Kembang Pete
Nalika wayah wengi ing omahe Pak
Haji kang lagi ana dhangdhutan,kanggo mengeti supitan anakke.”goyang terus
Rok..!”,”siap bro..!ngasi esuk..”,nalika iku Aku lan Adi kancaku lagi joget
dhangdhut ing kampung liya.
Tanpa tak sengaja nalika joget
tanganku napuk gundule wong liya kang lagi joget uga,”woy! Nek joget matane
dinggo!”,”sory-sory mas ga sengaja”,sanajan aku wis jaluk ngapura dhewekke
sajak ora trima,”Sory-sory..matamu kui!,ngajak ribut piye!”,”ana apa
Rok?”kancaku Adi takon.”iki Di kayakke ana sing perlu diajar”,tanpa mikir suwe
langsung tak jotos raine wonge mau,banjur ta idak-idak karo
Adi”modar..modar!”,jebul wonge mau akeh kancane,”woiiii…!”,”lhoh! Rok ayo mlayu
Rok,kancane pada teka!”,”napa mlayu! Biar tak ajar kabeh sekalian,durung ngerti
sapa Arok..”,Aku lan Adi banjur dikroyok
uwong-uwong mau”praaak! Prook! Praak!”,”ampun..mas!,ampun!”kanthi awak lara
kabeh aku lan Adi mlayu saka kono.
Anjani,Wanita
kang dadi idam-idaman para priya ing kampungku.”Jani arep ning ndi?”,”iki Rok
arep nggoleki bapak ning kelurahan,lhoh kok raimu bonyok bonyok ngapa?”,”ow
biasa,cowok kok”,”bar gelut ya?”,”ora.., sok tau kamu,..ngomonge meh nggolekki
Pak Lurah?”,”ow iya, tak tinggal ya?”,”iya iya ati-ati dijalan”.
“Sing
omong karo kowe mau sapa Rok?”,”sapa ta! Mulane aja micek wae!”,”halah.. Anjani
ta..?,ngimpi kowe bisa dadi pacare!”,”iya Di, aku memang mungkin mung ngimpi
dadi pacare,tapi yen dadi bojone,kenyataan bos!”,”cangkemu kui!,ra mungkin
Anjani gelem karo Banci!”,”lhoh,maksude?”,”iya..emang kowe pernah dolan ning
omahe?durung pernah ta?paling yen wani rono di beleh Bapakke”,”oke!mengko sore
aku bakal dolan ning omahe Anjani”.
Nalika
aku arep ketemu Anjani,aku kepethuk Bapakke lagi lungguh ning teras
omahe,kanthi sikil gemeter aku ngomong”sugeng sonten Pak Lurah..”,”iya ana
apa?”,”Badhe ketemu Anjani saged Pak?”,”ora ono,Anjani lagi wae metu”,”medal
teng pundi nggih pak?”,”kok kakean takon ta!”,banjur Anjani metu saka
omah,”lhoh Rok..ana apa kok rene,nggolekki aku ya?”,”kok malah metu ta
nduk..”,”lha ngapa ta pak,wong Arok bocah apik”,”apik apane!tonton kuwi
kathoke,kathok kok kebak fentilasine,opo meneh rambute,kaya buntut
jaran!”,”berarti rambutku juga buntut jaran!”,”yo.. tapi kan nggonmu di semir
ning salon,lha Arok kuwi,tuku semir rambut kok kilonan”,”yo.. ben ta pak,sing
penting kan atine”.
Aku
lan Anjani banjur ngobrol ning pinggir kali cedhak omahe,”Rok aku ra nyangka
kowe wani dolan ning omahku”,”ya wanilah demi kamu,apa wae ta
lakoni”,”terus..ana apa kowe nggolekki aku?”,”Jani.. kowe wis duwe e’..e’
durung?”,”e’..e’ apa?”,”pacar..?”,”ow..durung,emange ngapa”,”ah
tenane..,berarti ana kesempatan nggo aku now..”,”ya ana lah,jangankan
pacar,dadi istrimu wae aku siap”,”yang bener!...”,”tapi ana sarate, e…minggu
ngarep aku kan dikongkon bapakku ning nikahane om ku,lha kowe gelem ra ngancani
aku?”,”ya gelem lah,emange ning ndi?”,”Jakarta”,”apa!..”.”lha jarene gelem dadi
pacarku..”,”oke aku gelem”.
Ananging
sak temene,anggone Anjani ning Jakarta mau arep ketemu tunangane, kang wis dijodohke
Bapakke,yaiku anake kancane Bapakke kang dadi pengusaha sukses ing Jakarta.
Dina
iki aku karo Anjani budhal menyang Jakarta saka stasiun Balapan solo,nalika
lagi nunggu kereta ing stasiun”Rok aku
tak ning tolilet sedilit ya?”,”iya silahkan,suwe juga ga papa..”,nalika ing
toilet Anjani nyentelke tase ning paku kang temancep ing tembok,bubar saka
toilet dhewekke lali nyangking tase meneh,”uwes Jani?”,”iya uwes Rok,lhoh!
Tasku endi!,ya ampun.. keri ning toilet”,bareng ditiliki tas mau wis ora ana.”waduh
Rok, tase ilang,padahal tiket lan duwit sanguku ning kono kabeh”karo nangis
dhewekke ngomong.”Waduh piye iki,apa mulih dhisik matur karo Bapakmu?”,”aja
Rok,aku ndhak disengeni”,”wah.. piye iki,jujur Jani,aku mung duwe dhuwit satus
lima las ewu,iki wae saka utang karo Adi,emange rega tiket loro pira?”,”satus
wulung puluh lima Rok..”,”ya wis,mumpung keretane durung teka,kowe ning kene
dhisik ya,aku tak golek cara”,Aku banjur menyang toko jam ngarep
stasiun.kepeksa jam siji-sijine sing tak duweni tak dol.”pak kersa numbas jam
kula?”,”endi barange tak tontone dhisik”,”ow niki pak,tasih sae kok”.
Sakwise
di priksa,”tak tuku seket ewu ya mas?”,”kok mung skeet pak.. mbo tulung
diunggahke malih..”,”lha jalukmu pira?”,”setunggal atus ewu ngoten pak?”,”ya ra
payu yen semono,suwidak ewu ya”,”waduh.. mbo ditambah malih pak,ajeng kula ngge
tumbas tiket teng Jakarta”ya wis,pitung puluh ewu ya?”,”tambah sekedhik
malih pak”,”lha gelem apa ra?yen ra
gelem ya uwis,golek toko liyane kono!”,bareng tak etung jebul wis cukup,”nggih
sampun,manut mawon”.
Aku
banjur bali menyang stasiun,”Jani keretane durung liwat ta?”,”durung Rok..”,”ya
wis tukuo tiket dhisik,iki dhuwitte”.sakwise keretane teka aku lan Anjani
banjur numpak,Aku lungguh jejer karo Anjani,”Rok makasih ya wis nokokke
tiket,”iya..,apa sih sing ora yen kanggo kowe..”.
Esukke
Aku lan Anjani wis tekan Stasiun Gambir,”Jani..Jani,tangi Jani,ayo mudhun wis
tekan”.tak sawang dhewekke ketok lemes,aku banjur golek sarapan kanggo
dhewekke,”Jani,ntenono sedilit ya,aja neng ndi ndi,aku tak golek sarapan
dhisik”.merga ngerti yen Aku wis ora duwe dhuwit dhewekke banjur ndhelik
ndhelik ngetutke aku.
Nalika
tekan warung makan,”Pagi buk,maaf ngrepotin,e..lagi bersih-bersih ya
buk?”,”iya,kenapa?”,”saya bantu ya buk,dibayar nasi satu bungkus aja mau kok
Buk..”,”ga usah,ga perlu”,”tolong buk..”,”enggak ya enggak”,”saya pel nanti buk
lantainya,pokoknya sampai bersih..”,”ya udah,cepet!,satu bungkus lho ya..”,”iya
buk”.
Saka
kadohan Anjani nyawang aku,kang lagi ngepel lan resik-resik ing warung.Banjur
wis rampung anggonku resik-resik,”ini nasinya”,”iya,makasih buk”.aku banjur
bali ning Anjani.”Jani.. iki sarapan dhisik”,”e.. lha kowe Rok?”,”ow..Aku wis
ta maem ning kono kok”.
Nalika
lagi maem dhewekke netesake eluh ning pipine.”Napa Jani kok nangis?..”,”e.. ga
papa Rok mung keselek kok…”,”ow tak golekke wedang dhisik ya..”,”ga usah Rok,ga
usah”.Aku banjur bali menyang warung mau meneh,”maaf ganggu lagi buk,boleh
minta air putihnya”,”ya elah elo lagi!”,”tolong buk sekali
ini..aja”,”tunggu,tak bungkusin bentar”.
Aku bali ninggone Jani meneh,”iki
Jani,diombe dhisik,maaf ya mung banyu putih tok”,”rapapa Rok,makasih
ya”.sakwise Anjani sarapan aku lan Anjani,banjur neruske nggoleki alamat omahe
om me.Tak sawang ana mas-mas kang tampange sangar lagi jagongan wong loro,aku
banjur takon.”misi mas,numpang tanya,jalan Kirai Kebayoran Baru,cipete,Jakarta
Selatan arahnya kemana yam as?”,”ow itu,aku ngerti bos,Cuman.. kamu berani
bayar berapa?”,”waduh Aku ga punya uang kok mas”,”ya tau nggak punya uang napa nanya!,di
Jakarta ga ada yang gratis!”,”ya udah mas makasih”.Aku banjur lunga saka
kono,nanging wonge mau nyelukki”woi boss!sini dah”,”ada apa ya mas?”,”kalo ga
punya uang,kayaknya cewek kamu aja boleh tu,ntar ta kasih tau
tempatnya?”,”maksudnya?”,”ah!.. berlagak bego loe,ya kalo cewek kamu mau tak
ajak maen dibelakang bentar,nanti tak kasih tau!”,”maen..!,bajingan
kowe!”banjur ta ajar wong loro mau,ananging malah aku sing diajar ngasi
remuk.”udah mas udah,tolong!tolong! Anjani mbengok Jaluk tulung,preman loro mau
banjur mlayu lunga,”Rok kowe ra papa ta?”,”ga papa Jani,cuma cenat cenut..”.
Wis ngasi bengi anggonku golek
alamat mau,”Jani leren sik ya?awakke mendhing turu dhisik sesuk esuk dilanjutke
meneh”,”iya Rok,terus meng turu ngendi?”,”ning emperan toko ga papa ta?”,”iya
ga papa”.nalika arep turu tak sawang Anjani ngekep wetenge,lan tak rungokke ana
suara saka wetenge.”Jani kowe ngelih ya?”,”ora kok Rok”,”ah rasah
ngapusi,daripada mengko lara weteng,tak golekke dhisik ya?”.Aku banjur menyang
angkringan,”misi pak,kelihatanya gelasnya banyak yang kotor ya Pak,boleh tak
cuci in Pak?”,”ow gak usah mas makasih”,”tolong Pak dibayar nasi kucing satu
aja saya mau Pak?”,”ya udah silahkan mas”.Nalika aku lagi nyuci Bapakke mau
takon.”kamu disini baru yam as?”,”iya Pak aku baru nyampe sini tadi
Pagi”,”aslinya mana mas?”,”aku dari Solo pak”,”lhoh Solo?Solonya mana?”,”
Laweyan Pak”,”Aku yo Asli Solo lho mas”,”Bapak nggih asli solo ta,Solone pundi
Pak!”,”Aku mburi Pasar Legi mas”.
Bareng wis rampung anggonku
nyuci,”iki mas tak wenehi limang bungkus”,”mboten sah pak setunggal
mawon”,”uwes rapapa,terus bubar iki kowe arep ning ndi?”,”ow enggih Pak,punapa
Panjenengan Pirsa alamat menika?”,”jalan Kirai nomer 56 Kebayoran Baru,
Cipete..,iya Aku ngerti mas kowe sesuk esuk numpak Kopaja 79 wae mengko tinggal ngomong mudhun jalan
Kirai”,”enggih Pak maturnuwun,nang kados pundi nggih Pak,kula mboten gadhah
arto ngge ngebis Pak”.”ow,iki nyo ta sangoni ya,nggo ngebis sesuk”.”maturnuwun
sanget nggih Pak”.
Aku banjur bali nusul Anjani,”Jani..
iki aku oleh panganan akeh”,”ya ampun.. kok iso Rok?”,”Jebul sing duwe
angkringan wong Solo,malah aku dikandhani alamate Om mu kui”.
Sak bubare maem Aku lan Anjani
banjur turu kanthi lemekan kerdus bekas,”Jani.. kowe kedinginan ya?..iki
jaketku nggonen”,”ra usah Rok”,”ga papa dinggo wae,Aku wis biasa kok”,”makasih
ya Rok”.
Esukke Aku lan Anjani,banjur numpak
bis menyang omahe Om me Anjani.nalika tekan ngarep omahe Om me,kanthi nangis
Anjani ngomong”Rok..maturnuwun ya wis ngeterke aku tekan kene”,”iya iya ga
papa”,”Rok.. Aku minta maaf ya?”,”e..minta maaf apa?”,”kowe ngerti ra,sejatine
iki omahe sapa”,”lhoh omahe Om mu ta?”,”dudu Rok iki omahe tunanganku,calon
bojoku,Aku wis dijodohke Bapakku Rok,lan nalika tasku ilang ning stasiun
kae,sejatine ora ilang,ananging tas kang ra ono isine kae tak titipke kancaku
kang pancen nunggu toilet ing kono,kowe mung tak manfaatke Rok,merga Wong tuaku
ora duwe dhuwit nggo nyangoni Aku,lan Anggonku dikon menyang Jakarta merga Wong
tuwaku wis ora sanggup ngurippi Aku Rok,Bapakku wis kakean utang dinggo nyalon
Lurah wingi,Aku minta maaf tenan Rok…”, Rasane luwih becik mati tinimbang wong
sing tak tresnani mblenjani janji,Aku banjur wangsulan”tega kowe Jani..ananging
Aku bakal nunggu tresnamu sampai kapanpun itu..”.