trenyuh kumembeng luh
Dalan-dalan rumpil kerep kita pecaki
Suke-suket rungkut kerep kita wiyaki
Saiki wis njelma thekela loro, banjur arep apa
Wanci surup srengenge meh angslup
Kandhamu kerep temuwa

Ing mripatmu isih kerep daksimak
Segara nylamur ombak
Mega-mega kang pating greyong ing langit wis
Ora nueuhake pangentha-ngentha
Anggit kang lungit
Mung cahya sauntara gebyare tathit

Aku kala-kala kelangan swara
Nyimer jerone tlaga


(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 28 – 11 Juli 2009)

Samadya

Samadya
dening: Marfina rindy Melati

samadya ing samubaring tyas
menehi tuladha ingkang raras
menehi tumindak ingkang respati

smadya    ing harsayaning driya
cikal bakal kacipta manungsa sulistya
mboten dusta mboten sungkawa

samadya ing duhkia urip
aja nganti mangu-mangu
Maha agung sampun paring ubaya
Aja nganti lali lan cilik ati

Samdya ing pagesangan iki

Marga nyirnaake serik lan nala

(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 28 – 11 Juli 2009)

Geguritan, Kidung Tresna kang Wurung

Kidung Tresna kang Wurung
dening: Wiratno

Diajeng
Pasuryanmusing sulistya
Esemu sing ngujiwa... pait madu
Solahmu kang nglamlami ati
Teka...
Mbebeda aku
Nangekake tresnaku
Sing wis suwe turu kepai
Nalika sliramu micara
Agawe sengseme nala
Aku ora bisa suwala
Saka krodhaning asmara
Nanbing kena apa
Bareng aku lara branta
Sliramu lunga tanpa kandha
Milar tanpa kabar
Dak sambangi... ora naggepi
Aku SMS ora mbok rewes
Ngertiya dhiajeng...
Jagad ora mung sak godhong kelor
Semono uga tresnaku marang sliramu
Prasast ora tahu kendhor
Molor kayadene kolor
Nanging...
Apa arep tak rewangi nglalu
Tinimbang aku wuru
Mburu sing ora tamtu
Mujung tresnau...
Jroning nala ana swara
Kanthi sareh lan sumeleh kandha
Donya ora mung sak godhong lumbu
Isih akeh kenya kang ayu


(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 28 – 11 Juli 2009)

Rabu, 02 Juli 2014

Timun Emas

Timun Emas

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah. Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijo ing ngarep omahe. Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan. Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wiji timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane. Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas. Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto. Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngongkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas. Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh. Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau. Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan. Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.

Kancil karo Kethek

Kancil karo Kethek

Ing sawijine dina ing alas, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni panguripan lan lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kancane. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane yaiku Kethek. Ing sawijining dina, ana Kethek lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Kethek sing lagi  mangan rotine. Utek licike metu pingin jukuk roti ing tangane Kethek.
“Thek . . Thek,” undanange Kancil marag Kethek. Kethek marani Kancil, “Ana apa, Cil? Kowe ngundang aku?,” takone Kethek.
"Thek, aku wenehi rotine sithik wae aja akeh-akeh," jaluke Kancil
"Iya.. aku kan apikan, iki separoan karo aku,"
"Suwun ya Nyet... koe pancen apikan, nanging aku wae sing maro," jaluke Kancil.
Kethek aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "iki ... kowe paro sing adil," penjalukane Kethek karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Kethek ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Kethek, bagean sing gede dicekel dhewe.
"Cil... kok gedhe gone kowe?," takon Kethek.
"Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing cekel, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine ing Kethek.
"Urung Cil!! kowe esih gede gonku,"

Kancil njiot roti sing ana ing tangane Kethek, banjur dipangan setitik, kaya ngono seteruse nganti rotine entek dipangan Kancil. Hihihihi pungkasane Kancil mangan rotine kabeh, Kethek nesu karo Kancil wong Kethek sing duweni roti malah ora antuk. Pancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat iku kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dhewek-dhewe.                         

Ringkesan Sentanu

Ringkesan Sentanu

Ana panjenengane ratu Sang Mahabhima arane. Panjenengane nindaake sesaji asmawedha lan satus rajasuya. Asil sesajene panjenengane kondur menyang swarga. Panjenengane ngadhep marang Brahma lan Sang Dewata. Dewi Gangga uga nderek ngadhep. Tumungkul saanane dewata ana ing kono ora pengin weruh. Bhatara Brahma murka weruh panjanengane. Disotake panjenengane supaya dadi manungsa. Dewi Gangga mudhun swarga. Sepisan panjenengane ketemu Astabasu kena sote Bhagawan Wasistha ala wujude ilang kadewatane. Sang Astabasu disotake dados manungsa amarga panjenengane nyolong sapine Resi Wasistha. Dewi Gangga ngendika : “ Sang Mahabhima disotake Bhatara Brahma supaya njelma dados manungsa. Dene cara ngupayaku, saben tumindaku ora olih delarang dening bojoku”. Sang Astabasu mangsuli : “ Setuju yen mengkono, aku bakal njelma marang panjenengan iki sak sedulurku wolu. Dene caramu kelekna manungsaku yen lair mau ing kali Gangga supaya ora suwe aku dadi manungsa”.
Dumadakan aku kepengin marang panjenengan, mulane aku teka saiki. Dewi Gangga banget ngedab-edabi wujudmu. Nanging ora nuwuhake napsuku. Manggone ana ing tengen, mulane kowe bakal dadi mantuku, dheweke anakku besuk. Mangkono ngendikane Maharaja Praptipa. Garwane sing asmane Sang Susanda mbobot. Sang Mahabhima sing disotake dening Bhatara Brahma biyen. Sang Prabu lagi sabar, panjenengane kagungan putra, diparingi asma Sang Santanu, bagus banget. Tekan ing kadiwasane panjenengane diwisuda dadi ratu njaga donya. Kocapa Maharaja Santanu, panjenengane kepengin berburu menyang alas ing pinggiring kali Gangga, ketemu karo Dewi Gangga. Sang Santanu kesengsem mrisani Dewi Gangga, panjenengane ngendika : “ Ibu sing ayu, sapa kancamu?, sapa wong tuwamu?”. Aku tresna banget marang kowe.
Dewi Gangga mangsuli : “ Aku didangu Sri Maharaja, aku Jahnawi panjenenganku. Bapak panjenengan kepengin arep mantu, ngendikane marang aku rikala nindakake tapa ing pinggirku kuwi jalaran aku mudhun mrene aku kawin karo panjenengan. Maharaja Santanu kondur karo Dewi Gangga, diasta mlebu menyang kraton. Sasi lan taun wis klakon sebab saka senenge Maharaja karo Dewi Gangga. Sang Astabasu nitis marang panjenengane, saben panjenengane babaran diuncalake menyang kali. Pitu akehe yaiku : Sang Dhara, Sang Dhurwa, Sang Soma, Sang Apah, Sang Anila, Sang Anala, Sang Pratyangga. Maharaja Sanytanu ngendika marang Sang Gangga : “ Akeh banget anakmu, dibuwang ing kali”. Dewi Gangga semaur : “Ana janjiku biyen karo Maharaja Santanu, ana Sang Astabasu asmane dewa putrane Sang Hyang Dharma”.
Kagungan lembu Sang Nandini jenenge, ayahipun saking Siswara. Sapi kuwi ngetokake kekarepan yen ana wong ngombe susune, ora tuwa yaiku dikarepake Sang Dyoh. Dheweke ngomong marang Sang Prabhata colongen sapine Sang Resi Wasistha kanggo aku, kancaku lan Sang Jiwati. Dheweke arep tak wenehi ngombe susune supaya ora tumeka ing pati. Bhagawan Wasistha ngendika : “ Kowe pitu cacahe ora suwe anggonmu dadi manungsa sebab dudu sing marahi dosa. Dene ing besuk dheweke lair ora melu tak kelekake ing banyu”. Mangkono ature Dewi Gangga terus ilang, kondur ing kali Gangga maneh. Maharaja Santanu prihatin, panjenengane kondur menyang kraton. Telung puluh enem taun lawase ora kagungan garwa mung nidakake ngreksa jagad. Panjenengane beburu menyang alas pinggiring kali Gangga, pangagalihane kuwatir. Ulu ning kali diturut, katon bocah kuwi ngadeg ing tengah kali. Kuwi sebabe kali Gangga ora gedhe iline. Dumadakan bocah kuwi ilang, Maharaja Santanu kamitenggengen ora suwe Dewi Gangga rawuh nuntun putrane. Matur marang Sang Maharaja : “ Bocah kuwi sinau ilmu manah, putra panjenengan klawan aku jenenge Dewabrata. Mngga panjenengane pundhut asta menyang kraton”.
Sawetara taun lawase Sang Dewabrata manggon karo bapake. Dialoh Maharaja Santanu ameng-ameng menyang Yamuna, mireng wartaning wong yen ana ganda wangi kaya ambuning kembang saptapatra. Asale ganda wangi kuwi ditutake Sang Sayojanagandi ditemokake dening panjenengane. Lan manehe ayu banget praupane,panjenengane kepengin. Dheweke didangu dening Maharaja, matur yen prawan Dasabala putrane Sang Dasapati.
Sang Dasapati matur marang panjanengane : “Nyuwun pangapunten Sang Prabu, sanes mas inten kanjeng kula. Dene yen sinuwun ngersakaken kulo,  kasetyan panjenengan minangka panumbasipun. Dene putra dalem Sang Dewabrata boten badhe nggentosi keprabon dalem. Sang Gandawati badhe kulo aturaken dhateng panjenengan”. Maharaja kondur, banget kepengine marang Gandawati. Sang Dewabrata matur : “ Iki tembungku Sang Dasabala, ujar temenan dudu ujar goroh. Anake Sang Gandawati bakal dadi ratu, aku ora bakal dadi ratu”. Sang Dasapati matur : “ Sae menawi makaten, yen estu panjenengane boten badhe dados ratu “. Sang Dasabala : “Rungokna sumpahku, ora mung keprabon sing taktinggalake marang wong wadon uga taktinggalake”. Sang Bisma mulih, nyembah marang bapake ngaturi pirsa tekane Sang Gandawa. Dene Sang Santanu krama karo Sang Gandawati, peputra lanang loro, banget baguse. Sang Citranggada sing tuwa. Adhine jenenge Citrawirya. Nalika pada dewasa, Maharaja Santanu tumekan ing sedane. Sang Citranggada lan Citrawirya didadekake ratu dening Sang Bisma manut dhawuhe Sang Gandawati.